Kamis, 8 Maret 2018. K.H MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen-Demak.


1. Zakat'e ojo lali,. Shodaqoh'e ojo lali.
Kwi minongko syukur marang Gusti Allah.

2. Nopo mawon sing di paringke Gusti Allah, Kwi minongko sangking welas'e Gusti Allah.

Ex: Misal wongen cah cilik umur 5 tahun, dolanan peso. Konangan Wong tuo'ne. Yo mesti peso'ne di jaluk. Wedi Nak ngena'ni tangane. Kwi minongko welas'e Wong tuo, Wong tuo Wedi khawatir anak'e durung iso gunak'e piso kuwi.

Podo ugo, Gusti Allah maringi duet dateng kito sedoyo, Yo Njih mpun sing ditrimo kito niku.
Gusti Allah Khawatir kito mboten biso nggunak'e duwet sing akeh Nak di paringke kito sedoyo.

3. Kae ono omah bocor gon'e tonggone dinewangi.

Ibadah kuwi ora namung Wong sing cuma sholat Jama'ah ning masjid, dzikir wirid saben dino, poso saben Ramadhan, ngaji ning ndi-ndi, lan sak panunggalan'e.

Ibadah kuwi Yo iso rupo, tulung tinulung, dungo-dinungo, kerjo ning kantor kanggo nafkah'i anak-bojone, lan opo wae sing apek-apek.

4. Barang apek niku mboten bakal di tampek.

5. Misal ono Wong kok ngomong Nak Agomo Kwi angel, mesti ono sing salah karo pemikirane Wong niku.

6. Antepno dzikirmu ning jeroning roso.

7. Perang khondak.

Rasulullah shalallahu alaihi wassalam membagi para sahabat menjadi beberapa kelompok. Setiap kelompok terdiri dari 10 orang laki laki. Dan setiap kelompok itu bertugas menggali parit sepanjang 18 meter. Mereka menggali dengan alat seadanya, karena memang zaman dahulu belum ada peralatan seperti sekarang ini yang sudah canggih. Subhanallah begitulah pengorbanan kaum muslimin dalam membela Islam.

Parit yang digali Rasulullah shalallahu alaihi wassalam dan para sahabat sepanjang 2.250 meter. Lebar bagian atas kira kira 7 meter dan bagian bawah 4,5 meter. Sedangkan dalamnya lubang parit kira kira 3 meter.

Di saat itu juga, Rasulullah shalalallahu alahi wassalam terus memompa semangat para sahabat, dalam hadits Shahih Bukhari disebutkan dari Sahl bin Saad ia berkata, "...Tidak ada kehidupan selain kehidupan Akhirat, Ampunilah dosa orang-orang Muhajirin dan Anshar"

8. OJO SIRO BANGET-BANGET
Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo

MALAIKAT JURU PATI
Nglirak-nglirik marang siro

OLEH'E NGLIRIK MALAIKAT
Arep Njabut Nyowo Niro

OLEH'E NJABUT ANGENTENI
Dawuhe Kang Moho Mulyo

SAKWUSE DIDAWUHI
Banjur Tandang Karo Kondo

AKU IKI MUNG SAK DERMO
Kowe Ora Biso Semoyo.

9. "Yaa robbi bil musthofa, baligh maqo sidana, waghfirlana mamadho, ya wasi’an karomi…"

Artinya: "Wahai Rabbku, dengan (Nabi Muhammad) Al-Mushthafa, sampaikanlah segala maksud kami, ampunilah untuk kami apa yang telah berlalu, Wahai Yang Maha Luas kemurahannya.."

10. Ya Rosulallah.. Salaamun 'alaik.. dst.

يارسول الله سلام عليك ، يارفيع الشان والدرج

Wahai utusan Allah, semoga keselamatan tetap padamu, Wahai yang berbudi luhur dan bermartabat tinggi

عطفة ياجيرة العلم ، ياأهيل الجود والگرم

Rasa kasihmu wahai pemimpin tetangga, Wahai ahli dermawan dan pemurah hati

نحن جيران بذا الحرم ، حرم الإحسان والحسن

Kami tetangga di tanah haram ini. Tanah haram tempat berbuat baik dan memberi kebaikan.

نحن من قوم به سگنوا ، وبه من خوفهم امنوا

Kami dari kaum yang tinggal di tempat itu. Tempat yang mereka merasa aman dari ketakutan.

11. Wong sing sowan ning nggonku, Meski aku sampun ning kubur. Niku Podo karo sowan temenan maring aku.

13. Thola'al badru..

طَلَعَ الْبَدْرُ عَلَيْنَا مِنْ ثَنِيَاتِ الْوَدَاعْ  
وَجَبَ الشُّكْرُ عَليْنَا مَادَعَى لِلّٰهِ دَاعْ
 
14. Sholih niku predikat.
Mboten saget predikat Sholih Nak dereng nglampahi lampah sing kudu dilampahi tiyang niku.

Ex: sedoyo predikat niku wonten pelampahan sing kudu dilampahi.

-Dadi doktor, kudu nglampahi SD, SMP, SMA, S1, S2,.Nembe S3.

-Haji, kudu nglakoni syarat lan rukun'e rien.

-Poro Nabi, dados Nabi niku Njih nglampahi perjalanan panjang rien, Nembe didados'ke Nabi. (NABI Ayub, Nabi Yusuf, dll).

-Walisongo, dados wali niku Njih nglampahi perjalanan sing luwih abot tinimbang kalih tiyang-tiyang liyane, Perjalanan songko Arab, ora ono sing mbayati, mlaku dakwah, netep ning nggon sing didakwahi lan sak piturut'e.

Terua Nopo niku pelampahan sing kudu dilampahi ben dados tiyang Sholih?
Njih niku, ndadik'e sing remuk Dadi utuh, sing geger Dadi damai, sing ribut Dadi akur, di ece ora mbales, di kampleng ora ngampleng balik, lan sak piturut'e, sing panas Dadi adem.

Ora kok Nembe ngunjungi pengajian beberapa kali, apal hadits Nembe loro, lha kok ujug-ujuk Dadi Wong Sholih, mboten kados niku dul.

15. Diajak Dzikir ben selamet Dunyo-Akhirat.

16. Gusti Allah iku lak ngukur kemampuan'e awak'e dewe.

17. Ning Jagad iki sing cuma halalan wa thoyyiban iku cuma Banyu udan tok.

18. Lir-ilir, lir-ilir…
Tandure wis sumilir…
Tak ijo royo-royo tak senggo temanten anyar…
Cah angon-cah angon penekno blimbing kuwi…
Lunyu-lunyu yo penekno kanggo mbasuh dodotiro…

Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing pinggir…
Dondomono jlumatono kanggo sebo mengko sore…
Mumpung padhang rembulane,
mumpung jembar kalangane…
Yo surak'o … surak iyo…

19. Poro rawuh Jama'ah ingkang minulyo.

20. Ya Allah mugo-mugo.
Manah-manah'e Jama'ah saget dados setunggal ngantos dumugi kepanggih kalih Panjenengan.

21. Wallahu A'lam Bisshowaab.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.