KAMIS. 16 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah ingkang minulyo.

2. Nyuwun dateng Allah, mugi dalu meniko gadah manah ingkang Istiqomah, manah ingkang tuma'ninah. Supados saget ngraosaken eco.  (Aamiin)

3. Nabiyyullah Nuh AS.
Dakwah, mboten ditampi kalih kaum'e, malah di ece.
Malah wonten putrone sing mboten nderek kalih Nabi Nuh.
Niku lho..  Wonten mawon kersane Gusti Allah Ta'ala.

4. Nabiyyullah Yusuf AS.
Mboten disenengi kalih sederek'e.
Dibuang ning sumur.
Ditemu wong.
Didol kanggo budak.
Dihukum tahunan, nanging mboten nglampahi salah.

Niku njih sampun kersane Allah Ta'ala.

5. Sayyidah Maryam.
Niku njih mboten cuma Mar'atus sholihah.
Tapi termasuk Nabi ingkang Estri.
Cilik ngantos gedene cuma manggon ting Masjid (nak jaman saiki).
Agsal kiriman maeman sangking surgo.
Dumadak'an meteng tanpo bojo.
Lahir putro, njih niku Nabi Isa As.

Niku njih sampun kersane Allah Ta'ala.

6. Wong sak niki katah-katah'e.
Nak nembe susah nembe iling kalih Pengeran.
Tapi, nak nembe bungah banjur lali kalih Pengeran.
Wayah sambat susah wae, nembe telung dino, niku sampun bosen kalih Pengeran.

7. Nabiyyullah Ya'qub As.

8. Tiyang ingkang gagah meniko, njih niku tiyang ingkang saget ngalahke rekasane urip kanti sabar.

9. Ya Allah kulo nyuwun,
Gesang berkah istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah,
Pinaringan khusnul Khotimah.

Ya Allah Jama'ah nyuwun,
Dandos'i kito niki.
Lahir Batin Sarono,
Manah Sae kang Suci.
___
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

10. Agomo niku aturan Urip.
Mboten obat, kados nak nembe susah mengkih nembe rajin ngibadah.
Nak nembe loro nembe nggolek obat.
Mengko nak obat'e ora cocok, malah nggolek ganti.
Agomo niku kagem ngatur urip, supados urip niku pantes.

12. Aku seneng Gusti Allah.
Ilmu niku kanggo ukuran,

13. Abu Bakar bin Hasan Assegaf.
Wong nak bodo, ora reti agomo tur ora gelem ngaji.

Ex: wong maduro.
Sugih. Pengen ngibadah mangkat Haji.
Numpak motor mabur.
Diladeni, kalih pramugari.
Tiang maduro bingung diladeni pramugari.
Gumun, aku ki sopo? Kok nganti diladeni.

Takok kalih sisih'e.
Kang, kae sopo??  Kok nglakoni ngladeni kito sedoyo?
Dijawabi. Lho..  Kwi widadari, kanggo wong sing mangkat Kaji. (Hehe)
"Masya Allah, aku mangkat kaji nembe tekan motor mabur, wis dikak'i bocoran'e bidadari songko Surgo"

Tekan jeddah, soyo bingung.
Wonten lampu, kok padange koyok pas awan.

____
Niku, wong nak sangking bodone.
Mugo kita ora ketang sepiro, dados tiyang sing wonten buah'e.

14.
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ
بِدَوَامِ الْمَعْرِفَةِ أَدِمْ لِقَاءَنَا || بِحَضْرَتِكَ إِلَهَنَا يَا إِلَهَنَا

15. Koyo umum'e wong sak iki.
Memperingati kemerdekaan.
Ngadak'e syukuran, syukuran kok dangdutan.
___
Niku, sangking ora ngerti Agomo.

16. Wong kok, ora mikir kancane:
Dikandani, ngomonge malah:
"Doso, dosoku dewe.
Karep, karepku dewe".
___
Iyo, doso, dosomu dewe, sak karep, karepmu dewe.
Tapi, doso kwi nyebab'ke jagad goncang, sing keno ora kowe dewe.

17. Mangsane koyok niku njur kepenak nguno??  Njih Mbooteeen.
____
Umpomo ono maksiat, mbok ojo ajak-ajak liyane.
Nak ditampil'ke ning umum (Tv, Internet, dll), niku lha yo podo ajak-ajak karo liyane.
____
Misal arep maksiat, karepmu lah.
Penting ojo ajak-ajak liyane.

18. Ngene ki ngko nak ono lindu, omah do ambruk. Njur arep pie??

19. Q. S: Al-A'rāf. Ayat: 96

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ

Artinya:
"Dan sekiranya penduduk negeri beriman dan bertakwa, pasti Kami akan melimpahkan kepada mereka berkah dari langit dan bumi, tetapi ternyata mereka mendustakan (ayat-ayat Kami), maka Kami siksa mereka sesuai dengan apa yang telah mereka kerjakan.".
________

Nik diparil, penduduk Negoro. Pendduk deso.
Do wedi kalih Allah, niku Gusti Allah bade maringi berkah sangking langit, lan sangking Bumi.
____
Langit sing ora tau mendung, ora tahu udan. Nganti banjir.
Bumi, sing kudanan. Saget nukul'ke kemanfaatan kagem sedoyo makhluk.
____
Kuncine cuma kalih:
(1) Aamanuu: Iman kalih Allah Ta'ala.
(2) Wat Taqau (Taqwa): Taqwa dateng Allah.
(Iman lan wedi kalih Gusti Allah)
"Allah bakal paring berkah".

20. Mugi-mugi mawon.
Peringatan 17 Agustus niki.
Saget dados pengiling.
Nik niki, kemerdekaan niki, diparingi Allah Ta'ala.
Kalih sepiro anggene kito Syukur dateng Allah.

21. Kulo angsal kabar.
Ditelpon sangking Istana.
Dikon hadir, nderek Upacara 17 Agustus ting Istana.

"Kapan?"  "Mbenjang Jumat".
"Mangkih kamis, dikumpulke rien sareng-sareng kalih liyane".

Tak kon njawab:
"Ora iso, Aku arep (Istiqomah) kumpul karo wong-wong kere sok malem Jumat, mergo wong sing kados niki, sing sok bakale kumpul kanjeng Nabi".

Dawuh'e Nabi:
“Allahumma ahyinii miskiinan, wa amitnii miskiinan, wahsyurnii fii jumratil masaakiin”.

Artinya : "Ya Allah ! Hidupkanlah aku dalam keadaan miskin, dan matikanlah aku dalam keadaan miskin, dan kumpulkanlah aku (pada hari kiamat) dalam rombongan orang-orang miskin."

22. LIR ILIR..
____________
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak senggo temanten
anyar…

Cah angon-cah angon penekno blimbing
kuwi
Lunyu-lunyu yo penekno kanggo mbasuh
dodotiro…

Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing
pinggir
Dondomono jlumatono kanggo sebo
mengko sore…

Mumpung padhang rembulane,
mumpung jembar kalangane
Yo surako… surak iyo…

23. Pak yai nderek sinten?
Aku nderek kanjeng Nabi.

Mboten, maksude pilpres niki milih sinten?
Kwe, mangkato malem Jumat.
Aku arep tetep milih kanjeng Nabi.

Lha mangkih nak do sowan ting mriki.
Yo tak Hormati.

Lha mangkih nak do nyuwun dungo.
Yo tak dungoke, sesuai tinggalane. (Hehe)

Maksud'e pak yai?
Yo nak tinggalane akeh. Dungone rodo tenanan.
Nak tinggalane sitik. Yo cuma Aamiin. (Hahaha)

24. Laa ilaa Ha illaAllah.
____________
لا اله الا الله
لا اله الا الله
لا اله الا الله
محمد رسول الله

25. Kanjeng Nabi nate dawuh, ingkang surahose:
Akeh, pirang-pirang wong mbesok, sing do ngombe ning telagaku (Telaga Kautsar). Sing aku ora tau kenal.
Tapi akeh-akeh'e wong iku, sing do ndungok'e aku.
_____
Milo, monggo diakeh-akeh'i anggene dungo lan sholawat kagem kanjeng Nabi.

Ya Allah, mugi-mugi jamaah Sing ning Giri, sok saget ketitik kalih kanjeng Nabi. (Aamiin)

26. Sholli wasallam Da iman Ala ahmada..
Wal aali wal ashaabi man qod wah ada..
_______
صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

27. Wong saiki.
Akeh wong ngaji. Akeh langgar saben Gang.

Nak apik'o koyo opo, nak barang kwi kecampuran barang olo. Yo kudu dibuang.

Ex: mangan lawuh rempelo, daging. Apik pok ora? Yoo apik.
Nak dikak'i tai sak cendok? Gelem ngemplok??

28. Setan kwi kudu diwaneni.
Ex: Negor wit gede. Ora wani. Alesane setan'e ngko nak ngamuk.

Nak ngamuk yo diwaneni.
Urung opo-opo kok wis kalah karo setan.
Setan kuwi musuhi awak'e dewe, lan dewe kudu menang nglawan setan niku.

29. Dua kunci sukses hodup.
-Aamanuu: Iman kalih Allah.
-Wattaqau (Taqwa): Wedi kalih Allah Ta'ala.

30. Mbah Pekalongan.
Mbak Sya'dun.
Omahe niku genteng'e do melorot.
Ajeng ono tamu.
________
Gentenge do mlorot mbah, kok ora dibenek'e.
Alaah, yo ijek ono sing ora mlorot.

Pager, sangking suwine nganti do ambruk mergo gapuk.
Niku pagere do ambruk Mbah.
Alah, yo misal ono maling arep njupok opo? Yo ora ono opo-opo.
____
Niku, sangking kebak'e atine kalih Gusti Allah.
Nganti ditawari sego mambu, tetep ditompo.
Sangking syukuri kalih Gusti Allah.
Nganti misal nduwe duwit sewu roso sejuta.

31. Mbah Abdurrosyid.
Thoriqoh dari sukarejo.
_________
Angger tahajud kok ono kresek-kresek ning kandang wedus.
Matur kalih bojone.
Mbah kae kresek-kresek ning kandang wedus, wedus'e digowo kalih tiang.

32. Berkah niku maknane Mundak.
Lho, kwe ora gawean manganmu pie?
Yo nak ono di pangan nak ora ono yo ora.
Lho lha kok nguno?
Lha pie manih.

Lha nak kadung ora ono tenanan?
Yo njaluk.

Nak ora ono sing dijaluk'i?
Yo.. Uuutang.

Nak ora ono sing diutangi?
Yo wis..

33. Mbah Ali Masyhur.
Wong nak arep laris dodolane kwi gampang.
Masak sing enak.
Sing ngladeni sing Ayu-ayu.

Nak kulo luwih gampang.
Dodolan ben laris kwi gampang.
Di dol murah.
Mbok'o sing ngedoli elek'o koyo opo tetep payu.

34. Wonten tiyang sowan.
Nyuwun ijazah sholawat Nariyah.
Supados saget laris dagangane.
____
"Sholawat niku mboten sah diijolke kalih dunyo.
Ibadah iku, ojo wae akeh. Sitik wae ojo di ijolke dunuo".

Allah niku njamin.
Wong sing pasrah kali Allah (iman lan taqwane kalih allah sing temenan) Allah njamin urip'e bakal kepenak.

35. Mbah Hadi.
Dimong kalih mak kwalon.

Wayah pengen nyebar Agomo. Ora pengen ngrepoti tiyang.
Nggolek gon, ning alas.
Durung nduwe omah, wis gawe masjid.
Ngantos dadi manfaat kanggo tiang katah ngantos sak niki.

___
Mugi, misal kito dereng saget niru lampahe mbah Hadi. Mugo kito saget nderek manfaat lewat ngaji kados niki.

Mugi, misal kito dereng saget nitu lampahe kanjeng Nabi. Mugo lewat ngaji ting mriki, saget kagem bukti senenge kito sedoyo kalih kanjeng Nabi.  (Aamiin).

36. Jo sirooo... Banget-banget.
____________
OJO SIRO BANGET-BANGET
Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo
MALAIKAT JURU PATI
Nglirak-nglirik marang siro

OLEH'E NGLIRIK MALAIKAT
Arep Njabut Nyowo Niro
OLEH'E NJABUT ANGENTENI
Dawuhe Kang Moho Mulyo

SAKWUSE DIDAWUHI
Banjur Tandang Karo Kondo
AKU IKI MUNG SAK DERMO
Kowe Ora Biso Semoyo.

37. Ning dunyo iki, kepenak ora kepenak'e yo mergo awak'e dewe..
___
Ex:
-Masang kopat ning nduwur lawang.
"Dipangan dewe lha yo luwih enak, misal wis cukup diweh'ke tonggo lha yo luwih manfaat? "

-Topo ning gunung ngawi.
Ben opo??

38. Milo, kito sedoyo atine dipepetke kalih kanjeng Nabi.
________
"Urip kere'o koyo opo.
Urip susah'e koyo opo.
Urip loro'o koyo opo.
Sing penting saget seneng, nderek kalih kanjeng Nabi".

39. Sholli.. Wasallim daa..  Dst.
_________
صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

40. Wis tigak'no urip iki, tigak'no dunyo iki.
Ngantos sesuk ketemu aku ning akhirat.

Asyroqol badru 'alaina..
Fahtafat minhul buduur..
_______

Kok ono wong atine ijek peteng tapi, ngaku wis seneng kalih kanjeng Nabi. Niku atine sing wonten masalah.
Soale kanjeng Nabi niku, sinar'e ngluwihi sinar matahari.
Dadose njih wong nak seneng kalih kanjeng nabi, kudune atine padang kebak sinare kanjeng Nabi.

41. Dungone mbah Maksum:

"Ya Allah..
Keluhurane kanjeng Nabi.
Mugi keluberan dateng kulo.
Beras'e kulo entek supados saget nguripi santri lan keluarga kulo.

Santrine nyawut:
"Sak ton mbah yai".
Mboten, luwih sangking sak ton.

Esuk'e langsung wonten kiriman beras 10 ton.

42. Mbah Bisri rembang:
Sholli wasallim daa iman abada.
صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا
Huwal habiibulladi..
_______________
هُوَ الْحَبِيْبُ الَّذِيْ تُرْجَى شَفَاعَتُهُ     ۞     لِكُلّ هَوْلٍ مِنَ الْأِهْوَالِ مُقْتَحِمِ

Alhamdulillah niku sedoyo paringi langgeng.
"Wis yo, pokok'e kanjeng Nabi.
Ojo pokok'e njoget".

43. Mbah munif nate kesah.
Mbeto motor.
Kampase entek lan coplok.
Bingung.
Gak ono bengkel.
Banyu sing biasane melu maulidan.
Gebyurano gowo banyu maulidan.
Gatuk manih, ora dadi rusak.

Wong nak kepepet insya Allah.
Mugo2 kito aedoyo keparingN berkah.
Liyane do geger, rasah melu geger.
Geger'o ning kene wae, nderek maulidan.

44. Ya Allah...
Mugi-mugi sedoyo jamaah parigi berkah.
Sing imah-imah saget berkah.
Sing nembe gerah saget kwarasan.
Sing nembe peteng atine. Saget padang.
Angsal berkahe kanjeng Nabi.
Berkahe kanjeng Nabi.
Mugi-mugi mbesok saget kempal kalih kanjeng Nabi.
Angsal pungkasan ingkang husnul khotimah.
(Aamiin).

46. WAllahu A'lam Bisshowaab..
WaSsalamu'alaikum. Wr. Wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.