KAMIS. 26 Juli 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah ingkang minulyo.

2. Ndi sing gawe seneng kwi sing nggawe susah.

Ex:
-Duwit. "Iki tak dokok ndi?  Meh tak gawe opo?"
-Bojo.  "Jan'e nyenengke (litaskunu ilaiha)."
-Anak. "Rumangsane gawe seneng, tapi iso ndadik'e edan nak ora iso ngulam lan ngrumati.
Omah."
-Sawah. "Kudu ngrumati sawah, macul, nandur, njogo awan-bengi."
-Ndadah. "Sami mawon."

3. Wonten setunggal sing nggawe seneng tapi mboten gawe susah. Njih niku seneng kalih kanjeng Nabi.

Ex: poro sahabat yang sudah lama bersahabat maupun baru bersahabat.
Seneng kalih kanjeng Nabi mboten wonten efek nyusahke. Tapi saget dadoske remen sing saget nyedak'e dateng surgo.

4. Milo poro rawuh jamaah sedoyo.
Rausah akeh-akeh arep-arep kalih Dunyo.

5. Mugi-mugi Allah paring pitedah kangge kito sedoyo. (Aamiin).
__________
6. Kehadiran Tamu:
-ABDUL KADIR KADING. (Sekjend PKB)
-Pengacar Farhat Abbas.
-Tomi Kurnoawan.
__________

8. TEMBANG: LIR-ILIR

Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak senggo temanten
anyar.

Cah angon-cah angon penekno blimbing
kuwi.
Lunyu-lunyu yo penekno kanggo mbasuh
dodotiro.
Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing
pinggir.

Dondomono jlumatono kanggo sebo
mengko sore.
Mumpung padhang rembulane,
mumpung jembar kalangane
Yo surak'o… surak iyo…

9. Niki kok umpomone dunyo dititi ko siji.
Sing ning darat, ning langit, ning njero bumi sing adoh.
Sedoyo sami mawon.

10. Wong ngeleh: mergo durung mangan.
Senenge niku njih nak pas mangan. Bar mangan malah dadi waregen (yo ora kepenak).

Pas poso. Senenege njih pas meh buko. Bar buko nembe ngunjuk sekedik wis wareg.

11. Nuruti kepengenan ora ono entek'e.
Wis dadi Rt pengen dadi Rw.
Wis dadi Rw pengen dadi Lurah.
Wis dadi Lurah pengen dadi Camat.
Wis dadi Camat pengen dadi Bupati.
Wis dadi Bupati pengen dadi Gubernur.
Wis dadi Gubernur pengen dadi Wakil Presiden.
Wis dadi WaPres pengen dadi Presiden.

12. Ya Allah kulo nyuwun,
Gesang berkah istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah,
Pinaringan khusnul Khotimah.

Ya Allah Jama'ah nyuwun,
Dandos'i kito niki.
Lahir Batin Sarono,
Manah Sae kang Suci.
___
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

13. Q.S Ath Thuur. Ayat: 20.

مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ سُرُرٍ مَصْفُوفَةٍ ۖ وَزَوَّجْنَاهُمْ بِحُورٍ عِينٍ

Artinya:
"Mereka bersandar di atas dipan-dipan yang tersusun dan Kami berikan kepada mereka pasangan bidadari yang bermata indah."

14. Pak yai kulo nyuwun pangestu supados laris dagangane.
Bener kwi bener ora laris. Daganganmu ora laris mergo mengko nak laris iso ndadike adoh karo Allah.
Sangking laris'e mangkat isuk mruput, wis keentek'an dagange kulak'an manih. Entek waktumu kanggo ngurus dagangan. Banjur lali nggunak'e waktu kagem Allah Ta'ala.

15. Pak yai kulo nyuwun pangestu supados tentrem Atine.
Bener kwi bener. Atimu ora tentrem mergo atimu adoh karo Gusti Allah. Atimu ora tau iling kalih Allah Ta'ala.

16. Maling nggondol sepeda.
Wonten tiang gadah pit ontel. Dienggo mangkat boncengan ngopi kalih bojone.
Kotor dikumbah, di elapi saben dino.
Didelok'i terus saben bengi. Mergo sangking senenge karo Pit ontel mau.
Banjur sangking senenge ndelok'i ndelalah keturon.
Ndelalah lawange durung dikancing. Ono maling mlebu. Njupok sepedane.
___
Sepeda bajingan. Kok yo kwe gelem digondol karo sing ora tuanmu. Ora ngelingi nak awakmu pas kotor tak kumbah, tak resik'i, tak elapi. Nganti tak eman-eman.
Banjur ono wong nggowo awakmu sak liyane aku kok gelem ki lho. Oo.. Lha Sepeda bajingan tenan kwe ki.

17. Mugo-mugo mawon Atine dewe diparingi padang.
Dzikir kalih Allah. Nyambi moco Qur'an. Dilakoni opo sing dadi perintahe Allah.

18. Q.S Al-Fajr. Ayat:27-30.

يَا أَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَئِنَّةُ ﴿٢٧﴾ ارْجِعِي إِلَىٰ رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً ﴿٢٨﴾ فَادْخُلِي فِي عِبَادِي ﴿٢٩﴾ وَادْخُلِي جَنَّتِي ﴿٣٠﴾

Artinya:
"Hai jiwa yang tenang, kembalilah kepada Tuhanmu dengan hati yang puas lagi diridhai; lalu masuklah ke dalam jemaah hamba-hamba-Ku, dan masuklah ke dalam surga-Ku."
______
"Jiwa sing tenang, anteng.
Nduwe Dunyo aleh ora lali Nagji.
Nduwe Dunyo sitik ora kemeng atine, ora lali kewajibane."

19. Atine jembar (tenang).
ONO, ora kebungah'en.
ORA ONO, ora kesusah'en.

20. Ikhtiar tidak akan bisa merubah garis Tuhan. Tetapi tidak ada yang dapat merubah Qodlo' kecuali Do'a.

 "La yaruddul qadha' illa du'a'.
(tidak ada yang bisa menolak qadha' Allah selain do'a)."

"Al ikhtiyaraat Laa Tukhrikul Aqdaroot"
(Ikhtiar tidak akan bisa merubah garis Tuhan).
_____
Wong nak ora gelem ndungo kwi kemaki.

21. Maqom'e kito emang ijek ngono.
(Maqom kelas Do'a/Dungo). Yo wis ndungo wae.
Nak ono,  lagi seneng.
Nak ora ono, ngroso susah.

24. Kelas'e Robi'ah Al adawiyyah.
Kelas sing wis ngalap cukup dateng sekabehane peparinge Allah Ta'ala.

Opo saget kito kados ngoten?
______
"Wahai Tuhanku! Apakah Engkau akan membakar dengan api hati yang mencintai-Mu dan lisan yang menyebut-Mu dan hamba yang takut kepada-Mu?"

Kecintaan Rabi'ah kepada Allah berjaya melewati pengharapan untuk beroleh syurga Allah semata-mata.

"Jika aku menyembah-Mu karena takut dari api neraka-Mu maka bakarlah aku di dalamnya! Dan jika aku menyembah-Mu karena tamak kepada surga-Mu maka haramkanlah aku daripadanya! Tetapi jika aku menyembah-Mu karena kecintaanku kepada-Mu maka berikanlah aku balasan yang besar, berilah aku melihat wajah-Mu yang Maha Besar dan Maha Mulia itu."

Begitulah keadaan kehidupan Rabi’ah yang ditakdirkan Allah untuk diuji dengan keimanan serta kecintaan kepada-Nya.

25. Do'a Dzikrul Ghofiliin.

يَاحَلِيمْ يَا حَنَّانْ يَا مَالِكُ يَا مُبِينْ || وَلَا نَطْلُبُ شَيْئاً إِلَّا أَنْتَ يَا مُعِينْ

رَبَّنَا اسْتَقِمْ ذِكْرَنَا وذِكْرَالْغَافِلِينْ || وَاجْمَعْنَا فِى اْلأَبْرَارِخِيَارِكَ الْفَائِزِيْنْ

26. Wong Ahli Ibadah.
Umume njih pengen Suwargo.

EX:
Nate kulo tangklet kalih jamaah'e YM.
"Sudah pernah Haji?"
"Sudah 4x yai."

"Kok sampean seneng mangkat Haji?"
"Njih seneng yai, soale Ganjarane surgo."
(Haji mabrur itu tidak ada balasan lain, kecuali surga).

"Terus kalau Allah tidak memberikan surga bagi yg haji. Apakah masih mau berangkat Haji?"
"Yaa pikir-pikir dulu Yai."

27. Robi'ah Al adawiyyah.
"Jika aku menyembah-Mu karena takut dari api neraka-Mu maka bakarlah aku di dalamnya!

Dan jika aku menyembah-Mu karena tamak kepada surga-Mu maka haramkanlah aku daripadanya!

Tetapi jika aku menyembah-Mu karena kecintaanku kepada-Mu maka berikanlah aku balasan yang besar, berilah aku melihat wajah-Mu yang Maha Besar dan Maha Mulia itu."

28. Cerita Kehadiran Sayyidah Fatimah dalam Acara Maulid dan ikut membantu memasak juga.
____
Wonten sing bade hurmat maulid.
Sampun iris-iris lombok. Masak.
Ribut ora karuan.
Wonten tiyang estri. Nderek tumut masak. Gawean pawon.
Mboten wonten tiyang ingkang kenal.
Ditangkleti.
Nak pean jenenge sinten? Fatimah.
Nopo tiang pondok mriki? (Tiyange mendel mawon).

Lha wong mau kok ora ono? Medal ning ndi? Kok wis ora ono? Wong-wong do ribut nggolek'i tetep ora ketemu.
Dumadak'an nembe do ngerti nak sing melu masak wau jebul Fatimah (Sayyidah Fatimah).
___
Niku berkah'e kanjeng Nabi. Nganti sayyidah Fatimah nderek Hadir, melu ngiris lombok, brambang.

29. Kisah Tukang Becak yang sangat bersyukur.

Dibayar 20rb.
Dijawab: "Alhamdulillah saget ngaji ning Giri"
___
Awak'e dewe??
Nduwe duwit ko 20rb. Jeh nggersah wae, ngroso kurang wae. Lali anggene syukur kalah kalih tukang becak.

30. Ora bakal susah wong sing seneng kanjeng Nabi.
Ora bakal kere wong sing ngentekke dunyone kangho Kanjeng Nabi.

Bungaho senajan langit cendak ngantik sundul.
Senajan loro sewu dadi siji. Bungaho.
Mergo nduwe roso seneng kalih Kanjeng Nabi.

31. Sahabat Tholhah.
Pengen hijrah nderek Nabi.
Dialang-alangi tiyang kakunge.
Wis bengi. Meh tetep nderek kanjeng Nabi.

_____
Do'a Nabi untuk Sahabat tsb:
Ya Allah tiyang niki remen kalih kulo.
Kulo njih remen kalih tiyang niki.
Mugo Panjenengan mugi njih remen kalih tiyang niki.

32. Muda foya-foya.
Tua kaya-raya.
Mati Masuk Surga.
LHA MATAMU.

33. Sholli wasallim daa..
صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

صل وسلم دائما علی احمدا
والآل والأصحاب من قد وحدا

34. LAGU Arafiq.
Betapa riang hatiku.
Semenjak kita bertemu.
Teruse ora iso lagu.
Golek'ano dewe.

35. Sing penting ati saget seneng kalih kanjeng Nabi.

36. "Ngger iki Jagad taline wis pedot.
Iki wayah kucing do kerah. Rerebutan balung.
Mulo Yen pengen selamet akeh te'e ndungo, ben tentrem Dunyone.
Syarate GULO KLOPO JANUR KUNING."
_____

Yen pengen selamet, ndungo sing akeh. Kalih sholawat sing ageng.

37. Mugi-mugi.
Ibarat.
Tego nglatak, banyu sak tetes ora ono.
Tetep saget seneng dateng kanjeng Nabi lan Remen dateng Allah Ta'ala.

38. WAllahu A'lam Bisshowaab.

39. Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.