JAMUNA (Jamaah Muji Nabi) GIRIKUSUMO, 09 Nopember 2017

GIRIKUSUMO. Mranggen. Demak
MBAH KH. MUNIF ZUHRI
Kamis, 09 Nopember 2017
________________________________

1. Sopo wae sing seneng karo aku (Nabi Muhammad) sok bakal dikumpulke mbik aku ning surgo. Aamiin..

2. Monggo nak kito sedoyo pas sholawat ati kulo digawe  bungah, bungah dateng kelahirane kanjeng Nabi.

3. Sing mbuk kuatirke opo manih? Kuatir mbiyek ora iso mangan nyatane saiki ijeh urip, kuatir mbiyek ora iso salin nyatane saiki ijeh klambinan, kuatir mbiyek ora iso ngiup nyatane saiki yo ijeh nduwe omah. Wis to syukurano. Ngibadah sing tenanan marang Allah Swt. Sholawat sing ajeg marang kanjeng Nabi.

4. Nak pas gek ngroso susah, sholato (sowan marang gusti Allah). Niat.e pie?? (Usholli sunnatan rok'ataini mustaqbilal qinlati adaa an lillahi ta'aala). Wis nguno wae. Mulo do ilengo marang Allah Swt, ben Gusti Allah yo ileng marang kito sedoyo.

5. Sampean nak Zaroh ning Walisongo (Mbah Maulana Malik Ibrohim, Mbah Sunan Giri, Mbah Sunan Kalijogo, dll). Cubo amatano, akeh sing do zaroh do nangis. Mbuh opo sing marakke gawe tangis. Nak iso ojo nganti kito nangisi penjaluk.an sing kedunyanan (njaluk sugih, njaluk ilang susahe ning alam dunyo, dll). Padahal kwi mau sok yo ora bakal digowo pas ngadep marang Allah Swt.

6. Nak pas zaroh ning Sunan sopo wae, monggo kito podo nyadari nak sing di ziarohi kuwi wong sing disenengi marang Allah Swt. Nak durung iso wis pokok.e nyanding nguno wae, moco-moco Tahlil,  dungo lantaran (wasilah) Sunan sing diziarohi.

7. Adab Doa kepada Allah Swt.

a.) Nyuwun ngapuro marang Allah mergo nyadari nak awak niki katah dosane.

b.) Muhasabah diri, ngiling-ngilingi lan ngakoni sampun nglakoni duso nopo mawon dateng Allah Swt.

c.) Nyukuri dumateng nikmat ingkang sampun di wenehi Allah marang kito.

d.) Dungo, nopo mawon ingkang kito suwun (InsyaAllah Allah bakal nyukupi nopo mawon ingkang kito butuhi, InsyaAllah malih ora njaluk ki lho yo bakal di paringi Allah Swt) Aamiin.

8. Nyuwun pitulungan marang Allah Swt, mugo-mugo selamet ning dunyo lan selamet ning Akhirat.

9. Nabi Adam As niku nate bungah pas didokok ning surgo kalih Allah Swt. Terus dipisah kalih Siti Hawa ning dunyo sing jarak.e adoooh sanget lajeng dipetokke malih kalih Siti Hawa. Toh akhire digawe bungah malih marang Allah pas ditemoke.

10. Nabi Yusuf As  nate sampun didamel susah Kalih Allah Swt, dicemplungke mbih sedulure dewe ning sumur. Malah akhire didadeke rojo ning tanah Mesir.

11. Nabi Isa As. Di uyak-uyak kalih kaum.e ajeng dipateni. Lajeng dirafa' (diangkat ke langit) oleh Allah Swt.

12. Susah mboten nate telas, sedoyo sopo mawon. Nate susah. Nabi, shohabat, Wali, Alim Ulama', opo manih kito. Mesti nate susah. Tapi gerek kito sedoyo ajeng kepiye nyikapi susah sing nembe dilakoni. Ilengo marang Allah Swt.

13. Mugo-mugo kito sedoyo diparingi ati ingkang sabar, dodo ingkang jembar.

Ati iku ibarat banyu. Wadahe kwi ibarat dada.

IBARAT.E

Banyu kuwi nak akeeh,
wadahe nak jembar.
Ono batang opo wae (mbuh batang yuyu, batang tikus, dll)
Banyu bakal tetep ketok resik lan suci.

TETAPI..

Nak banyu kuwi sitik.
Wadah.e yo sempit.
Ono batang cilik wae (batang cecak, batang laler, dll) mongko banyu kuwi langsung ketok kotor.

14. Mulo ayo tambah sabar.e maring punopo mawon masalah kang nembe mampir ting kito sedoyo.

15. Nak ndalu niku kito mboten sah kakehan turu.
(TANGI. WUDLU SING TENANAN. SUNAT SUNAH)
Sowan dateng Allah. Mergo saben bengi wonten Malaikat ingkang dipun utus kalih Allah temurun ing dunyo.

16. Susah ingkang dipun paringke dateng kito sedoyo sangking Allah Swt, supados kito sedoyo soyo sergep sowan marang Allah Swt.

__________________________
Sumber: Ringkasan pengajian Mbah Munif Zuhri tanggal 09 Nop 2017

Link youtube: Pengajian Mbah Munif

BACA JUGA:
1.) Jamuna tanggal 24 Agustus 2017
2.) Jamuna tanggal 02 Nopember 2017

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.