JAMUNA NOTE'S Oleh: Mbah Munif Zuhri PP. Girikesumo, Mranggen, Demak

JAMUNA NOTE'S
Oleh: Mbah Munif Zuhri
PP. Girikesumo, Mranggen, Demak
__________

1. “Berkah iku ning nggone Khidmah”.

2. “Urip iku kudu nduwe aturan, nak orak gelem diatur ora usah uri”.

3. “Nak pingin Atimu resik, posoho’
“Diati-ati awak’e dewe iki”.

4. "Milo nak kepingin selamet sing ketok moto sak durunge liyane, wong kudu bekti marang wong tuo. Ojo seneng nggawe gelo atine wong tuo,gaweo bungah karo wong tuo. Mergo wong tuo wis pirang-pirang loro ditumpuk dadi siji anggone ngrumati anak, nganti iso lahir ning alam dunyo”.

5. “Masalah Agomo, iku dasare Iman bukan Pemikiran”.

6. “Jaman saiki akeh wong podo memahami/memaknai AL Qur’an ora nganggo Iman,malah nganggo pemikiran Akale dewe-dewe”.

7. “Ndunyo iku sepele, sing abot niku Akherat”.

8. “Ampun spaneng ngurusi Nyamuk (Ndunyo), ngantos kesupen dipun ngajeng wonten macan (Akhirat)”.

9. “Usahake Moro. Ngaji kuwi nak iso usahake moro, ben ono ikatan (Ati) antara guru karo murid, sering anggone awakmu teko tambah kuat anggone ikatan kuwi mau”.

10. “Oyote Syahadat. Wite Iman. Godonge Sholawat. Wohe Dzikir. Kembange Puji-pujian”.

11. “Ora usah nggetuni sopo-sopo. Ora usah nggetuni opo-opo. Getunano nak ning Ati ikiora seneng sholawat marang Kanjeng Nabi”.

12. “Sing Apik mesti ono elek’e, sing elek mesti ono apik’e”.

13. “Ojo mburu Ndunyo tok, Akhirate yo dipikir”.

14. “Gusti Allah ora tau ninggalke awak’e dewe, sing nggadoh sing sering ninggalke iku mung awak’e dewe”.

15. “Sedino nyambut gawe. Wis lereno. Tenangke pikiran ngademke Ati melu ning Giri. Ati adem, In Sya Allah uripmu ayem lan tentrem”.

16. “Sifat Manusia. Orang yang jatuh pada lubang, maka ia akan jatuh pula pada lubang yang sama. Itulah sifat manusia”.

17. “Ndunyo kuwi ora usah dipikir nemen-nemen”.

18. “Mboten sah mikir opo-opo. Ngaji sing Istiqomah ben intuk berkahe ngaji. Atine dimantepke ben saget nderek pikantuk syafaate Kanjeng Nabi”.

19. “Ora ono welase wong sing bener-bener welas kejobo welase Mak. Dungo paling mandi yo dungone Mak. Mulo ojo siro pisan-pisan wani karo Mak”.

20. “Nak ono opo-opo resepe mung siji, Ndungo”.

21. “Ada rahasia berupa Nikmat, dibalik setiap tidak terkabulnya keinginan kita”.

22. “Noto Ati ben uripe mukti, noto roo ben uripe ora ciloko. Noto ilat ben ora kualat, noto polah ben ora salah. Istiqomah ning Giri, nyadong syafaate Kanjeng Nabi”.

23. “Nabi Muhammad diutus ke Dunia, untuk memanusiakan manusia”.

__________
Bersambung...
@ekspedisizaid

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.