KAMIS. 30 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah sedoyo.

2. Berkah kwi wujude pie?
Kadang-kadang berkah kwi yo kadang sing dikarepke.

Ex: nak omah-omah yo pengen'e ayem tentrem.
Nak wong dagang yo pengen'e laris.
_____
"Berkah kwi maknane mundak-mundak kebagusane".
Atine soyo seneng marang Allah .
Soyo syukur, soyo Sujud marang Allah Ta'ala.

-Nduwe duit sitik kok berkah,
-Nduwe duit akeh kok berkah, yo digawe syukur, digawe shodaqoh. Niku njih berkah.
-Nyelak'e wektu, saget mriki, sing liyane durung karuan areng rindi, niku njih berkah.

3. Sing penting urip niki,
Nduwe Ati sing iso diundoh sok ting Akhirat.
______
Maksude:
"Ning dunyo di niati nyambut gawe,
Nyambut gawe dening Allah.
Mbesok dinone gerek ngunduh pas ting Akhirat".
______
"Njih Gusti, cumi Panjenengan sesembahan kawulo"
Qoolui Balaa Syahidnaa..
____________
أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ ۖ قَالُوا۟ بَلَىٰ ۛ شَهِدْنَآ ۛ 
Artinya:
"Bukankah Aku ini Tuhanmu?" Mereka menjawab: "Betul (Engkau Tuhan kami), kami menjadi saksi".

4. Milo Gusti Allah, sangking welas'e:
Dawuh-dawuh wonten ting kitab suci, supados tiyang-tiyang mboten do kesasar.
Supados gampil anggene nampi, supados gampil anggene ngelakoni, niku sangking Welase Allah Ta'ala.

"Urip sing bener iku sing ndi? Ridlo'ne Allah iku sing ndi?? Dalan tumuju Surgo niku sing ndi?"
Sampun dipun sampai'ake Allah kagem kanjeng Nabi sak Ummate Nabi, lewat Al-Qur'an.

5. Mugi-mugi:
Poro rawuh Jamaah ingkang minulyo.
____
"Wamaa kholaqtul jinna..
Ora nyipta'ake ingsun (Allah), ing Jin lan manungso kejabi kagem nyembah dateng Ingsun (Allah).

6. RUMUS:
(1) "Ngamal ibadah iku karuan dipun tampi Allah, kejabi ngangge Ilmu".

EX:
Nak ono wong ibadah, ning ora nggowo ilmu mongko ibadahe ora dipun tampi kalih Allah Ta'ala.
______
(2) "Kewajiban ning dunyo: Iman dateng Allah.
Iman ingkang sae, syarat rukun'e seneng kalih kanjeng Nabi".

EX:
-Nak ono wong amal tanpa ilmu, amale ora sah.
-Nak ono wong ibadah tanpo ilmu, ibadahe ora sah.
-Nak ono wong iman tanpo seneng kanjeng Nabi, Iman'e ora sah.

7. Pie supados saget seneng kalih Kanjeng Nabi??
______
Ex: Syeikh Ahmad Busheri.
Syeikh Abdurrahman Ad-Diba'i

"Dawuh'e kanjeng Nabi mung cekak mawon, tapi carane terserah."

Ex: Abu Lahab
Angger dino senin, diringanke siksane kalih Allah, mergo Abu Lahab seneng kalih Kanjeng Nabi pas Lahir. (Nabi Lahir pada hari Senin).

8. Nak seneng'e nemen yo Iman'e nemen.
Kanjeng Nabi nate dawuh kalih Sayyidina Hasan.

"Ya Allah kulo remen kalih lare iki, mugi panjenengan remen kalih tiyang niki, lan mugi Panjenengan remen kalih tiyang engkang remen kalih tiyang niki".

8. Sayyidah Fatimah...
Sangking seneng'e Sayyidah Fatimah kalih Kanjeng Nabi.
Sangking seneng'e Kanjeng Nabi kalih Sayyidah Fatimah.

Kanjeng Nabi nate dawuh kalih Sahabat Ali:
"Mbesok, aku dewe sing bakal nglebok'e jasad'e sayyidah Fatimah ning Kubur mbesok pas sedo"

Banjur sayyidah Fatimah sedo, pas Sahabat Ali njunjung jasad'e sayyidah Fayimah, pas arep di don'ke ting liang lahat.
Sahabat Ali, perso astane Kanjeng Nabi sampun siap-siap nampi jasad'e Sayyidah Fatimah.

9. Wong seneng kanjeng Nabi tok, niku sampun cekap.
Tapi, njih tetep kudu tunduk lan tho'at kalih Aturan lan Syari'ate Allah Ta'ala.

10. Dawuh Nabi:
-Senanglah kalian dengan Arab.
-Qur'an berbahasa Arab.
-Bahasa Arab, bahasa Surga.
-Dan Aku berasal dari Arab.

11. Dengan Alasan apapun:
Mulo nak ono wong, seneng karo Arab, seneng karo Budaya Arab, seneng kalih Negoro Arab.

Kwi njih mergo seneng kalih kanjeng Nabi.
Kok misal ora seneng kalih Wong sing Cadaran, Njih mendel mawon mboten sah di paidu.
_______
Tapi ning Arab, ono Abu Jahal.
Guoblok..
Ning kono yo ono Nabi Muhammad, ono Nabi Musa, dst.

12. Kwe seneng kalih NU mergo kulo NU, tapi kulo mboten seneng kalih pengurus NU. (Do Cangkeman).

Mbah Hasyim Asy'ari ndamel NU, mergo didawuh'i Kanjeng Nabi lewat mimpi.

13. Syarat sah'e Iman: Hub Mahabbah 'ala Nabi.
Nak ora seneng Kanjeng Nabi, ora Sah Iman'e.

14. Ya Allah kulo nyuwun.
Gesang Berkah Istiqomah.
Panjang Umur, sergep ngibadah.
Pinaringan Husnul Khotimah.

Aamiin Ya Allah..
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

15. Mugi-mugi mawon. Allahumma Aamiin.

16. Kadang-kadang wong do tasih khawatir:
"Ngko uripku pie, mergo tasih dereng angsal pendamelan.
Mulai tangi turu, nganti meh turu dipikir terus perkoro dunyo".
_____
"Wong dunyo kwi ora iso dadi Surgo"
"Wong bojo kwi ora iso dadi widodari".

17. Ono Bojo diamuk'i bojone.
Kabeh-kabeh salah.
Begini salah, begitu salah.
Mergo diamuk'i bojone.
Akhire minggat ning Alas.
Weruh, wong loro.
Dungo kalih Gusti Allah.
Diparingi panganan tenan kalih Gusti Allah Ta'ala.
Piyambak'e Bingung.
Terus njajal dunyo.
Bar dungo, diparingi panganan trnan kalih Allah. Malah luwih werno-werno tinimbang wong sing loro mau.

Banjur tiyang sing loro Gumun, tangklet kalih tiyang niku.
"Lho kok dungone panjenengan mustajab men, dungone panjenengan nopo?"
"Lho, aku yo Gumun kalih panjenengan owg, panjenengan dungone Nopo?"

Dungone:
"Ya Allah Gusti, mugi Wali sing diamuk'i Bojone, diparingi kamulyan sangking Allah"

Ora dinyono, ternyata tiyang niku jebul Waline Allah sing didungoke kalih tiyang sing loro mau.

18. Cerita dari Bapak'e Mbah Munif.
Cerita tentang Tapih.
Cerita tentang ngising kesuwen.

19. Ya Allah Gusti, kulo nyuwun:
Saget ati niki remen kalih Kanjeng Nabi. (Aamiin)

-Pengen selamet njih japane seneng kalih kanjeng Nabi.
-Pengen suwargo, japane seneng kalih kanjeng Nabi.
-Pengen angsal Ridlone njih japane seneng Kalih Kanjeng Nabi.
-Pengen angsal anak sing apik, njih japane seneng kalih Kanjeng Nabi.

20. Sholli wasallim da..
صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

21. Mugo-mugo berkahe kanjeng Nabi.
Allahumma Aamiin.

22. Agine nglangut.
Aku ki kurange pie?
Aku yahono-yahene ngaji ning Giri, tapi yo diakali wong.
____
Diamok bojone:
"Ngaji ra manfaat, wis ora usah ning Giri".
Lha iyo, wong ngaji malah di salah-salahke.

23. Jo siro banget-banget...
_________
OJO SIRO BANGET-BANGET
Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo
MALAIKAT JURU PATI
Nglirak-nglirik marang siro

OLEH'E NGLIRIK MALAIKAT
Arep Njabut Nyowo Niro
OLEH'E NJABUT ANGENTENI
Dawuhe Kang Moho Mulyo

SAKWUSE DIDAWUHI
Banjur Tandang Karo Kondo
AKU IKI MUNG SAK DERMO
Kowe Ora Biso Semoyo.

24. Intuk susah ning dunyo,

25. Wulan Muharrom.
Sido'ne sayyidina Hasan tanggal 10 Muharram.

26. Milo kulo ngangge Baju ireng, kulo tasih berkabung kalih sayyidina Husein.

27.
بِدَوَامِ الْمَعْرِفَةِ أَدِمْ لِقَاءَنَا || بِحَضْرَتِكَ إِلَهَنَا يَا إِلَهَنَا
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

28. Goblok'e wong goblok:
"Kok ora takon karo wong sing pinter. Malah ngrumongso pinter, akhire kesasar lan nyasar'e wong Akeh".

29. Kanjeng Nabi ketemu Syaitan.
Syaitan: "Wahai Nabi, sinten ingkang penjenegan getingi?"
Dijawab Nabi: "Njih kowe (syaitan)".

30. WAllahu A'lam Bisshowaab.
Wassalamu'alaikum. Wr. Wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.