KAMIS, 12 April 2018. JAMUNA. Mbah Munif Zuhri.


1. Nak masalah dunyo kwi ditangani/tandangi nganggo utek, sikil lan tangan. Tapi Nek masalah Akherat di tangani/tandangi nganggo Ati.

2. Allahma Sholli 'alaa Muhammadin Syafi'illaah.
Wa alihi Wa shohbihii, abadal abidiinaa..

Ya Allah Kulo nyuwun.
Gesang berkah Istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah.
Pinaringan khusnul khotimah.

(Allahumma Aamiin).

3. Nduwe duwet iyo bingung.
Ora Nduwe duweet tambah bingung.
Sing Nduwe bojo bingung.

4. Pancen Dunyo kwi panggonan'e repot.
Milo nggadepi nduyo kwi ora usah nemen-nemen.

Ex: Wedang kurang legi ora kudu ditambahi gulo terus. Tapi Wedang sing kurang legi kuwi rasakno koyo wektu Wedang kuwi durung di wenehi gulo.

5. Mugo-mugo Kulo lan panjenengan sedoyo pinaringan selamet Dunyo-Akherat.

6. Ya Allah.. Ya Allah.. Ya Allah...
Poro jama'ah sedoyo ingkang minulyo.

7. Setan kwi Ning ndi-ndi nggon ono dul.
Ex: Budal mangkat ngaji ting giri, wayah balik ono cewek ayu. Di jak ngobrol. Ditakoni balik'e searah opo ora. Banjur searah d tawani bareng.

Ex: Gayane pas Ning Masjid, thlilan sok-sok'an paling mantep lan khusyu'. Banjur Wis bali omah meh salin genti klambi. Ndelalah klambone durung dikumbahi bojone. Banjur malah ngamuk-ngamuk'i bojone.

Ex: DLL.

8. Niku lho, angele lek'e njogo Ati.

9. Mboten wonten pager sing kuat kanggo mageri Ati kejabi Seneng marang kanjeng Nabi.

10. Punopo kok Sayyidina Ali anggene pinter kados ngoten? Niku amergo sangking seneng'e kalih kanjeng Nabi.

11.
يارسول الله سلام عليك ، يارفيع الشان والدرج

"Wahai utusan Allah, semoga keselamatan tetap padamu, Wahai yang berbudi luhur dan bermartabat tinggi"

عطفة ياجيرة العلم ، ياأهيل الجود والگرم

"Rasa kasihmu wahai pemimpin tetangga, Wahai ahli dermawan dan pemurah hati."

12. Tiyang Nak Seneng kalih kanjeng Nabi, niku ketok ditingali sangking wajah'e.

Nak wajah'e nembe ketok peteng niku nandak'no Nak Ati'ne niku nembe kurang anggene Seneng marang Kanjeng Nabi.

Nak wajah'e nembe padang, niku nandak'no Nak Ati'ne niku nembe kebak anggene Seneng marang kanjeng Nabi.

13. Firman Allah..
Q.S Ali Imron: 31

قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ

Artinya:
Katakanlah: "Jika kamu (benar-benar) mencintai Allah, ikutilah aku, niscaya Allah mengasihi dan mengampuni dosa-dosamu". Allah Maha Pengampun lagi Maha Penyayang."

14. Sabda Nabi.

لا يؤمن أحدكم حتى يحب لأخيه ما يحب لنفسه
” رواه البخاري ومسلم

Artinya:
"Tidak sempurna Iman seseorang sehingga ia mencintai saudaanya sebagaimana ia mencintai dirinya sendiri." [HR Al-Bukhori dan Muslim]

15. Sampean kalih bojone Sampean niku luwih Seneng pundi kalih kanjeng Nabi?

Kanjeng Nabi anggene iling kalih umate niku Mboten wonten sing ngalah-ngalah'i, umat sing dereng lahir mawon sampun di iling-iling kalih kanjeng Nabi.

Buktine pas Nabi sedo, sing di sebut-sebut niku "Ummatii... Ummati... Ummati..."

16.
أمن تذکر جيران بذی سلم
مزجت دمعا جری من مقلة بدم

"Apakah karena teringat tatangga yang tinggal di "Dzi Salam".
Sehingga engkau cucurkan airmata bercampur darah yang mengalir dari matamu"

ام هبت الريح من تلقاء گاظمة
وأومض البرق فی الظلماء من إضم

"Ataukah karena tiupan angin kencang yang berhembus dari arah "Kazhimah".
Atau karena sinar kilat yang membelah kegelapan malam dari Gunung “Idham”

17. Sing penting Seneng kalih kanjeng Nabi.

18. Ojo kesel-kesel yo lek'e nggowo lampu.
Supados saget madangi awak'e dewe lan madangi liyane.

17. Rumus bahagia-dunia Akhirat, niku Seneng kalih kanjeng Nabi.

18. Pak yai Kulo ajeng Rabi.
Rumus'e gampang. Rumus'e Njih niku Seneng kalih kanjeng Nabi.
Menawi pegatan Njih berkah, Misal diteruske Njih berkah.

19. Kesandung bumi roto.
Kesundul awang-awang.

Ex: Niku tiyang ingkang Aneh..

20. Nek pengen dadi Wong kepenak, niku nyawang ngisore.

Ex. Nduwe duwet 100 rb.
Ndelok'o Wong sing Nduwe dwet 10 rb.
Ojo ndelok Wong sing Nduwe dwet 1 juta.

21. Seneng kalih kanjeng Nabi. Katah anggene sholawat dateng Nabi, sergep anggene Dungak'e kanjeng Nabi. Sergep anggone ndungok'e  keluargane kanjeng Nabi.

Ex. Cotoh Bacaan Sholawat.

اَللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ،
كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَرَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

Artinya:
"Ya Allah, limpahkanlah rahmat kepada Nabi Muhammad.
Sebagaimana pernah Engkau beri rahmat kepada Nabi Ibrahim dan keluarganya.
Dan limpahilah berkah atas Nabi Muhammad beserta para keluarganya. Sebagaimana Engkau memberi berkah kepada Nabi Ibrahim beserta keluarganya.
Di seluruh alam semesta Engkaulah Yang Terpuji dan Maha Mulia."

22. Sholawat niku dungo, sholawat niku jopo, sholawat niku tombo, sholawat niku kunci selamat ting Dunyo.

23. TEMBANG: LIR-ILIR

Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak senggo temanten
anyar

Cah angon-cah angon penekno blimbing
kuwi
Lunyu-lunyu yo penekno kanggo mbasuh
dodotiro
Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing
pinggir

Dondomono jlumatono kanggo sebo
mengko sore
Mumpung padhang rembulane,
mumpung jembar kalangane
Yo surako… surak iyo…

24. Dungo di nungo..
Migo-mugo khusnul khotimah..
Mugo-mugo saget kepanghih kanjeng Nabi.
Saget ziarah mekah-Madinah.
Allahumma Aamiin..

25. WAllahu A'lam Bisshowaab.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.