KAMIS. 2 Agustus 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak.

1. Poro rawuh jamaah ingkang minulyo.

2. Kisah Nabi Ayyub As.

Nabi Ayub As. Diparingi cubi. Wong sakmene ora ono sing kuat.
Nabi Ayub sugih.
Diparingi cubo telas kabeh.
Sawah'e entek kobongan.
Dioaringi cubo gerah.
Gerek balung bloko.

Garwone asmane Siti Rohmah.
Tonggo sing asale sae do mulai maido.

Mbiyen bojo sing Bagus.
Mbiyen bojo sing sugih.
Mbiyen bojo sing iso dibanggake.
Dibopong piyambak'an, mergo diusir kalih tiyang kampung.
______
Njajal nak wong saiki?
Mbiyen jek bagus. Ijek sugih. Ijek iso dibanggake wong akeh.
(Pak'e roso senengke kebak sak segero. Yo wani ngomong ngono mergo ijek akeh duit'e, ijek bagus. Ijek iso dibanggak'e).
Njajal wis ora nduwe opo-opo??
(Bakal ngomong:
Pak'e, wis apik-apik'an wae, aku urip dewe, sampean yo urip dewe).

______
MERGO SANGKING SABARE NABI AYYUB AS.
Allah balik'e bagus'e, Allah balik'e bondone, Allah paring kamulyan dateng nabi Ayyub As.

Nabiyullah Ayyub As. Dipun paringi mukyo kados jaman semanten. Alhamdulillah.
Mergo dicubo Allah, iman'e Nabi Ayyun As ora nglotok, tetep saget Iman dateng Allah Ta'ala.

2. Milo poro rawuh jamaah ingkang Minulyo.

3. Kanjeng Nabi niku mboten nganten namplek urip sing ora kepenak. Milo Allah paring kamulyan dateng kanjeng Nabi.

4. Sayyidina Hasan. Sayyidina Husain.
Difitnah tiyang katah.
Pesen'e kanjeng Nabi.

"Ya Allah Gusti mugi Panjenengan pareng iman mboten ngantos ucul sangking ati. Ngantos ajur'e rogo, ngantos getih mili. Kagem Ahlul Bait kulo.

5. Mbah Hadi nak ndungo ora tau dowo.

Dungone:
"Ya Allah kulo nyuwun mugo-mugo kulo lan keluarga sak anak-anak turun kulo, paringano khusnul hotimah. Paringano Iman tasih kagegem dateng sedoyo keluargo, lan sak anak-anak turun kulo." (Aamiin)

6. Wong nak nduwe Iman.
Ora bakal rekoso urip'e meski nembe rekoso urip'e tiyang niku.
______
"Mugo-mugo kulo sak anak-anak turun kulo gadah Iman ingkang kiat. Seneng kalih kanjeng Nabi." (Aamiin).

7. Mboten wonten kok sing seneng kanjeng Nabi urip'e bakal rekoso.
Senajan urip'e mboten ketingal kepenak. Tapi tetep ngrasak'e kepenak.

8. KISAH NYATA.
Wonten tiyang sing mboten paling Gadah sak kampunge.

Siji wektu kepanggih kalih kulo.
Atine wong iki ono sing dilaguk'e namun kulo mireng.
"Ya Robbi shollo 'ala sayyidina Muhammad.
Warzuqna Yaa Robbana Yaa Kariim.
Kamaalatthibaa'i sayyidil Mursaliin.
Wa'ala Aalihi Washohbihi Ajma'in."

Ndungo kados dungone kanjeng Nabi.
"Ya Allah kulo nate mireng Kanjeng Nabi dungo.
Allahumma Ahyini Miskinan... Dst.
Kulo relo dados tiuang miskin, sing penting sesuk saget sareng Kalih Kanjeng Nabi."

Singkat cerios.
Akhire tiyang niku, sampun sedo.
Kepanggih kalih kulo.
Tiyang niku wau sampun sekeco. Kepanggih kalih kanjeng Nabi.
Sampun dicawisi gedong magrong-magrong.

"Kok sampean ngapusi kulo.??"
Terus tiyang niku,... ... (Terusane penulis mboten patek krungu).
____
Ya Robbi sholi ala sayyidina muhammad......
waa 'ala alihi wa sohbihi ajmain.
Di rewangi uripe rekoso, aku pengen sisok neng akhirat kumpul karo kanjeng Nabi.

9. Kabeh seng mbok ndueni bakale mbok tinggal (ketika mati semua yg dimiliki saat hidup pasti ditinggal).

Lek mu mikir nganti entek awakmu lek mu mikir nganti entek atimu, mbok nggo mikir sing ora bakal gawe ayem (urusan dunia).

Dunyo, Bondo, duwit.
Sing dipikir, yah mono, yah mene.
Sing dipikir bakal iso gawe kepenak nak wis nduwe.
Nganti ora kober ngaji, nganti ora kober jamaah ,nganti ora kober ngrungok'e Nasihat.
Nganti ora kober tahajud, sholawat ora. Maos alqur'an ora.
Ora kober ngrasakke nikmate ngawulo, mergo ora tau ngroso cukup, kurang lek mu syukur. Tambahno roso syukurmu.

Mergo utekmu kebak nggo mikir sing ora manfaat.
_____
PARIBASAN:
Jagad wes meh rusak ijek urung iling, terus kapan??

10. Kito sedoyo tasih diparengi kesempatan kalih Allah.

Senajan aku mboten golongane tiyang-tiyang sholih, nanging aku seneng kalih golongan tiyang-tiyang ingkang sholih (Kanjeng Nabi, Sahabat Nabi, Ulama', Kyai).
____
Yaallah mugimugi kulo panjenengan sedoyo diparingi khusnul khotimah. (Aamiin).

11. Matur kalih Kanjeng Nabi.
"Kanjeng Nabi mbok menawi kulo mboten kiat niru lampah urip'e Panjnengan.
Nanging mugi kulo paringi roso demen kalih panjenengan."

______
(Kanjeng Nabi mboten bade mentolo nak nyawang umate rekoso, Gusti Kanjeng Nabi mboten bade mentolo nak wong sing seneng kalih aknjeng Nabi urip'e rekoso.)

Wong kok nak seneng kanjeng Nabi, tapi ijek ngroso rekoso urip'e, niku berarti senenge tasih dereng tandas dateng kanjeng Nabi.

12. 'Aziizun 'alaihimaa anittum...
_____
Q.S At-Taubah. Ayat: 128.

لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِنْ أَنْفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ

Artinya:
"Sungguh, telah datang kepadamu seorang Rasul dari kaummu sendiri, berat terasa olehnya penderitaan yang kamu alami, (dia) sangat menginginkan (keimanan dan keselamatan) bagimu, penyantun dan penyayang terhadap orang-orang yang beriman.
"

13. Tembang: "Ojo SIRO BANGET-BANGET."

OJO SIRO BANGET-BANGET
Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo
MALAIKAT JURU PATI
Nglirak-nglirik marang siro

OLEH'E NGLIRIK MALAIKAT
Arep Njabut Nyowo Niro
OLEH'E NJABUT ANGENTENI
Dawuhe Kang Moho Mulyo

SAKWUSE DIDAWUHI
Banjur Tandang Karo Kondo
AKU IKI MUNG SAK DERMO
Kowe Ora Biso Semoyo.

14. Dawuh kanjeng Nabi
"Wong sing bugah mergo seneng aku, aku yo bungah"
______
Mulo pie carane kito sedoyo, pie supados saget seneng kalih kanjeng Nabi.

Jaman sahabat seneng karo kanjeng nabi melu perang.
Jaman sak niki pie carane supados saget nyenengke Kanjeng Nabi?
Yo ndungo, ndungoke kanjeng Nabi.

15. InnAllaha wamalaaikatahu.. Dst
_____
Q.S Al-Ahzāb. Ayat: 56.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artinya:
"Sesungguhnya Allah dan para malaikat-Nya bershalawat untuk Nabi. Wahai orang-orang yang beriman! Bershalawatlah kamu untuk Nabi dan ucapkanlah salam dengan penuh penghormatan kepadanya."

16. Dawuh Nabi:
"Kwe leh'mu seneng Pengeran, nganti'o wong-wong sing nyawang kowe do ngarani nak kwe edan"

17. Demen kanjeng Nabi niku njih ittiba'.
(Sholat, Shodaqoh, Haji, ngewangi tongho, dll).
Tapi nak tak sawang, atine ora ono kanjeng Nabi'ne. Sing ono cuma awak'e dewe.
(Iki lho aku ahli shodaqoh, alu bolak-balik ngaji, dsb).
____
Bajingan tenan. Bajingan Agomo.
"Niku ora ngurip-ngurip agomo. Tapi Agomo gawe ngurip-ngurip awak'e dewe."

Urip jaman saiki wes penak, garek sholawate sing kathah.

18. Do'a Minta Hujan
الله يا كريم
انزل علينا
من السماء
ماء مد ررا
(Allahu Yaa Kariim, Anzil 'alainaa.
Minassamaa'i, Maa'a Midroroo).
Arti: Maa'a Midrorpo: Udan sing kacekapan.
______
NB: Diwaos kangge pujian. Ngentosi Sholat Jamaah.
Wayah ketigo. Sing angel toyo.

19. Sholawat'e ojo nganti keter.
_____
"ShollaAllah 'Alaa Muhammad..
ShollaAllah 'Alaa Muhammad..
ShollaAllah 'Alaa Muhammad..
ShollaAllah 'Alaa Muhammad..
ShollaAllah 'Alaa Muhammad.."

Diwaos terus, misal kok kesel lambene, njih diwaos lewat Ati. Kok misal atine kesel, njih pentelangano kanjeng Nabi.

(Mugo-mugo Berkah. Aamiin).

20. JAMAN PERANG KHONDAQ.
Wayah Paceklek.
Kurmo siji diawet-awet.

Sahabat Muhajirin. Sahabat Ansor.
Do nduduk Parit.
Ngantos kanjeng Nabi nderek nduduk.
"Kanjeng Nabi njih nyemangati poro Sahabat,"

Diajak urip perang kalih kanjeng Nabi.
Diajak ora nduwe opo-opo kalih kanjeng Nabi.
Didungok'e kanjeng Nabi. Supados Husnul Khotimah.

21. PERANG TABU'
Perang pas wayah kurang persediaan pangan.
Ngantos unto setunggil digawe gentosan tiyang sedoso, Sangking kurange kendaraan.

22. Malam Jumu'ah.
Mugo-mugo sedoyo dipun catet Malaikat. Golongan tiyang ingkang demen kalih Kanjeng Nabi.
______
المرأ مع من أحب
"Al-mar'u Ma'a man Ahabba"
(seseorang itu akan bersama siapa yang ia cintai).

23. Mulane kwe saiki tekan kene.
Tahun wingi ning kene.
Tahun saiki ning kene.
Jumat wingi tekan kene.
Jumat saiki tekan kene.
Jumat sesuk tekan kene.

"Iki mergo kwe nduwe seneng Kalih Kanjeng Nabi.
Iki labete kanjeng Nabi seneng sampean, buktine sampean tekan kene."
____
Iki acarane kanjeng Nabi.
Mugi-mugi paring Berkah. (Aamiin).

24. Ya Allah kulo nyuwun,
Gesang berkah istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah,
Pinaringan khusnul Khotimah.

Ya Allah Jama'ah nyuwun,
Dandos'i kito niki.
Lahir Batin Sarono,
Manah Sae kang Suci.
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ
______

يَاحَلِيمْ يَا حَنَّانْ يَا مَالِكُ يَا مُبِينْ || وَلَا نَطْلُبُ شَيْئاً إِلَّا أَنْتَ يَا مُعِينْ
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

رَبَّنَا أَحْسِنْ لَنَا ظَاهِرًا وَ بَا طِنًا || مَعَ حُسْنِ الظَّنِّ بِحَضْرَتِكَ يَامَنَّانْ
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

بِدَوَامِ الْمَعْرِفَةِ أَدِمْ لِقَاءَنَا || بِحَضْرَتِكَ إِلَهَنَا يَا إِلَهَنَا
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

(Allahumma Aamiin.)

25. Milo poro rawuh jamaah ingkang Minulyo.
Mugi-mugi sedoyo jamaah ingkang hadir. Saget kempal sareng dateng kanjeng Nabi.
(Aamiin).

26. WAllahu A'lam Bisshowaab.

27. Wassalamu 'alaikum. Wr. Wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.