KAMIS,1 MARET 2018. MBAH MUNIF ZUHRI. JAMUNA. GIRIKUSUMO. MRANGGEN. DEMAK

1. Nak poso pisanan (hari pertama), kwi rasane abot. Koyo ora bakal kuat. Tapi Nak Wis intuk pertengan (dino ke-15 munggah) kuwi Wis mesti soyo biasa, malah kadang ora kroso ujug-ujug Wis wayahe'e buko.

2. Wonten Wong sergep ngibadah kwi, Njih Allah sing maringi. (Allah Maringi sergep ngibadah kagem tiyang niku).

3. Wong kok Nak Wis ibadah istiqomah, tapi nak ora nyadari lanNak ora kroso kwi songko kersane gusti Allah. Ora suwi malih mesti bakal bosen.

4. Nak kito sedoyo nembe sergep ngibadah, istiqomah agawe becik, dll. Kuwi kudu disyukuri. Mergo kuwi salah sijine nikmat, sing nembe diparingi Allah kaleh kito sedoyo.

5. Ojo nganti ngroso, sergepe kito niki, amergo usahane kito piyambak. Kabeh niku kersane Allah ta'ala.

6.
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ


Artinya:

"Dan (ingatlah juga), tatkala Tuhanmu memaklumkan; "Sesungguhnya jika kamu bersyukur, pasti Kami akan menambah (nikmat) kepadamu, dan jika kamu mengingkari (nikmat-Ku), maka sesungguhnya azab-Ku sangat pedih".


7. Jaman sak niki, Wong dagang kok malah kere.
Niku mboten Mergo ora untung, Mergo kitone piyambak sing kurang syukur dateng Allah Swt.

8. PUJIAN OYOT'E SYAHADAT
Oyot'e Syahadat,..
Wet'e  Iman,..
Godong'e Sholawat,..
Woh'e Dzikir,..
Kembang'e Puji-puji'an,..
__
Allahumma sholli wa sallim alaa...
Sayyidina Wa Maulaanaa Muhammadiin...
'Adadamaa Bi 'ilmillaahi Sholaatan...
Daa imatan Bida Waa mi Mulkillaahi...

9. Sholawat, Seneng kalih kanjeng Nabi. Niku anugerah sangking gusti Allah.
Nopo niku Anugerah, Anugerah niku Fadlan Minallah (Pemberian DARI Allah yang tidak dikarenakan Amal kita).

10. Ya Allah kulo nyuwun,
Gesang berkah istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah,
Pinaringan khusnul Khotimah.

Ya Allah Jama'ah nyuwun,
Dandos'i kito niki.
Lahir Batin Sarono,
Manah Sae kang Suci.
___
اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

11. Wong sedoyo kekuatan niku asale sangking Allah.
Ex: Tangan, kekuatan sangking otot..
Otot sangking Gusti Allah. Sing patut kito syukuri.

12.  Wong sing iso slamet ning dunyo niku Wong sing atine seneng kalih kanjeng Nabi.
Misal di paringi sugih yo syukur.
Misal diparingi kere yo sabar.

13. Allahumma sholli 'ala,..
Muhammadin Syafi'iinaa.
Wa Alihi wa shohbihii,..
Abadaal Aaaaaabidiina.

14. Ati niku Nak di kak'i seneng-seneng, niku saget ndadik'e mboten jejeg'e Ati.
Nopo niku sing termasuk seneng-seneng?
Njih niku???
Punopo mawon sing saget dadi seneng-seneng'e Ati..

15. Mulo, supados Ati tetep jejeg', Anteng, Ayem, tentrem.
Dikatah-katah'i anggone sholawat, Tahmid, Tasbih, Tahlil lan sak panunggalane.

16. Ojo nganti dijarno Ati niku ngrasake seneng-seneng.

Misal kok urip sing kahanane susah.e koyo ngene, kwi malah iso ndadik'e Ati waras.

Ex: Ibarat numpak sepeda, ketok'e rekoso, kesel anggone ngontel. Tapi niku njih saget ndadik'e sehat'e awak.

17. Poro rawuh jama'ah ingkang minulyo..

18. Cukuplah, kematian yang menjadi pengingat.

Nak ono Wong loro tilik'ano.
Ora masalah lorone, Tapi proses tilik lorone niku lho.
Kito supados ngerti, lan saget ningali berkahe sangking Allah, Amergi tasih pinaringan sehat wal afiat.

19. Kok umpomo kito sedoyo mboten dados tiyang ingkang luhur derajate, sing penting kito tetep saget seneng kalih kanjeng Nabi.

20. Ya rohmaanu ya Roohiim...

اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

21. Nak kito sedoyo saget nglampahi lan anggadahi syukur dumateng Allah Swt. Kito niku bakal angsal kesaenan-kesaenan sangking Allah ta'ala.

22. Sedoyo niki cuma nderek manut kersane Allah ta'ala.
___
Ex:
Enten Wong sugih.
Enten Wong kere.
Enten Wong loro.
Enten Wong mati.
Enten wong pinter.
Enten wong dowo umure.
Enten wong Ayu.
Enten wong Bagus.
Lan liya-liyane malih, niku sedoyo minongko Allah sampun ngersake dateng kito sedoyo kados ingkang sampun kasebut wau.

23. TAFSIR SURAT AL-FATIHAH

24. SALAM sa'at sholat niku tegese ndungoke keselametane wong-wong sak alam jagad.

25. Wong niku, Nak kelangan gusti Allah meski pas sholat, niku mboten bakal nikmat.

Ex: Ibadah Nopo mawon sumonggo kito nikmati.
-sembahyang kito Rasake nikmate, dihayati makna-maknane bacaan-bacaan.e.

-ibadah Haji, kito Rasake Punopo mawon ibadah-ibadahe, syarat-syarat'e, rukun-rukun'e.

-Shodaqoh niku njih nikmat. Saget berbagi kebahagian kalih liya-liyane.

Nak kito memang saget ngrasake nikmate sedoyo wae, bakal ayem urip niki.
____
Wonten contoh Malih:

Contoh  orang makan. Yang bisa menemukan Rasa nikmat dan yang tidak bisa meraskan Rasa nikmat.

     Orang yang merasakan nikmat, dia akan menikmati proses apapun dari makan tersebut, memperhatikan lisan yang merasakan dari makanan tersebut, mulut, tangan, dan seterusnya.

     Berbeda dengan orang yang tidak bisa merasakan nikmat, ketika misal makan. Dia pun akan langsung makan, tidak merasakan Rasa nikmat dari proses makan tersebut.

     Maka, suatu yang harus kita syukuri adalah ketika kita bisa merasakan nikmat sesuatu apapun.

26. Mugi-mugo Jama'ah saget sumerep indahipun keluhurane Allah Ta'ala.
Mugi-mugo Jama'ah saget sumerep indahipun keluhurane Kanjeng Nabi.

27. Wong kok Nak sampun nate kepetok kanjeng Nabi, ora bakal ono makhluk Liyane sing ngalah-ngalahi seneng.e kito, songko ketemu kanjeng Nabi wau.

28. Mugi-mugi mawon, kito panjenengan saget tasih kuat mlampah, saget taseh ngaos. Ngarungi jagat niki ingkang dados Ayate Allah ta'ala..

___
Wallahu A'lam Bisshowaab..

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.