KAMIS. 23 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah sedoyo.

2. Limrahipun tiyang, gesang ting dunyo niki. Mboten wonten sing mboten remen kalih dunyo.
Namun mboten sekedek tiyang, ingkang mboten remen kalih dunyo.

Nopo kok ono wong sing ora seneng dunyo?
Nopo kok sing akeh seneng dunyo?

Kados kulo panjenengan, awet lahir, ngantos dumugi ageng, ngantos dumugi sepah.
Dino mben dino, sing digawe pikiran, mung pie supados gadah dunyo ingkang katah tur turah.

Mboten namung turah, nanging turah-turah.
Nopo masalahe?
_____

Kulo setunggal wekdal, kepengen niku-kepengen niki.
Pengen kados rencang sederek ingkang saget tumbas niki saget tumbas niku.

Dados, pengiling ting awakku dewe.
"Senajan dunyo kwi akeh apik'e, nanging yo luwih akeh olone".

Pitenano dewe.

3. Nopo yo, kiro-kiro dunyo sing sitik elek'e tapi akeh apik'e??  Ora ono.

"Kowe nek nyawang dunyo iku ojo mbok sawang apike mergo senajan dunyo ono apike tapi akeh olone"

Ex: Wong ngantenan.
- Senenge wong omah omah nalikane mantu di pacaki di nggoni jas, ning nak mpun bar niku susah sampe mati.

- Umpamane nduwe bojo kok ora seneng, kwi yo susah.

- Nduwe bojo senengee ra karuan, kwi yo susah.

- Nduwe anak, mboten saget ngrumat, mboten saget sabar, niku njih susah.
_______

"Ndunyo kwi enak'e sak klenteng. Nanging susah'e tigo rendeng".

Nak kelingen kados meniko, ning ati rodok kendo. Ora patek nggagas perkoro dunyo sing werno-werno.
(Sedikit berkurang hawa nafsunya untuk menginginkan sesuatu yang bermacam-macam perkara duniawi).

4. Milo kebak penjoro kalih wong, niku perkoro nopo?? Perkoro dunyo.

5. Dawuh sagking Kanjeng Nabi:

Innaddunubii dunuuban.. Dst..

"Enek duso, sing biasane gak kelebur gak kengapuro, kejobo mergo susah pengupo jiwane".

Ex: dodolan mulai isok nganti awan jek utoh.
Wis sore durung kalong.
Wis bengi jek pirang-pirang.
Meh dipangan wis waregeng.
Didol sesuk dadi mambu.

6. Gusti Allah sangking welase nganti digawe ngono kwi.
Pengen kere, tapi ning Suwargo mulyo.
Nopo sugih, sing durung karuan tentu Suwargo??

7. Dawuh Kanjeng Nabi:
"Kangelane wong mukmin, opo wae. Niku saget nglebur duso".

8. Milo kok nak uripe kulo lan panjenengan sedoyo susah ning dunyo, ojo nggersah.

9. Donge (jan'e) kepenak ora kepenak niku, urusan ati.
Nak urusan akhirat iku, sitik rekosone ning gede mulyone.

Kabeh dunyo sing dituju'ake kanggo akhirat kui bertambah barokah.

10. Ya Allah Gusti.
MasyaAllah.

11. Wedus, sapi sing digawe qurban niku jan'e seneng.

Dene, kok ono wedus lan sapi digawe korban kok mlayu.
Iku berati sing kurban ora patek beres.

Batin'e wedus:
"Aku moh aku, aku moh nak sesok ditumpak'i wong kwi. Dusone akeh, sok aku kabotan. Dst". (Hehe)

12. Ya Allah Gusti, mugo-mugo sedoyo jamaah saget do Kurban. (Aamiin)

13. Mugi-mugi, ijek menangi tahun ngajeng,
Saget kurban, mbuh wedus. Sing rombongan korban sapi.

14. Ya Allah. Pancen dunyo iki kudu dikurbanke.
Estu. Kok umpomo rekoso ning dunyo, kwi ora usah dirasake. Meneng wae, nak dirasak'e mengko malah ora iso turu.

Estu. Kok panjenengan urip kepenak, nopo susah teng ndunyo, niku mboten suwe.
____
"Mulo lek njenengan sedoyo iso megat atine seneng ning ndunyo, insyaallah mugo-mugo sehat". (Aamiin)

15. Ya Allah kulo nyuwon.
Gesang berkah istiqomah.
Panjang umur, sergep ngibadah.
Pinarigan husnul khotimah.

اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ
____
"Nik kulo panjenengan sedoyo, setunggal wekdal kok ora ono gawean. Njajal ngamati tiyang sepah (mbah-mbah) ono pok ora sing nganti nduwe dunyo?"

Nafsu niku ora pernah tuo. Elek'e ngoten niku.
Wong nak wis tuo, pengrungune disudo. Peningale yo disudo.

Misal kok tiyang sepah, peningale ora disudo, pengrungu yo ora disudo.
Iku diibaratk'ke Koyo: Motor tuo, tapi Mesin enom.
Digas.. Ngueeeeenggg...
____
Mulo kulo panjenengan sedoyo dikatahi syukure, Mboten enten seng diparingi kalian gusti Allah kejobo damel kesaenan, Gusti Allah niku welas nak karo wong iman.

"Yaallah mugimugi jamaah niki sedoyo paringano mbinjang dados rombongane Kanjeng Nabi". (Aamiin...)

16. Cerita tantang Yi Hasim.
Umur 60th.
Dereng gadah Bojo.
Diomongi Yi Thohir:
"Kwe lek ndang Rabi"
Jek ora mempan, akhire tak omongi.
Pean ndang rabi mbah.
"Njih tak pikir-pikir riyen Gus".

Balek, delalah turu.
Pas turu ngimpi.
Ngimpi mati nembe tekan langit ditakoni Malaikat.

Kwe sopo??
Hasim.
Wis nduwe bojo?
Dereng.
Ora intuk mleebu.

Akhire nglilir, tangi.
Banjur njaluk rabi.
Intuk bojo nom sanget.

Yo ora cocok.
Wong sak mono kok intuk wong sak mono.

Singkat Cerita, tilik nganten pas wis kacek seminggu.
Tratak jek kepasang.

Lha ngantene ndi?
Tratak wis seminggu kok ijek dipasang??

Dikabari, ternyata tratak ijek terpasang mergo dikanggo'ke "sido'ne" Yi Hasim.

17. Bidawaaa..
بِدَوَامِ الْمَعْرِفَةِ أَدِمْ لِقَاءَنَا || بِحَضْرَتِكَ إِلَهَنَا يَا إِلَهَنَا
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

18. Jaman wong sak niki, kepenak kabeh.
Jaman wis duwur. Payunge wis ombo.

Wis ora ono kewajiban hijrah ninggalke tanah air, ninggalke bondo, ninggalke anak, ninggalke bojo. Wei ora ono kewajiban perang koyo jamane Kanjeng Nabi.

Jaman sak niki, niku wong meng kon seneng wae karo Kanjeng Nabi kui wae ijek semoyo.
______
Jaman sak niki, senenge kalih kanjeng Nabi.
Mboten kados koyo poro sahabat jaman riyen.

Milo Abu Bakar nate dawuh:
"Kanjeng Nabi, kulo kok mboten saget dangu-dangu pisah kalih Kanjeng Nabi".

Niku, sangking seneng'e Abu Bakar kalih kanjeng Nabi, nganti ora betah pusah suwe-suwe.

19. Dawuh Kanjeng Nabi:
"Mbe' aku, ben ora susah, Dzikir, Sholawat".

Allahumma sholli ala muhammadin syafiillah.
Wa alihi wa sohbihi abadal abidiina..

Ya Allah Gusti, kulo nyuwun...
Gesang berkah istiqomah..
Panjang umur sergep ngibadaaah..
Pinaringan husnul khotimah.

20. Tiyang sing Kyai, Syekh, Ulama'. Ingkang ngarang ndamel kitab kuwi ora akeh sing nyiarke lan nyrita'ake Kanjeng Nabi niku mboten katah.
_____
Ex: Syeikh Ahmad Bushiri.. Pengarang Burdah.
-Abdurrahman Ad-Diba'i pengarang ktab Dziba'.
-Habib Ali Al Habsy pengarang ktab Aibtudduror.
-Dll.

Niku berkahe ageng, milo nganti diwaos tekan ndi-ndi.

Kitab burdah, sisarehi nganti katah kalih ulama, ngantos selawe. Sak dunyo.

21. Kisah kyai beras entek.
Dungone mbah Maksum

Ya Allah..  Keluhurane kanjeng Nabi.
Mugi keluberan dateng kulo.
Beras'e kulo entek supados saget nguripi santri lan keluarga kulo. Santeine nyawut. 1 ton mbah yai.
Mboten, luwih dangking satu ton.

Esuk'e langsung wonten kiriman beras 10 ton.

22. Poro rawuh jamaah sedoyo...
Katah tiyang seneng ilmu Agomo.
Nanging sekedik sing seneng Kanjeng Nabi.
Estu niku.
Ning Atine mboten wonten Kanjeng Nabi.
"Tau kwe nangis mergo Kanjeng Nabi??"

23. Pas bodo, mangan opor, gule, dll.
Tau kelingan kwe pas miiyen Kanjeng Nabi mangan opo? Tau kelingan kowe pas mbiyek Sayyidah Fatimah mangan opo??
Tau kelingan kwe mbiyek Sayyid Hasan-Husein mangan opo??

24. Mpon mboten sah pengen nopo-nopo.
Atine direm-rem mawon, supados mbesok saget Kumpul kalih kanjeng Nabi.

Ya Allah. Atine dielus-elus dewe.
"Ti.. Ati..  Kwe ora usah umpak-umpak'an, Kanjeng Nabi sing apik sak ndunyo wae ora umpak-umpakan".

Ndungo sing akeh, mugo mbesok iso selamet ketemu kalih kanjeng Nabi.. (Aamiin)

25. Ya Allah, mugo-mugo sing mpun rawuh pikantuk ilmu ingkang manfaat.
Ilmu manfaat niku ilmu sing ndadik'e manut marang Gusti Allah. (Aamiin)
______
Dawuh'e simbah kulo riyen:
"Anuu.. Bocah-bocah do kon ngaaji, Nanging ngaji sing ora ben do pinrer yo. Nanging ngaji sing ben do manut.."

Mugo-mugo anggene kito ngaji sanget ndados'ke kito tho'at dateng Allah Ta'ala.. (Aamiin)

26.
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

27. Aku mung butuh welase Allah.
Aku mung butuh syafa'ate Kanjeng Nabi.
Mpun niku mawon:
Mugo saget selamet ting Dunyo dumugi Akherat.  (Aamiin.).

28. Nganyari lan nyancangi Ati.
Ojo nganti dino wingi, minggu wingi, wulan wingi, taun wingi, podo kalih dino, minggu, wulan lan tahun niki. Monnggo dianyari atine kito sedoyo.
Nyancang Atine kito supados saget seneng kalih Allah.
Nnyancang Ati marang kanjeng Nabi.

29. Mulo mugi-mugi mawon, sing tasih gadah Iman. Saget seneng marang Allah, saget seneng marang Kanjeng Nabi.
______
Aisyah ra (nalikane nabi saw gerah):
"Ora ono Nabi sitok wae kejobo Kanjeng Nabi, sing arep sedo sampun diweroh'i pangginane ning suwargo, lan diparingi pilihan ajeng dowo urip'e ning ndunyo opo selak pengen neng suwargo".

30. Gusti Allaah nak nyawang wong sing seneng karo Kanjeng Nabi niku seneng.
Mulo kandani Atine dewe:

إِنَّ اللَّهَ وَ مَلَئكتَهُ يُصلُّونَ عَلى النَّبىّ‏ِ يَأَيهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صلُّوا عَلَيْهِ وَ سلِّمُوا تَسلِيماً
"Sesungguhnya Allah dan para malaikat-Nya bershalawat kepada Nabi; wahai orang-orang yang beriman, bershalawatlah kamu kepadanya dan ucapkan salam kepadanya".
(Al-Ahzab/33: 56)

31. Wong kelangan 50jt. Tuku sapi, wenteng nak pancen nduwe duwe.

Tapi wong sing gelem mangkat ning Majlis kados ngeten, sing Atine seneng kalih Kanjeng Nabi, kwi ora bakal kelakon karo wong sing pancen seneng kalih Kanjeng Nabi.

32. Ya Allah kulo nyuwun.
Gesang berkah Istiqomah.
Panjang Umur sergep ngibadah.
Pinaringan Husnul khotimah.

Ya Allah.. Ya Rohmaan..
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ
_____
"Ora iso sempurno imane uwong nak AKU (الله), ora disenengi ngluwihi senenge karo awake dewe, wong tuwone, bojone.

33. Ya Allah. Mugi-mugi mawon. Nggih niki diparingano karo Gusti Allah Ora mboten sekedek, wekd sak derenge pejah.
Ati niki kebak anggene seneng kalih kanjeng Nabi.
______
"Milo mugi-mugi diparingi berkah ingkang katah" (Aamiin).

33. Amiin tazda kurijii...
_____
أَمِنْ تَذَكُّرِ جِيْرَانٍ بِذِيْ سَــــلَــمٍ         ۞     مَزَجْتَ دَمْعًا جَرَيْ مِنْ مُقْلَةٍ بِـــدَمِ
Apakah karena mengingat para kekasih di Dzi Salam sana.
Engkau deraikan air mata dengan darah duka.

أَمْ هَبَّتِ الرِّيْحُ مِنْ تِلْقَاءِ كَاظِمَـــةٍ      ۞    وَأَوْمَضَ الْبَرْقُ فِيْ الْضَمَآءِ مِنْ إِضَـمِ
Ataukah karena hembusan angin terarah lurus berjumpa di Kadhimah.
Dan kilatan cahaya gulita malam dari kedalaman jurang idham.

34. Ya Allah moto niki, sampun nangisi kanggo opo wae. Sing durung tau niku, nangisi kanjeng Nabi.

34. Kanjeng Nabi dawuh:
"Kowe kabeh mbesok, sedoyo tiyang bakal kumpul ning Tlogo'ku, do ngombe banyu Tlogo Kautsar, Aku (Kanjeng Nabi) ora do kenal.
Nanging aku iso niteni tiyang niku, mergo tiyang-tiyang niku, mbiyek'e akeh anggene dungoke Aku (sholawat)".

35. Ya Allah...
Dugine sedoyo jamaah wonten mriki mboten enten sing dikangeni, mboten enten sing di pingini, kejawi kanjeng Nabi.Ya Allah mugi paringano berkah. (Aamiin)

Mugi paringano berkah ingkang katah.
Berkah anggene imah-imah.
Tentrem ing manah. (Aamiin)

36. Japane wong ning dunyo.
Nduwe utang, omah nganti dilelang.
Kwi Sepele.
Dibanding tiyang sing kelangan Iman.

37. Milo..
Nak ono sandangan apik sitek ojo nyarah.
Nak ono ndunyo apik sitek ojo nyarah.
Sing penting awake dewe nyarah berkah mawon.
_____
"Nik atine nembe susah, atine dikandani dewe:

Ex: Lagune Koes Ploes.
"Buat apa susah, buat apa susah.
Susah itu tak ada gunanya".
Susah niku mboten enten manfaate malah nggawe Ati loro.

Mbah Hadi:
Ojo susah, susah iku duso.
Susah iku, lak yo mboten nampi kanikmatan'e Allah.

Kanjeng Nabi:

بِسۡمِ ٱللهِ ٱلرَّحۡمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ

للَّهُمَّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَأَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَأَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَأَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ

Artinya:
"Ya Allah, aku berlindung pada-Mu dari rasa sesak dada dan gelisah, dan aku berlindung pada-Mu dari kelemahan dan kemalasan, dan aku berlindung pada-Mu dari sifat pengecut dan kikir, dan aku berlindung pada-Mu dari belenggu hutang dan tekanan manusia"

38. WAllahu A'lam Bisshowaab.
Wassalamu'alaikum.. Wr. Wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.