KAMIS. 9 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah ingkang minulyo.

Mugi-mugi ingkang nembe Gerah, paringano kwarasan.
Ingkag nembe peteng kemendungan, igkang nembe katah alangan, paringi merdi anggene ngadepi masalah.
Ingkang nembe rupek gesang ting alam meniko, paringano kajembaran. Berkahipun knjeng Nabi Saw.

2. Mbonten wonten rencang, mboten wonten dulur, mboten wonten tiyang sepah.
Ingkang dipun saget kito sambati, kejabi namung dungo.
Dungo, gantine sambat dateng dulur, konco, tonggo, lan sak panunggale.

3. Mboten wonten ingkang luhur, mboten wonteng ingkang Agung. Kejabi Allah.
"Yastaghfiruuna 'an 'ibadati.

Mboten kalimate, mboten suarane.
Dungo, dados saget rumaos ting Ati nak alam sak dunyo niki kagungane Allah Ta'ala.

4. Dungo kok kadang ora mandi-mandi??
Ya Allah Gusti, kulo gejeglong mbuk ditulungi.

Nguno kuwi mbok yo ngaturke luput ndisik, dipikir ndisik sebab'e nopo kok saget gejeglong.?

Ex:
Nak gejeglong njaluk di tangekke nek karna luput yo ngaturke luput ndisik (karo gusti Allah).

Mbuk matur ndisik ingkang genah.

5. Mboten ngemoti peparingi. Allah.
Durung-durung kok saiki njaluk manih, wingi wis njaluk. Winginane wis njaluk.

6. Punopo kok dugone poro wali, poro Nabi kwi do mandi?

Mergo do jarang njaluk, nak nembe butuh temenan nembe njaluk kalih Allah Ta'ala.
___
Nabi, rosul, wali nek ndungo ki mandi mergo nopo? Mergo nak ndungo niku, pas kepepet. (berdoa/meminta tidak setip saat) (manusia biasa meminta setiap saat, terus menerus).
___
Benten kalih kito sedoyo, sing ora penting wae dijaluk kabeh.
Isuk njaluk duwit, awan njakuk duwit, sore njaluk duwit, ameh turu wae kuwi lho ijek njaluk duwit.

7. Wonten tiyang sowan:
Pak yai kulo mbuk didungoke supados gadah putro.
Dereng gadah putro?  Dereng pak yai.
Sampun pinten tahun? Sekawan tahun pak yai.

Sampean sampun mikir, rekasane sok nak nduwe anak?
Repote momong? Biaya sekolah sing larang? Aturane sing angel? Lan sak piturute?  Sampun pak yai.

Ndelalah wonten tiyang malih sing sowan:
Pak yai, mbuk putro kulo didungoke supados gampang aturane.
Kulo pondok'e, kulo dereng tekan omah bocah'e malah sampun klekaran ting omah.

Sing siji durung nduwe anak, sing siji wis nduwe anak tapi angel diatur.
Wis ngene wae, daripada awakmu kangelan ngatur anak, kek'ne wong iki sing durung nduwe anak tapi pengen nduwe anak.

"Njih mboten ngoten pak yai"
____
Lha iyo, wis diparingi kepenak kalih Pengeran kok ijeh ngroso susah.
Menungso nek ruwet pancen digawe dewe.

Ndungo wae sing penting khusnul lhotimah.
Wong khusnul khotimah mesti ono dalane Allohuma Aamiin...

8. Mbah Mansur Popongan. Solo
Wonten tiyang sowan.
___
Sing sowan wadul, nak wonge iku nembe bingung mboten gadah nopo-nopo, meh ngrabik'e anak ra nduwe duwit, dsb.

Wis bar matur, banjur Mbah Mansur dawuh.
"Ekh.. Aku kok ngeleh. Yok golek mangan sik."
Nduwe duwit ra?  Njih Gadah yai.
Yo wis, ki maeman kabeh mau bayar'o.
Bar di bayar, ditakoni.
Ono susuk'e pok ora mau? Njih Gadah Yai.
Yo wia, simpenen susuk'e kwi mau.

Wis bar, mangan balik ting ndalem'e Mbah Mansur. Banjur tamune dikon turu.
Jam 24.00 digugah.
Jak wudlu. Dijak sholat hajat.
Nganti 80 rokaat.
(Sholat hajat 40 salaman / 80 rokaat).

Dungo. Yok dungo.
Saiki aku dungo. Awakmu sing ngamini ya.

Nganti meh shubuh.
Saiki awakmu balik.
Kwi duwit turahan. Kudu nganti iso digawe zakat 1 kwintal.
Ndelalah saget zakat 1 kwintal tenan.
Akhire ndungo manih.
Ya Allah Gusti mugi kulo tahun ngarep saget zakat 1 ton.
Ndelalah saget tenan.
Ndungo malih.
Ya Allah mugi tahun ngarep saget zakat 10 ton.

Nduwete ora entek-entek.
Anak wis dijatahh sekabehane. Duwite tetep ora entek-entek.

Akhire mergo duwite ora entek-entek pengen dolan.
Akhire dolan kalih bojone mlencer numpak motor mabur, tekan semarang. Duwite ijek durung entek mangkat manih ning jakarta. Duwote durung entek mangkat manij ning suroboyo. Akhire sak indonesia keturutan dikunjungi numpak pesawat.

Niku piwulangane mbah Mansur.
Mulo nak ora nduwe nduwet kwi ojo njaluk ben nduwe duwit, rejeki sing akeh, tapi njaluk ben iso saget shodaqoh sing akeh.

9. Wonten malih.
Mbah yai, bojo kulo kok mboten puron dijak wangsul.
____
Nek meh golek bojo (dianjurkan) sholat istikharoh.

10. Ning dunyo, urip sak sak'e, sing digadang sok ning akherat saget urip mulyo.
Mbuh karek piro umure dewe mulo diwiwiti urep seng sae.

Ibarate: Meskio ning dunyo urip sak kandang awor (kewan) kebo, celeng dibetah-betah'ke, ora kaiki. Urip susah sedilok ning alam dunyo yo dibetah-betah'ke.

Sing penting sok ning akhirat kumpul Aanjeng Nabi Allohuma Aamiin..

11. Susah kabeh, bingung kabeh.
Sopo sing ora bingung? Sopo sing ora susah urip ning dunyo?

Iki wayah calonan presiden.
Do bingung milih wakil presiden.
Ono 10 usulan nama ulama' sing usulan'e "M".
"M" kwi tak kiro yo aku "Munif". (Heheh).
____
Kita harus memilih pemimpin yg baik.

12. Ibdah sing abot kadang dilakoni, tapi ibadah sing enteng-enteng ora do gelem nglakoni.

Poso senin-kamis, poso dalail.
Tapi blas rak gelem nilik'i nglegak'e wong tuo.
Padahal nak wong tuo kwi lego, Allah yo lego.
Wong tuo nak ridlo, gusti Allah yo ridlo.
_____
Nabi muhammad saw bersabda

:وَعَنْ عَبْدِ اَللَّهِ بْنِ عُمَرَ -رَضِيَ اَللَّهُ عَنْهُمَا-, عَنْ اَلنَّبِيِّ صلى الله عليه وسلم قَالَ: ( رِضَا اَللَّهِ فِي رِضَا اَلْوَالِدَيْنِ, وَسَخَطُ اَللَّهِ فِي سَخَطِ اَلْوَالِدَيْنِ ) أَخْرَجَهُ اَلتِّرْمِذِيُّ, وَصَحَّحَهُ اِبْنُ حِبَّانَ وَالْحَاكِمُ

“Dari Abdullah Ibnu Amar al-’Ash Radliyallaahu ‘anhu bahwa Nabi Shallallaahu ‘alaihi wa Sallam bersabda:


“Keridloan Allah tergantung kepada keridloan orang tua dan kemurkaan Allah tergantung kepada kemurkaan orang tua.” Riwayat Tirmidzi. Hadits shahih menurut Ibnu Hibban dan Hakim.”
__________
Wong kadang kalane lali karo agomo, mulo mugimugi mawon kulo panjenengan pikantuk Berkahe Kanjeng Nabi. (Aamiin).

13. Wonten tiyang isuk-isuk mriki.
_____
Assalamu'alaikum Gus..
Niki Gus, wong tuo kulo sampun (sepah) tuwik.
Lha iyo, sampean wae wis tuo opo manih wong tuomu?

Maksude ngeten Gus.
Wong tuo kulo sampun loro dangu.
Lho, wong tuomu ora loro wae kuwi yo wis loro (ringkeh, kesusahan).

Maksude njih, nak sampun wayahe supados ben digampangke Gus.
Lho,. Jan-jan'e arep nggolek gampange wong tuomu, opo gampangmu dewe?
Padune awakmu pengen bebas, wegah susah, nggolek gampangmu dewe to?

Njih mboten Gus, kulo njih mesak'ke.
Lho, Allah kwi luwih mesak'e ning wong tuomu, dari pada awakmu.

Njih mboten ngoten Gus, menawane wong tuo kulo gadah cekelan.
Lho, Rumangsamu Malaikat wedi karo jimat nguno?

Njih kulo nyuwun pandungone Gus.
"Ya Allah Gusti.. (Ilaa Akhirihi).
____
Ya Allah mugi wong tuo kulo paringi panjang umur, niku cekelan kulo, masio mboten sampurno

Terus balik.
Pirang dino mrene manih.
Pie??
Alhamdulillah Gus, wong tuo kulo sampun pejah.

14. Nak pengen anak'mu bekti karo awakmu, bekti'o marang wong tuo.
_____
Nek kue kepengen anak-anakmu bekti, yo kue bektio karo bojomu (kanggo wong wadon).
Nek (wong lanang) pengen anak bojomu bekti, bektio karo wong tuomu.

15. Ya Allah kulo nyuwun.
Mugio saget gadah griyo sing Ageng. Riyen ting dunyo mboten gadah omah.
____
Pancen ndunyo niku mboten enten urip instan, sedanten butuh proses. Nek pengen uripe instan niku gambaran urip ning suwargo.

16. Ya Allah kulo nyuwun,
Gesang berkah istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah,
Pinaringan khusnul Khotimah.

Ya Allah Jama'ah nyuwun,
Dandos'i kito niki.
Lahir Batin Sarono,
Manah Sae kang Suci.

اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

17. CERITA UWAIS AL QORNI.
Uwais gadah ibu sampun Gerah.
Uwais ajeng tindak. Ajeng sowan kanjeng Nabi.
Kanjeng Nabi. Mboten ting griyo mergo tasih Perang.

Uwais bali, mergo nyamar nak wonten punopo-punopo kalih ibune.
Mboten adoh Uwais bali, kanjeng Nabi sampun kundor sangking tindak.

Kankeng Nabi terus dawuh.
"Panggonan lungguh iki, sesuk wonge bakal sing mlebu ning surgo"

Lajeng pesen kalih Umar.
Mar menawane umurmu panjang, terus ono rombongan sangkong Qorn.
Golek'ano sing jenenge Uwais, ciri-cirine wonge pwernah loro bwlang, terus mari.

Lajeng ndelalah ono rombongan.
Diparani Sahabat Umar.
Ditakoni:
Rombongan sangking pundi?
Qorn.
Ono sing jenenge Uwais?
Wonten.
Mrene, iki aku nggowo kabar bungah.
Kabar opo sing luwih bungah, kejabi kabar sangking pengeran.
Awakmu intuk salam sangking kanjeng Nabi, mergo bektimu marang kalih ibumu.

18. Uwais Al qorni bertemu dengan Nabi Khidir.

19. Katah-katahe tiyang, wong mboten saget meneng.
Nembe saget meneng nak wis digowo ning kuburan (Mati).
____
Ntekke atine kanggo seneng karo kanjeng nabi, slamet uripe Allohuma Aamiin..
 لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ
 لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ
 لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ
 لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ

20. Sing penting awak'e dewe meneng, teteg jejeg Atine.
(istiqomah) damel nggolek sangu ning Akhirat.
_____
Milo poro rawuh saiki mikir awake dewe sok kuburane padang opo ora uripe sok neng suargo penak opo ora iso kumpul karo kanjen nabi opo ora.

21. Bidawaaa...
بِدَوَامِ الْمَعْرِفَةِ أَدِمْ لِقَاءَنَا || بِحَضْرَتِكَ إِلَهَنَا يَا إِلَهَنَا
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْنْ

22. Dunyo. Ilange ora usah digetuni.
Tekone, ura usah dibungah.
Dunyo manfaat, nak pancen digawe ngibadah dateng Allah.

23. Semanten atur kulo.
Katah lepat, katah salah anggene matur.
Mugi saget kepanghih malih jumat ngajeng. (Aamiin).

24. Wassalamu'alaikum..  Wr. Wb
_______

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.