KAMIS. 13 September 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Jo siro banget-banget.
___________________
OJO SIRO BANGET-BANGET
Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo
MALAIKAT JURU PATI
Nglirak-nglirik marang siro.

LEH'E NGLIRIK MALAIKAT
Arep Njabut Nyowo Niro
LEH'E NJABUT ANGENTENI
Dawuhe Kang Moho Mulyo.

SAKWUSE DIDAWUHI
Banjur Tandang Karo Kondo
AKU IKI MUNG SAK DERMO
Kowe Ora Biso Semoyo.

2. Poro rawuh jamaah sedoyo ingkang minulyo.
Sing biasane ndadik'e susah niku nopo?

Biasane seng ndadeke susah niku:
-Siji: Ora nduwe duwet.
-Nomer 2 lek'e ruwet omah omah.
-Nomer 3 gawe puyeng karo anak.
-Nomer 4 ditukari tonggo sedulur konco.

Mongko di dungake mawon (dungo bareng bareng wong akeh ngeneki, sopo ngerti ono seng mustajab) (ndungakne tiyang sing wonge ora ngerti niku mustajab).
____________

Dugo dinungo.
Monggo didungoke sareng-sareng:
-Sing nduwe utang mugo-mugo saget do saget nyaur utang. (Aamiin).
-Addu'a Biddu'a Mustajab.
-mugo-mugo sing nembe kebruk'an utang,
-Mugo2 sg omah2 sing ora iso tentrem, sering tukaran, saget lek ndang tentrem.
-mugi-mugi putro-putri panjennegan sedoyo, saget putro-putri engkang sae, dados waladun sholih yad'u lah.
(Sabda Nabi: ida matabnu adam.. Dst).

3. Rupek-rupek'e ati, saget ndadik'e rupek'e jagad.
Nak ati nembe peteng, jagad padang, tapi iso ndadik'e rasane jagad dadi ndedet.

4. Nak ati iki padang, senajan jagade peteng, niku yo padang.
Nak ati jembar, nanging jagat sempit, niku rosone yo jembar. Mergo lilo, ridlo kalih kersane Allah Ta'ala.

Ya Allah ngeten niki:
Senajan, neroko sing disawang, tapi hakikat'e surgo sing dirasak'e.

5. Dunia ini memang tidak pernah puas.
Sawah ombo ora cukup.
Duwet sak karung ora cukup.
Omah gede ora cukup.
Ngantik dewe'e mlebu, cukup.

Kematian yang membuat kita cukup dari dunia dan sejenisnya.

6. "Wulangane (kanjeng Nabi) mung pinter pinter ngatur ati".
______________
Ati, organ tubuh sak kepel.
Nak njerone apik, bakal apik apik.
Nak njerone elek, bakal elek kabeh.
Nak atine genah, lakune bakal genah.

7.
"Ya Robbi shollo 'ala sayyidina Muhammad.
Warzuqna Yaa Robbana Yaa Kariim.
Kamaalatthibaa'i sayyidil Mursaliin.
Wa'ala Aalihi Washohbihi Ajma'in."
_______________

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَأَشْغِلِ الظَّالِمِينَ بِالظَّالِمِينَ

وَأَخْرِجْنَا مِنْ بَيْنِهِمْ سَالِمِينَ وَعلَى الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِين

Artinya:
"Ya Allah, berikanlah shalawat kepada pemimpin kami Nabi Muhammad, dan sibukkanlah orang-orang zhalim supaya mendapat kejahatan dari orang zhalim lainnya, selamatkanlah kami dari kejahatan mereka. Dan berilanlah shalawat kepada seluruh keluarga dan para sahabat beliau".

8. Jagad nak wis ngeneki, koyo wong numpak motor tahun 1978. Ono wae perkorone.
Ban'e apik, gas'e rusak.
Gas didandani dadi apik, rem'e rusak.
Rem didandani dadi apik, liyane rusak.

Ora ono bar'e, ono wae perkarane.

9. Sing paling istimewa kwi ngaji ning Giri, sing dungone kyaine ora mandi (Hehe).
Top niku...
Wis reti, tapi tetep do gelem mangkat ngaji.
Niki berkahe kanjeng Nabi.

10. "Ya Robbi shollo 'ala sayyidina Muhammad.
Warzuqna Yaa Robbana Yaa Kariim.
Kamaalatthibaa'i sayyidil Mursaliin.
Wa'ala Aalihi Washohbihi Ajma'in."

11. "Nek umpami pengen golek suargo atine iso kepenak, ngalamate nengndi? Neng kanjeng Nabi, pie carane? Trimo sabar, syukur".
______________
Sabar lan Syukur.
-Di onek-onek'e wong, sabar mawon.
-Sawah'e dikerok, gerek separo njih sabar.
-Pelem diundoh tonggo, njih sabar.
-Dikeplak ndas'e, Alhamdulillah.

12. Sepuluh Dino masak ping papat.
Angger masak, beras sak kepel dicampur wedi setengah kendil.
Angger kesel nitili sego, ditinggal.

13.
اعمل لدنياك كأنك تعيش أبداً واعمل لآخرتك كأنك تموت غداً

Artinya:
"Bekerjalah untuk duniamu seakan-akan engkau hidup selamanya. Beramallah untuk akhiratmu seakan-akan engkau akan mati besok".
________
"Nak awakmu mikir urusan dunyo, mikir'o koyo urip sak lawase".

Ada juga ungkapan lama, yaitu:
"Jangan bersedih, masih ada hari esok"

14. Poro rawuh jamaah sedoyo.
Pinopo jaman semanten, jagad durung ono werno-werno kados jaman sak niki??

Nopo kok akeh wong seneng??
-Durung ono listrik, sandangan ora akeeh koyo saiki. Dsb..
-Mangan nggowo sambel klopo.
-Jaman durung ono seprit, cuma banyu kendi.

15. Wis wong saiki, ora ono sing genah.
Nak wong mbiyen:
"Ajeng tindak pundi mas?"
Sak ini ora ono wong takok-takok'an.

16. Ya Allah kulo nyuwun.
Gesang berkah Istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah.
Pinaringan husnul khotimah.

اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

(Allahumma Aamiin).

17. Wong saiki ki karep'e pie ta?
Omah ono, duwit ono.
Ijek wae ngroso susah.
Nak wis nguno kwi njur kepiye syukure??

18. Kanjeng Nabi niku Syukure gede, sabare yo Gede.
________________
Nabi sholat malam sampai kakinya melepuh.
*Fatimah: "Njenengan niku menungso nomer setunggal tapi kok ngibadah sampe koyok ngoten?".
*Kanjeng Nabi: "Opo aku ora seneng, ngetokake roso syukur marang gusti Allah".

19. Wong Ahli surgo niku Ora ono urip susah.
Monggo dilatih, meskio urip susah tapi ngeroso ora susah. Jembar atine koyo ning suwargo.
______________
"Suargo niku ucapane wes gak ono neh, kejobo Alhamdulillah".

20. Bismillahirrohmaanirrohiim...
Q.S Al-Fiil.
__________
Al-Fil : (1)

أَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِأَصْحَابِ الْفِيلِ

"Tidakkah engkau (Muhammad) perhatikan bagaimana Tuhanmu telah bertindak terhadap pasukan bergajah?
"

Al-Fil : (2)

أَلَمْ يَجْعَلْ كَيْدَهُمْ فِي تَضْلِيلٍ

"Bukankah Dia telah menjadikan tipu daya mereka itu sia-sia?
"

Al-Fil : (3)

وَأَرْسَلَ عَلَيْهِمْ طَيْرًا أَبَابِيلَ

"Dan Dia mengirimkan kepada mereka burung yang berbondong-bondong,".

Al-Fil : (4)

تَرْمِيهِمْ بِحِجَارَةٍ مِنْ سِجِّيلٍ

"yang melempari mereka dengan batu dari tanah liat yang dibakar,".

Al-Fil : (5)

فَجَعَلَهُمْ كَعَصْفٍ مَأْكُولٍ

"sehingga mereka dijadikan-Nya seperti daun-daun yang dimakan (ulat)."

21. Ya Allah...
Mugo-mugo kito angsal berkahe. (Aamiin)

22. Ya Allah Jamaah nyuwun.
Gesang berkah Istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah.
Pinaringan husnul khotimah.

اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

(Allahumma Aamiin).

23. Enten Tiyang Suroboyo.
Piyambak'e niku kebruk'an utang katah.
Ngaji ting mriki.

Jopo:
"Wong utang nduwe pikiran arep nyaur niku sampun sae".
Mugi-mugi kanti niat nyaur utang, saget nyaur utang niku.

Njenengan dungo, nangis ting gusti Allah.
Sarunge digelar, sampean nangisi Gusti Allah.
"Ya Allaj Gusti kulo dos pundi, katah utah dereng saget nyaur".

Wangsul.
Tak pikir bakal beres.

Mriki malih: Pripun??
"Dereng beres mbah yai"

Utangmu piro?
"Rp. 27 Jt"

Yo wis tak dungoke, mugi-mugi katah rizkine.
Sing penting atine sambat kalih Allah, kumantil kalih kanjeng Nabi.
_______________
Njaluk gampang urusane: "Ndungo mben ndalu nangis karo gusti Allah (ora ora nek mboten ora diparingi) sing penting atine sambat karo Gusti Allah, tawasul karo Kanjeng Nabi".

24. Umur di ceh-ceh.
Kudu dipekso.
"Urusan suargo urusan Gusti Allah, niku kudu dipekso, mergo pancen napsu senengane seng mboten enten akhire".
____________
Q.S Yūsuf. Ayat: 53.

وَمَا أُبَرِّئُ نَفْسِي ۚ إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌ بِالسُّوءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّي ۚ إِنَّ رَبِّي غَفُورٌ رَحِيمٌ

Artinya:
"Dan aku tidak (menyatakan) diriku bebas (dari kesalahan), karena sesungguhnya nafsu itu selalu mendorong kepada kejahatan, kecuali (nafsu) yang diberi rahmat oleh Tuhanku. Sesungguhnya Tuhanku Maha Pengampun, Maha Penyayang.\"

25. Mugi-mugi mawon ya Allah.
Jamaah sedoyo mugi dipun tampi kagolong umate Nabi Muhammad Saw.
Ya Allah.. Ya Allah.. Ya Allah.
Jagad sing sampun rupek niki, mugi saget cekap kagem sedoyo jamaah.
Mugi-mugi anggene imah-imah paringano tentrem, ayem, berkah.
Ya Allah, mugi sedoyo jamaah ingkang sampun gadah lare-lare saget dados lare-lare ingkang mberkahi kalih tiyang sepah'e.
Ya Allah... Paringano teteg iman niki, tetep kalih panjenegan Gusti.
Mboten ucul anggene gondelan kalih kanjeng Nabi.Mboten ucul anggene remenblan demen kalih Kanjeng Nabi, kalih Dzurriyah Nabi.
(Allahumma Aamiin).

26. Mugi paringano berkah dunyone berkah akhirate.
Paringano gampil, paringano khusnul hotimah.
Panjang umur, sehat wal afiah.
Rizki katah, saget ziarah mekah Madinah.
(Allahumma Aamiin).

27. WAllahu A'lam Bisshowaab.
Wassalamu'alaikum. Wr. Wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.