Kamis, 21 Desember 2017. Mbah Munif Zuhri. (JAMUNA). Girikusumo. Mrangen. Demak.

Kamis, 21 Desember 2017. Mbah Munif Zuhri. (JAMUNA). Girikusumo. Mrangen. Demak.
Berikut ringkasan pengajian rutinan setiap Kamis Malam (Malam Jumat) bersama K.H MUNIF ZIHRI. Pada tanggal 21 Desember 2017.
*****
1.) Poro rawuh jamaah sedoyo ingkang minulyo.
2.) Monggo dikatah-katahi anggene tawakal dumateng Allah Swt, supados angsal pitulangane Gusti Allah.
3.) Urip niku di gawe enak mawon. Ojo nganti ilang agomone mergo kelingan dunyone.
Ex: Duwit ora melu nyetak tapi melu ngguwak.
Kelangan Duwit, sesuk nggolek manih.
4.) katah-katahi angene syukur dumateng Allah Swt.
Ex: Wonten tiang njaluk-njaluk, terus kito paringi arto Rp. 1000. Delok'en (wong njaluk-njaluk kuwi, mesti langsung iling Gusti Allah, katah pandungo sing di dungoke dumateng tiang sing nguwehi duwit Rp. 1000 mau). Padahal kito anggene aweh ora nduweni niat shodaqoh babar blas, kito aweh mergo wis mpun males ngrumati duwit receh mau, tinimbangane ngotori motor/mobil banjir di kekke ning wong sing njaluk-njaluk mau. Padahal kito njih tasih gadah arto sing katah, tapi terkadang njih kurang katah anggene syukur mareng Allah Swt.
5.) Milo, sholawat niki,  njih puniko solusi ingkang paling solutif ning jaman sak niki.
6.) Sholawat NURIL ANWAR:
Sholawat Nuril Anwar.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نُوْرِ اْلاَنْوَارِ وَسِرِّ اْلاَسْرَارِ وَتِرْيَاقِ اْلاَغْيَارِ وَمِفتَاحِ بَابِ الْيَسَارِ سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدِ نِالْمُخْتَارِ وَالِهِ اْلاَطْهَرِ وَاَصْحَابِهِ اْلاَخْيَارِ عَدَدَ نِعَمِ اللهِ وَاِفضَالِهِ
ALLAHUMMA SHALLI 'ALAA NUURIL ANWAARI WASIRRIL ASRAARI,
WATIRYAAQIL AGHYAARI WAMIFTAAHI BAABIL YASAARI,
SAYYIDINAA WAMAULAANA MUHAMMADINIL MUHTAARI WA AALIHIL ATH HAARI WA ASH HAABIHIL AHYAARI 'ADADA NI'AMILLAAHI WA IFDHAALIH.
Artinya :
“Ya Allah, limpahkanlah rahmat kepada cahaya dari segala cahaya.
Rahasia dari segenap rahasia.
Penawar duka dan kebingungan, pembuka pintu kemudahan, yakni junjungan kami, Nabi Muhammad saw. yang terpilih, keluarganya yang suci, dan para sahabatnya yang mulia sebanyak hitungan nikmat Allah dan karunia-Nya.”
7.) Ning dunyo nikuh sedoyo butuh konco (mesti nggolek'i kancane).
Ex. wonten ketek di krangkeng, misal diculke mesti mlayu ning alas, nggolek'i kancane.
Wonten manuk di krangkeng, misal diculke, mesti mabur nggolek'i kancane.
Sing bebek yo awor bebek.
Sing pitek yo awor pitek.
Lha misal kok ono bebek awor pitek, kwi mesti bebek.e kurang sehat.
Manungso njih sami, mbuh niku manungso sing elek pok apek, mesti podo nggolek'i kancane.
Gusti Allah sampun dawuh.
(Sesuk manungso ning akhirat bakal berbondong-bondong sowan dateng Allah).
8.) Syetan niku lho, nate ngibadah 850 Tahun. Tapi nggadahi salah mboten manut perintahe Allah (kon sujud dateng Nabi Adam As) tapi syetan/Iblis mboten puron, akhire syetan wau di jebloske ning Neroko kalih Allah saklawase.
Kito njih podo ugo, misal mboten manut kalih perintahe Allah, njih bakal di jebloske Allah ning Neroko.
9.) Mboten wonten malih, urip.e ting jaman kanjeng Nabi ngantos jaman sak niki, kejabi do pengen nggondeli Kanjeng Nabi (nyuwun syafa'ate kanjeng Nabi).
10.) Ibadah nopo mawon nak mboten wonten kanjeng nabine ning atine kito sedoyo, ibadah kito niku mboten sah.
Ex: sholat mawon niku njih wonten sholawat kagem kanjeng Nabi (Tahiyat), kok misal sholat mboten waos tahiyat lan sholwat dateng kanjeng Nabi, sholate kito sedoyo ngantos salam niku njih mboten sah.
Ex: Barang sekedik ingkang penting lan mboten saget ditinggal. Njih contone niku kados "uyah" (Garam).
Masakan nopo mawon nak mboten wonten Uyahe niku kados mangan rambanan, hambar, kurang sedep.
Njih niku perumpaan.e sedoyo ibadahe kito misal mboten wonten kanjeng Nabi.ne.
11.) Permasalahan nopo mawon ning dunyo niki solusine njih mung setunggal tok, nopo niku, jawabane njih Kanjeng Nabi.
Monggo kito akeh-akeh'i sholawat, tambah remen'e dateng Kanjeng Nabi.
12.) Kito mboten nate ngertos sok ning aherat bakal dilebetke ning syurgo nopo ning neroko.
Kito mboten nate ngertos sok ning qubur saget njawabi pertanyaane Malaikat Mungkar-Nakir nopo mboten.
Kito njih mboten nate ngertos sok pas nompo raport amal kito pas ning ndunyo ngangge tangan tengen-nopo ngangge tangan kiwo.
Milo, ayok poro rawuh, nderek gandulan marang kanjeng Nabi, supados sok ning akherat angsal syafa'ate kanjeng Nabi.
13.) Kisah Nabi Nuh As.
14.) Monggo kito toto atine kito sedoyo, InsyanAllah saget dadosaken kito dados tiyang ingkang sae wonten ning Dunyo lan Akherat.
15.) Poro rawuh jamaah sedoyo ingkang minulyo.
16.) Nek wong niku, pas sholawat dateng kanjeng Nabi, (ora mung lambene tok sing sholawatan, tapi sholawatan sing nganggo Ati sing temenan). InsyaAllah suwe-suwe punopo mawon sing wonten ning kito sedoyo dados sae, bojone njih dados sae, anak'e njih dados sae, akhlak'e njih dados sae, perbuatan'e njih dados sae, punopo pawon InsyaAllah dados sae.
Ex: Sholwat sing mboten khusyu', mboten Ikhlas, mboten patek tenanan, sing cuma sholawatan wonten ing lambe niku mawon njih saget mberkahi kito sedoyo.
Nopo malih, sholawatan sing tenanan nganggo Ati, wis mpun cuma Allah sing saget ngitung berkahe kagem kito sedoyo.
17.) Kwe nak susah kwi, ojo digawe susah. Wong nak ngroso susah kwi duso. Wong nak ngroso susah kwi wong sing mboten saget nompo kersane Gusti Allah. Milo nak pas susah ayo marek marang Allah, supados susah niki dados bungah. Ngilingi lan ndungake tiyang-tiyang susah, supados dados tiyang-tiyang ingkang bungah.
18.) Cukup kematian ingkang dados pitutur ingkang bener.
LAGU: OJO SIRO SUSAH-SUSAH (BUNGAH-BUNGAH):
Ojo siro banget banget, nggonmu bungah ono dunyo.
Malaikat jurupati, lirak lirik marang siro.
Nggone nglirik malaikat, arep njabut nyowo niro.
Nggone jabut angenteni, dawuhe kang Moho Mulyo.
Sak uwise di dhawuhi, banjur  tandang karo kondho.
Aku iki mung sak dermo, kowe ora keno semoyo.
Luwih loro luwih susah, rasane wong kecemplung neroko.
Klabang qures kolojengking, klabang geni ulo geni.
Rante geni godo geni, cawisane wong kang duroko.
Nggegampang dawuh Pengeran, ojo nggumampang ninggal sembahyang.
Luwih mulyo luwih mukti, rasane wong ing suwargo pitung  puluh loro widodari, kasur babut den sranteni.
Cawisane wong kang bekti x2
Dawuh pengeran kang  moho suci x2
Artinya:
Janganlah kalian terlalu berfoya foya
malaikat pencabut nyawa selalu mengintaimu.
pengintaian malaikat, karena akan mencabut nyawamu.
Dalam mencabut nyawa menunggu perintah Allah yang Maha Mulya.
Lebih sakit dan lebih susah, rasanya orang yang masuk ke neraka.
Kaki seribu yang ganas, kalajengking, kaki seribu dari api.
Rantai dari api, pemukul (gada) dari api, dipersiapkan untuk orang durhaka.
Meremehkan perintah TUHAN, maka itu jangan meremehkan tinggalkan sholat.
Lebih mulia dan lebih terhormat, rasanya orang masuk surga 72 bidadari yang molek.
Tempat tidur yang empuk, permadani yang indah
diperuntukkan bagi orang2 yang berbakti pada TUHAN."
19.) Dungo dinunggo, mugo urip.e angsal keberkahan dateng Allah lan Kanjeng Nabi. Aamiin.
"Wallahu A'lam BisShowaab"
___________
RINGKASAN YANG LAIN, BISA DI AKSES DI SINI:

Komentar

  1. Jangan bisan2 utk merilua pengajian Mbah Munif...buar yg jauh jg bisa ngaji dan ngalap berkah...kalonbs di streaming atau siaran langsung kalo pas pengajian...biar sprt sy yg jauh bs hadir

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.