Kamis, 18 Januari 2018. Mbah Munif Zuhri. Girikusumo. Mranggen. Demak.

    Rangkuman Pengajian Rutin Jama'ah Muji Nabi (JAMUNA), yang diampu oleh beliau K.H Munif Zuhri.
Berikut rangkuman singkatnya:

1. SHOLAWAT BADAR.

صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ * عَـلَى طـهَ رَسُـوْلِ اللهِ
صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ * عَـلَى يـس حَبِيْـبِ اللهِ

تَوَ سَـلْنَا بِـبِـسْـمِ اللّهِ * وَبِالْـهَادِى رَسُـوْلِ اللهِ
وَ كُــلِّ مُجَـا هِـدِ لِلّهِ * بِاَهْـلِ الْبَـدْ رِ يـَا اَللهُ

اِلهِـى سَـلِّـمِ اْلا ُمـَّة * مِـنَ اْلافـَاتِ وَالنِّـقْـمَةَ
وَمِنْ هَـمٍ وَمِنْ غُـمَّـةٍ * بِاَ هْـلِ الْبَـدْ رِ يـَا اَللهُ

Artinya:
-Rahmat dan keselamatan Allah,
Semoga tetap untuk Nabi Thaaha utusan Allah.

-Rahmat dan keselamatan Allah,
Semoga tetap untuk Nabi Yasin kekasih Allah.

-Kami berwasilah dengan berkah "Basmalah",
Dan dengan Nabi yang menuniukkan lagi utusan Allah.

-Dan seluruh orang yang beriuang karena Allah,
Sebab berkahnya sahabat ahli badar ya Allah.

-Ya Allah, semoga Engkau menyelamatkan ummat, Dari bencana dan siksa.

-Dan dari susah dan kesempitan,
Sebab berkahnya sahabat ahli bariar ya Allah.

2. Sampun katah, sampun dangu, anggone kito nggolek'i dunyo, mikirke dunyo, nganti lali anggone kito mikirke dateng Pengeran, opo yo arep sok nak wis mati nembe iling marang Allah Ta'ala?

3. Q.S AR-RUM. AYAT: 21
Litaskunu ilaika: Tujuane niku, njih supoyo tentrem atimu.

وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً إِنَّ فِي ذَلِكَ لآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ

Artinya:
"Dan di antara tanda-tanda kekuasaan-Nya ialah Dia menciptakan untukmu istri-istri dari jenismu sendiri, supaya kamu cenderung dan merasa tenteram kepadanya, dan dijadikan-Nya di antaramu rasa kasih dan sayang. Sesungguhnya pada yang demikian itu benar-benar terdapat tanda-tanda bagi kaum yang berpikir". [ QS. Ar Rum 30:21].
____
     Gusti Allah niku, maringi bojo dateng kito sedoyo supados atine kito sedoyo tentrem. Tapi, nak ningali jaman sak niki iso di itung, wong piro wae sing bener-bener tentrem mergo bojone.

4. "Ya Allah kulo nyuwun, gesang berkah istiqomah.
Panjang umur sergep nginadah. Pinaringan khusnul khotimah."
(Aamiin.)

5. Gusti Allah maringi susah, nak pancen kito sedoyo saget nrimo, niku njih saget ndadoske mlebune kito sedoyo ting surgo. (Aamiin)

6. Wong urip nembe iso lego niku, nak pancen mbesok iso manggon ning surgo.

Ex: misal wis ora kepenak uripe. Monggo sak ora-orane tetep iling lan gelem ngaji.

Contoh:
-Bar magrib toto-toto.
-klambi di kancenke.
-Katok di julukke
-Budal mangkat ngaji
-Mugo intok syafa'ate kanjeng Nabi.
-Ojo mikiri ndisik susahe
-Ojo mikiri ndisik lorone
-Ojo mikiri ndisik utang-utange
-Malam jumat mangkat ngaji,
-Mugo mbesuk digampangke sesodoyo urusane kalih Allah Ta'ala.

7. Q.S AL-MAUN.
بِسْمِ اللَّـهِ الرَّحْمَـٰنِ الرَّحِيمِ

أَرَأَيْتَ الَّذِي يُكَذِّبُ بِالدِّينِ ﴿١﴾ فَذَٰلِكَ الَّذِي يَدُعُّ الْيَتِيمَ ﴿٢﴾ وَلَا يَحُضُّ عَلَىٰ طَعَامِ الْمِسْكِينِ ﴿٣﴾ فَوَيْلٌ لِّلْمُصَلِّينَ ﴿٤﴾ الَّذِينَ هُمْ عَن صَلَاتِهِمْ سَاهُونَ ﴿٥﴾ الَّذِينَ هُمْ يُرَاءُونَ ﴿٦﴾ وَيَمْنَعُونَ الْمَاعُونَ ﴿٧

Artinya:
(1). Tahukah kamu (orang) yang mendustakan agama?
(2). Itulah orang yang menghardik anak yatim.
(3). Dan tidak menganjurkan memberi makan orang miskin.
(4). Maka kecelakaanlah bagi orang-orang yang shalat.
(5). (Yaitu) orang-orang yang lalai dari shalatnya.
(6). Orang-orang yang berbuat riya'.
(7). Dan enggan (menolong dengan) barang berguna.
______
     Kadang, bejo banget dados tiyang ingkang mboten gadah, punopo alesane. Alesane njih terhindar sangking sifat pamer, wong ora nduwe opo sing arep dipamerke? Wong yo mangkat ngaji, direwangi ngepit, ngontel. Punopo sing arep dipamerke?

                      _____
     "Poro rawuh jama'ah sedoyo"
                      _____

8. KPI (Komisi Penyiaran Indonesia)

(Ex: SINETRON)

     Kwi ora kejadian temenan, tapi nak cah cilik sing nonton kwi dianggep kejadian sing temenan. Tontonan sing jane di tonton.
Nak di tonton cah cilik, kwi iso dadi tuntunan.
Opo sing ono ning tv-tv mbuh apek mbuk elek, do ditiru.

     Mulo, kudu wonten sing ilik-ilik, sak durunge Gusti Allah sing ngilik'ke lewat gunung jeblok, banjir, lan liya-liyane. Mari kita tuntun anak-anak kita saat menonton tv. Agar tontonan tetap menjadi tontonan.
Dan tuntunan menjadi tuntunan bukan menjadi tontonan.

9. Nak seneng karo Gusti Allah, kudu seneng opo wae sing disenengi Gusti Allah.

Ex: Nak seneng njih mboten cuma seneng, tetep kudu ono saksine.

10. Nak seneng marang kanjeng Nabi, yo kudu seneng opo wae sing disenengi kanjeng Nabi.

Ex: podo ugo, opo wae sing ora disenengi kanjeng Nabi, kito njih kudu saget mboten nyenengi opo sing mboten disenengi kanjeng Nabi.

11. KISAH ORANG DARI ORANG GILA

Contoh:

     Wonten Wong edan, ning pingger ndalan, ning trotoar, ning ngisor jembatan. Cuma meneng mawon.

     Wonten tiyang numbaske sego ning wong edan, ono segone, ono tahune, ono lawuh'e, ono tempene, ono dudoh'e.

     Banjur, ono kucing lewat, mangan segone wong edan.

     Aneh.e wong edan.e cuma meneng tok, mboten nggusah, mboten nyegah kucing sing mangan segone wong edan wau.

     Lho, niku lho. Wong edan sing mboten gadah nopo-nopo iso welas.e koyo nguno, relo nak segone di pangan kucing.

     Milo, kito sing waras ojo nganti kalah karo wong edan. Kito sing gadah punopo-punopo kudu iso sing luwih welas kalian sesama. Punopo mawon sing saget kito bagi njih dibagike kalih liyane.

     Mulo, sok wong edan kwi bakal mlebu surgo, mergo sak umure urip, wong kwi edan selawase nagnti mati.

12. TEMBANG DARI MBAH MUNIF

Tumpak'ane kereto jowo.
Di iring wong sak ndeso.
Di kubur ngenteni kapan mlebu suargane.

اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

"Aamiin Ya Allah, duh Gusti kang melasi,
Aamiin Ya Allah, Yang Maha Menyayangi. ||
Njenengan Maha Lumo, Aris, lan Mitulungi,
Engkau Pemurah Penolong bagi Kami."

13. Iki Umpomo.  Ojo kandakke sopo-sopo yo.
"Sampean niku, umpomo. Sedino iki.
-Umah tinggalno.
-Bojo pegaten.
Wis mantep melu kanjeng Nabi, sedino full ning Giri. Niku pripun??"
______
"Ditakoni lho, Lha kok meneng wae nopo??"

14. Gusti Allah ndamel dunyo niki, niku kanggo suargone sedoyo mawon tiyang-tiyang ingkang mboten iman.
Lan Dunyo didamel niku, dados cubo kagem tiyang-tiyang ingkang Iman.
______
"Sampeyan percoyo nopo mboten kalih niku?"

15. Ini merupakan kalimat yang di lantunkan oleh mbah Munif dalam bentuk tembang/lagu.

"Sholate, sholat-sholatan.
Posone, poso-posonan.
Zakate, Zakat-zakatan.
Hajine, Haji-hajinan."
_____
     Nak mpun kados ngoten, kito ajeng pie mbesok pas ngadep dateng Pengeran??

     Milo, ayo kito nderek kanjeng Nabi, katah-katahi sholawatane, supados kito mbesok angsal syafa'ate kanjeng Nabi.

16. Urip ning dunyo, mergo memang butuh dunyo (harta,duwit,dsb).

     Tapi, diniati dunyo ini kanggo ngamal lan siap-siap kagem sangu mbesok ning Akherat.
Diimbangi, shodaqoh lan amal-amal sholeh. Supados dunyo (harta, duwit,dsb) kito dados berkah.

17. "Ya Allah Gusti, jamaah nyuwun.
Mbesok saget mlebet suargo, kumpul kalih kanjeng Nabi." (Aamiin).

18. Jaman mbiyek, niku nak bar Magrib, bocah-bocah cilik, do madep ning kiai, ning langgar. Moco turutan.

Contoh:
Alif fatkah A, Alif Kasroh I, Alif dlomah U, (A,I,U).
_____
     Cah jaman sak niki njih tasih wonten, tapi mboten sak akeh jaman riyen. Malah do sampun dolan sak karepe dewe

19. MASALAH JODOH

     Nak sampeyan sedoyo pengen nggolek, pengen nuruti wong sing podo cocok'e, mesti bakal ora ono sing cocok.

     "Tak kandani, wong tuo-tuo kae, wong mbiyek-mbiyek kae, nikah yo ora ono sing cocok, tapi delok'en yo do tetep dadi, do awet nganti sak niki."

     Ibarat.e nak kito (menungso) diibaratke kados barang:

-Misal kain yo ono suwek'e.
-Misal ciduk yo ono grimpil'e.
-Misal gelas yo ono retak'e.
_____
     "Wis ta, penting ono sing podo gelem nerimane. Podo nglengkapi kekurangane masing-masing"

20. LAGU:  Ojo siro banget-banget...

Ojo siro banget banget,
nggonmu susah ono dunyo.
Malaikat jurupati, lirak lirik marang siro.
Nggone nglirik malaikat, arep njabut nyowo niro.
Nggone jabut angenteni, dawuhe kang Moho Mulyo.
Sak uwise di dhawuhi, banjur  tandang karo kondho.
Aku iki mung sak dermo, kowe ora keno semoyo.

21. Mangan sak-sak'e.

     Misal urip ora iso penak koyo kancane.
Penting ati ini, gumantil marang Allah Ta'ala.

     Misal wis ono kerjaan, mbuh kwi sing cuma kerjaan sing sak-sak'e, yo monggo diselingi sobo ning langgar barang, ning masjid barang. Sing langgar lan masjid saiki sing wis do apik-apik, wis enak, wis nyman. Disambut malaikat, ditunggoni malaikat. Balik ko langgar lan masjid ditutui Malaikat.

22. Q.S FUSSHILAT, AYAT: 30

إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُوا۟ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسْتَقَٰمُوا۟ تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ ٱلْمَلَٰٓئِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا۟ وَلَا تَحْزَنُوا۟ وَأَبْشِرُوا۟ بِٱلْجَنَّةِ ٱلَّتِى كُنتُمْ تُوعَدُونَ.

Artinya:
     "Sesungguhnya orang-orang yang mengatakan:
     (Tuhan kami ialah Allah) kemudian mereka meneguhkan pendirian mereka, maka malaikat akan turun kepada mereka (dengan mengatakan):
     (Janganlah kamu merasa takut dan janganlah kamu merasa sedih; dan bergembiralah kamu dengan (memperoleh) surga yang telah dijanjikan Allah kepadamu)."

23. Wong sing mulyo niku, njih wong-wong sing wedi kalih Gusti Allah.
Sing podo manut kalih kanjeng Nabi.

     Mpun ta, mboten bakal wonten sing ngalahi mulyone tiyang-tiyang, ingkang tiyang niku sing wedi Gusti Allah lan manut marang kanjeng Nabi.

                        _____
     "Poro jamaah ingkang minulyo."
                        _____

24. Sya'ir "Ilahilas" dari Abu Nawas

اِلَهِيْ لَسْتُ لِلْفِرْدَوْسِ أَهْلاً <> وَلاَ أَقْوَى عَلَى نَّارِ الْجَحِيْمِ
فَهَبْ لِيْ تَوْبَةً وَاغْفِرْ ذُنُوْبِيْ <> فَإِنَّكَ غَافِرُ الذَّنْبِ الْعَظِيْمِ
ذُنُوْبِيْ مِثْلُ عَدَدِ الرِّمَالِ <> فَهَبْ لِيْ تَوْبَةً يَاذَا الْجَلاَلِ
وَعُمْرِيْ نَاقِصٌ فِي كُلِّ يَوْمٍ <> وَذَنْبِيْ زَائِدٌ كَيْفَ احْتِمَالِيْ
اِلَهِيْ عَبْدُكَ الْعَاصِيْ أَتَاكَ <> مُقِرًّا بِالذُّنُوْبِ وَقَدْ دَعَاكَ
وَإِنْ تَغْفِرْ فَأَنْتَ لِذَاكَ أَهْلٌ <> وَإِنْ تَطْرُدْ فَمَنْ نَرْجُوْ سِوَاكَ

25. TEMBANG: TOMBO ATI

     Tombo ati iku ono limang perkoro:
1. Kaping pisan moco Qur'an sakmaknane.
2. Kaping pindo Sholat wengi lakonono.
3. Kaping telu wong kang sholeh kumpulono
4. Kaping papat weteng iro engkang luwe
5. Kaping limo dzikir wengi ingkang suwe
     Salah sakwijine sopo biso ngelakoni,
Insya Allah Gusti Pangeran ngijabahi.

26. NGLANGGENGKE WUDLU

-Tangi turu wudlu.
-Mangkat sekolah wudlu.
-Mangkat kerjo wudlu.
-Meh mangkat turu wudlu.
-Batal Wudlu manih.
-Ngentut Wudlu manih.

     Mugo saget nglebur duso kito, lan angsal barokah'e lantaran Wudlu niku. (Aamiin)

27. TENTANG AL-QURAN.

-Ben kepenak atine.
-Ben kepenak awak'e.
-Dibukak Al-Qurane.
-Diwoco Al-Qurane.
-Diamalke Al-Qurane.

28. QS al-Fajr. Ayat: (27-30).

يَا أَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَئِنَّةُ ﴿٢٧﴾ ارْجِعِي إِلَىٰ رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً ﴿٢٨﴾ فَادْخُلِي فِي عِبَادِي ﴿٢٩﴾ وَادْخُلِي جَنَّتِي ﴿٣٠

Artinya:
(27)Hai jiwa yang tenang.
(28) Kembalilah kepada Tuhanmu dengan hati yang puas lagi diridhai.
(29) Lalu masuklah ke dalam jemaah hamba-hamba-Ku.
(30) Dan masuklah ke dalam surga-Ku.
(QS al-Fajr, Ayat: 27-30). 

29. DZIKIR: YA ALLAHU-YA ALLAH

Ya Allahu.. Ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..
Ya Allahu.. ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..
Ya Allahu.. ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..
Ya Allahu.. ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..
Ya Allahu.. Ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..
Ya Allahu.. ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..
Ya Allahu.. ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..
Ya Allahu.. ya Allah. Ya Allahu.. Ya Allah..

     Dibaca sebanyak-banyaknya dengan lagu ala Mbah Munif.

_____
Wallahu A'lam Bisshowaab.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.