Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2018

KAMIS. 13 September 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

Gambar
1. Jo siro banget-banget. ___________________ OJO SIRO BANGET-BANGET Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo MALAIKAT JURU PATI Nglirak-nglirik marang siro. LEH'E NGLIRIK MALAIKAT Arep Njabut Nyowo Niro LEH'E NJABUT ANGENTENI Dawuhe Kang Moho Mulyo. SAKWUSE DIDAWUHI Banjur Tandang Karo Kondo AKU IKI MUNG SAK DERMO Kowe Ora Biso Semoyo. 2. Poro rawuh jamaah sedoyo ingkang minulyo. Sing biasane ndadik'e susah niku nopo? Biasane seng ndadeke susah niku: -Siji: Ora nduwe duwet. -Nomer 2 lek'e ruwet omah omah. -Nomer 3 gawe puyeng karo anak. -Nomer 4 ditukari tonggo sedulur konco. Mongko di dungake mawon (dungo bareng bareng wong akeh ngeneki, sopo ngerti ono seng mustajab) (ndungakne tiyang sing wonge ora ngerti niku mustajab). ____________ Dugo dinungo. Monggo didungoke sareng-sareng: -Sing nduwe utang mugo-mugo saget do saget nyaur utang. (Aamiin). -Addu'a Biddu'a Mustajab. -mugo-mugo sing nembe kebruk'an utang, -Mugo2 sg omah2 sing ora iso tentrem

KAMIS. 6 September 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. يَاحَلِيمْ يَا حَنَّانْ يَا مَالِكُ يَا مُبِينْ || وَلَا نَطْلُبُ شَيْئاً إِلَّا أَنْتَ يَا مُعِينْ اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ رَبَّنَا اسْتَقِمْ ذِكْرَنَا وذِكْرَالْغَافِلِينْ || وَاجْمَعْنَا فِى اْلأَبْرَارِخِيَارِكَ الْفَائِزِيْنْ اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ رَبَّنَا أَحْسِنْ لَنَا ظَاهِرًا وَ بَا طِنًا || مَعَ حُسْنِ الظَّنِّ بِحَضْرَتِكَ يَامَنَّانْ اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ بِدَوَامِ الْمَعْرِفَةِ أَدِمْ لِقَاءَنَا || بِحَضْرَتِكَ إِلَهَنَا يَا إِلَهَنَا اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ ____ Ya Allah jamaah nyuwun. Gesang berkah Istiqomah. Panjang umur sergep ngibadah. Pinaringan khusnul hotimah. اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْم

KAMIS. 30 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah sedoyo. 2. Berkah kwi wujude pie? Kadang-kadang berkah kwi yo kadang sing dikarepke. Ex: nak omah-omah yo pengen'e ayem tentrem. Nak wong dagang yo pengen'e laris. _____ "Berkah kwi maknane mundak-mundak kebagusane". Atine soyo seneng marang Allah . Soyo syukur, soyo Sujud marang Allah Ta'ala. -Nduwe duit sitik kok berkah, -Nduwe duit akeh kok berkah, yo digawe syukur, digawe shodaqoh. Niku njih berkah. -Nyelak'e wektu, saget mriki, sing liyane durung karuan areng rindi, niku njih berkah. 3. Sing penting urip niki, Nduwe Ati sing iso diundoh sok ting Akhirat. ______ Maksude: "Ning dunyo di niati nyambut gawe, Nyambut gawe dening Allah. Mbesok dinone gerek ngunduh pas ting Akhirat". ______ "Njih Gusti, cumi Panjenengan sesembahan kawulo" Qoolui Balaa Syahidnaa.. ____________ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ ۖ قَالُوا۟ بَلَىٰ ۛ شَهِدْنَآ ۛ  Artinya: "Bukankah Aku ini Tuhanmu?" Mereka menjawab: &quo

KAMIS. 16 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah ingkang minulyo. 2. Nyuwun dateng Allah, mugi dalu meniko gadah manah ingkang Istiqomah, manah ingkang tuma'ninah. Supados saget ngraosaken eco.  (Aamiin) 3. Nabiyyullah Nuh AS. Dakwah, mboten ditampi kalih kaum'e, malah di ece. Malah wonten putrone sing mboten nderek kalih Nabi Nuh. Niku lho..  Wonten mawon kersane Gusti Allah Ta'ala. 4. Nabiyyullah Yusuf AS. Mboten disenengi kalih sederek'e. Dibuang ning sumur. Ditemu wong. Didol kanggo budak. Dihukum tahunan, nanging mboten nglampahi salah. Niku njih sampun kersane Allah Ta'ala. 5. Sayyidah Maryam. Niku njih mboten cuma Mar'atus sholihah. Tapi termasuk Nabi ingkang Estri. Cilik ngantos gedene cuma manggon ting Masjid (nak jaman saiki). Agsal kiriman maeman sangking surgo. Dumadak'an meteng tanpo bojo. Lahir putro, njih niku Nabi Isa As. Niku njih sampun kersane Allah Ta'ala. 6. Wong sak niki katah-katah'e. Nak nembe susah nembe iling kalih Pengeran. Tapi

KAMIS. 23 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah sedoyo. 2. Limrahipun tiyang, gesang ting dunyo niki. Mboten wonten sing mboten remen kalih dunyo. Namun mboten sekedek tiyang, ingkang mboten remen kalih dunyo. Nopo kok ono wong sing ora seneng dunyo? Nopo kok sing akeh seneng dunyo? Kados kulo panjenengan, awet lahir, ngantos dumugi ageng, ngantos dumugi sepah. Dino mben dino, sing digawe pikiran, mung pie supados gadah dunyo ingkang katah tur turah. Mboten namung turah, nanging turah-turah. Nopo masalahe? _____ Kulo setunggal wekdal, kepengen niku-kepengen niki. Pengen kados rencang sederek ingkang saget tumbas niki saget tumbas niku. Dados, pengiling ting awakku dewe. "Senajan dunyo kwi akeh apik'e, nanging yo luwih akeh olone". Pitenano dewe. 3. Nopo yo, kiro-kiro dunyo sing sitik elek'e tapi akeh apik'e??  Ora ono. "Kowe nek nyawang dunyo iku ojo mbok sawang apike mergo senajan dunyo ono apike tapi akeh olone" Ex: Wong ngantenan. - Senenge wong omah omah nali