Kamis, 21 Desember 2017. Mbah Munif Zuhri. (JAMUNA). Girikusumo. Mrangen. Demak.
Kamis, 21 Desember 2017. Mbah Munif Zuhri. (JAMUNA). Girikusumo. Mrangen. Demak . Berikut ringkasan pengajian rutinan setiap Kamis Malam (Malam Jumat) bersama K.H MUNIF ZIHRI. Pada tanggal 21 Desember 2017. ***** 1.) Poro rawuh jamaah sedoyo ingkang minulyo. 2.) Monggo dikatah-katahi anggene tawakal dumateng Allah Swt, supados angsal pitulangane Gusti Allah. 3.) Urip niku di gawe enak mawon. Ojo nganti ilang agomone mergo kelingan dunyone. Ex: Duwit ora melu nyetak tapi melu ngguwak. Kelangan Duwit, sesuk nggolek manih. 4.) katah-katahi angene syukur dumateng Allah Swt. Ex: Wonten tiang njaluk-njaluk, terus kito paringi arto Rp. 1000. Delok'en (wong njaluk-njaluk kuwi, mesti langsung iling Gusti Allah, katah pandungo sing di dungoke dumateng tiang sing nguwehi duwit Rp. 1000 mau). Padahal kito anggene aweh ora nduweni niat shodaqoh babar blas, kito aweh mergo wis mpun males ngrumati duwit receh mau, tinimbangane ngotori motor/mobil banjir di kekke ning wong sing...