KAMIS. 12 Juli 2018. Oleh: Mbh Munif Zuhri JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak


1. Poro rawuh jamaah ingkang minulyo.

2.
صلوا كما رأيتموني أصلي
'Sholluu kamaa roaitumuuni usholli'

Artinya: "Shalatlah kalian sebagaimana shalat Saya( Rasulullah)."
("Sholat'o koyo awakmu weruh aku sholat.")
_____
EX: Kepiye awakmu urip koyo nyawang awakku urip.

3. Q.S Yūnus. Ayat: 62.

أَلَا إِنَّ أَوْلِيَاءَ اللَّهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ

Artinya: "Ingatlah wali-wali Allah itu, tidak ada rasa takut pada mereka dan mereka tidak bersedih hati."

4. Sepiro gedene musibah.
Sepiro gedene loro.
Sepiro gedene Fitnah.

Ojo nganti ngalangi anggone kito nglampahi syukur dateng Allah Ta'ala.

5. Nalikane keparingan Rizki, njajal sikape Pie?
Tetep sergep ngibadah nopo mboten.

Nalikane kekurangan Rizki, njajal sikape Pie?
Tetep sergep ngibadah nopo mboten.

6. Nyuwun dateng Allah.
Mugi-mugi keparingan Ati padang.

Ati padang maknane:
Nak nembe digawe rupek, iku tetep mboten nerak-nerak larangane Allah.

Wong penak ora kepenak iku, tergantung Padange Ati.

7. Wong Nak iku wis kadung seneng.
Loro wae rasane nikmat.

Wong Nak wis kadung ora seneng.
Misal Keju wae rasane pahit.

8. Syaikh Imam Busheri.
Sangking senenge kalih kanjeng Nabi, nembe loro wae ora kroso loro. Ketutupan Sangking kangene kalih kanjeng Nabi.

9. Ora kepenak'e Wong Nak nuruti Karep.

EX:
Mlaku pengen nduwe sepeda.
Nduwe sepeda pengen nduwe sepeda motor.
Nduwe sepeda motor pengen nduwe mobil.
Wis nduwe mobil, pengen liyane manih.
Nduwe loyane manih, pengen liyane manih.

Ora tau leren, mergo bingung nuruti karep.

10. Qois dan Laila.

11. Mugi-mugi mawon.
Sing penting Niku, mboten loro Pie marine. Tapi Sing penting niku Pie carane saget (nerimo lan sabar).

Sing penting niku, mboten Rekoso Pie carane kepenak. Tapi Sing penting niku Pie carane sagwt (nerimo lan sabar).

Sing penting niku, mboten melarat Pie carane sugih. Tapi Sing penting niku Pie carane sagwt (nerimo lan sabar).

12. Gusti Allah welas'e dateng Hambane.
Ngungkuli welas'e Ibu dateng anak.

13. Tembang: "Ojo SIRO BANGET-BANGET."

OJO SIRO BANGET-BANGET
Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo
MALAIKAT JURU PATI
Nglirak-nglirik marang siro

OLEH'E NGLIRIK MALAIKAT
Arep Njabut Nyowo Niro
OLEH'E NJABUT ANGENTENI
Dawuhe Kang Moho Mulyo

SAKWUSE DIDAWUHI
Banjur Tandang Karo Kondo
AKU IKI MUNG SAK DERMO
Kowe Ora Biso Semoyo.

14. Nik sae niku mboten wonten telase.
Mergo apik niku mboten wonten wangone/telase.

Apik soyo apik soyo apik.
Mboten wonten tembung leren kanggene wongkang sae, mboten wonten cekap.e

Ojo nganti rugi, urip ting dunyo niki.

15. Urip ning dunyo niku.
Kudu Tetep iman'e, Tetep Islam'e, Tetep seneng kalih Allah, Tetep seneng kalih kanjeng Nabi.

Ati Sing ora tau lali marang kanjeng Nabi.

16.  Ndungo kalih Allah.
Ya Allah mugi kulo diparingi urip Sing Mulyo.

Mulyo iku maknane, urip iso seneng kalih kanjeng Nabi. (Seneng kalih Gusti Allah).

17. Robi'ah Al Adawiyah.

18. Wong niku lek mpun kalampah.

Barang Sing apik, Yo susah'e gede.
EX: Tuku motor, motor durung dikirim binhung ora sabar ngenteni teko.
Banjur motor wis teko, dijajal terus lecet. Bingung, nggersah (motor jek anyar kok wis lecet). Dst.

19. Mulo nate enten Wong ngomong:
"Dunyo iku koyo kolo jengking.
Nak ngantup marak'e ora iling."

20. Ilmu Agomo Islam Sing dimilik'i dateng Kanjeng Nabi, mboten diterapke kagem sedoyo umat'e.

Mergo Umat'e bakal mboten kiat, mangkane wonten ilmune Sing diagem piyambak dateng kanjeng Nabi.

Ex: Misal Allah paring pilihan perkawis kagem kanjeng Nabi.
Kanjeng Nabi milih perkawis ingkang paling enteng dateng ummate.

21. Kanjeng Nabi nate dunyo.

“Allahumma ahyinii miskiinan, wa amitnii miskiinan, wahsyurnii fii jumratil masaakiin”.

Artinya : "Ya Allah ! Hidupkanlah aku dalam keadaan miskin, dan matikanlah aku dalam keadaan miskin, dan kumpulkanlah aku (pada hari kiamat) dalam rombongan orang-orang miskin."


___
Nopo wani kito sedoyo ndungo ngoten, kados kanjeng Nabi??

22. Ya Allah...
katah kawelasan'e Allah ingkang dipun paringke dateng kawula'ne. Nanging katah sangking kawula'ne ingkang mboten ngaweruhi.

Mugi kito sedoyo saget mangertosi kawelasan ingkang dipun paringke Allah dateng kito sedoyo. (Aamiin).

23. Wong Nak mikir dunyo, ngibadahe bakal keter.
Wong Nak mikir ngibadah Allah paring merdi/dunyo.

Dunyo mboten sah dipikir.
Mboten berarti, bali ngaji Sangking mriki. Terus sesuk do nyentel'ke pacul'e, ngletak'e arit'e, leren nyambut ndamel. (Mergo mbah Yai jare ngomong, Tak usah mikir'ke Dunyo).

Njih mboten ngoten maksude, Nak langsung ngoten Njih mangkih mboten saget mangan Banjur mati soyo mboten saget ngibadah dateng Allah Ta'ala.

24. Ya Halim.. Ya Hanaan.. Ya Maliku.. Ya Mubiin..
Walaa Nathlubu Syai an illa Anta Yaa Mu'iin.

25. Mbah Hadi.
Wali songo.

Niku Conto kawula'ne Allah ingkang Tenanan anggene ngibadah dateng Allah. Mongko Allah paring merdi dateng Walisongo.

Niku bukti Nak tiyang ingkang tenanan ngibadah dateng Allah, Allah bakal paring ingkang bakal diparingke dateng tiyang niku.

26. Mugi-mugi mawon kito sedoyo Tetep keparingan Tetep iman lan Islam. (Aamiin).

27. DO'A

28. WAllahu A'lam Bisshowaab.

Wassalamu'alaikum.. wr. Wb.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.