KAMIS, 15 MARET 2018. MBAH MUNUF ZUHRI. JAMUNA. GIRIKUSUMO. MRANGGEN. DEMAK.

1. Sya'ir "Ilahilas" dari Abu Nawas

اِلَهِيْ لَسْتُ لِلْفِرْدَوْسِ أَهْلاً <> وَلاَ أَقْوَى عَلَى نَّارِ الْجَحِيْمِ

فَهَبْ لِيْ تَوْبَةً وَاغْفِرْ ذُنُوْبِيْ <> فَإِنَّكَ غَافِرُ الذَّنْبِ الْعَظِيْمِ

ذُنُوْبِيْ مِثْلُ عَدَدِ الرِّمَالِ <> فَهَبْ لِيْ تَوْبَةً يَاذَا الْجَلاَلِ

وَعُمْرِيْ نَاقِصٌ فِي كُلِّ يَوْمٍ <> وَذَنْبِيْ زَائِدٌ كَيْفَ احْتِمَالِيْ

اِلَهِيْ عَبْدُكَ الْعَاصِيْ أَتَاكَ <> مُقِرًّا بِالذُّنُوْبِ وَقَدْ دَعَاكَ

وَإِنْ تَغْفِرْ فَأَنْتَ لِذَاكَ أَهْلٌ <> وَإِنْ تَطْرُدْ فَمَنْ نَرْجُوْ سِوَاكَ


2. TEMBANG: TOMBO ATI

     Tombo ati iku ono limang perkoro:

1. Kaping pisan moco Qur'an sakmaknane.

2. Kaping pindo Sholat wengi lakonono.

3. Kaping telu wong kang sholeh kumpulono

4. Kaping papat weteng iro engkang luwe

5. Kaping limo dzikir wengi ingkang suwe

     Salah sakwijine sopo biso ngelakoni,

Insya Allah Gusti Pangeran ngijabahi.

3. Poro rawuh Jama'ah ingkang minulyo.

4. Larane loro niku loro Ati. Larane awak niku mboten nopo-nopone dibanding Larane loro Ati.

5. Wong Nak agawe pamer, niku amale mboten tekan pengeran. Amale njur mung tekan wong-wong ada sing dipameri.

6. Q.S Āli 'Imrān : 31

قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ

Artinya:

"Katakanlah (Muhammad): "Jika kamu mencintai Allah, ikutilah aku, niscaya Allah mencintaimu dan mengampuni dosa-dosamu.//" Allah Maha Pengampun, Maha Penyayang."

7. Nak awak.e dewe iki seneng kanjeng Nabi, tiru kalih kanjeng Nabi, manut kalih kanjeng Nabi FainsyaAllah saget parek kalih Gusti Allah.

8. Pas bodho (lebaran), ono Wong njaluk ngapuro, kok ora dingapuro, kwi luwih olo tinimbang Fir'aun.

9. Wong gampang mlebu surgo Nak Wong kuwi gampang ngapurone.

10. Dungok'e kanjeng Nabi, kwi cuma kanggo nyentel'ke atine kito supados saget angsal syafa'ate kanjeng Nabi.

11. Keuntungane mauludan itu apa?

Wong kwi Nak temenanan sergep sholat, kwi iso ndadik'e cedak marang GustibAllah.

Ex: Wong loro cedak dokter, disuntik gampang marine.

Wong cedak pak lurah, gampang nggawe KTP.

Dll.

Lha Nak Wong cedak marang Gusti Allah, Wong niku ora bakal kapiran.

Lha Wong Gusti Allah moho Sugih, moho kuoso, moho perso, moho pengapuro, Dll.

12. Podo ugo, Wong sing sholawatan, Maulidan marang kanjeng Nabi, kwi saget nyedak'e kito marang kanjeng Nabi.

13. Wong Nak akeh shodaqoh'e, kwi saget nyedak'e Berkah.

Wong miskin kwi mberkahi.

berkah'e Wong ora nduwe-nduwe kwi gede.

______

Doa agar menjadi miskin:

“Allahumma ahyinii miskiinan, wa amitnii miskiinan, wahsyurnii fii jumratil masaakiin”.

“Artinya : Ya Allah ! Hidupkanlah aku dalam keadaan miskin, dan matikanlah aku dalam keadaan miskin, dan kumpulkanlah aku (pada hari kiamat) dalam rombongan orang-orang miskin”.

14. Tilik Wong loro Berkah.

Sing jelas niku, saget ndadik'e cedak'e Ati niki marang Gusti Allah.

15. Wong kabeh niku kersane Gusti Allah.

Wong ora nduwe, cubo dodol sandal. Ekh kok laris men.

Ndelalah ono wae dalan.e Rizki.

16. Pirang-pirang Wong pinter urip'e rekoso.

Pirang-pirang Wong bodo urip'e mulyo.

Kok ono ngoten'e niku sebab'e nopo??

SEBAB'E niku njih, supados wong-wong Ben Podo mikir.

17. Ono udan Ora nggersah.

Ono susah ora nggersulo.

Ono bondo syukur'ano.

18. Sebab konco niku manfaat.

Manfaat ning dunyo njih manfaat ning akhirat.

Ex: Ditanya Allah saat di akhirat.

Kancamu iki pie? Wae Gusti.

Tau agawe olo? Kulo dereng nate ngertos Gusti.

Senajan Allah persone tiang niku ahli maksiat, tapi wonten konco/sedulur sebanyak 40 konco nyaksine/njawabi sing apik-apik kalih koncone kito.

Insya Allah konco niku di itung tiyang ingkang sae.

Nopo kok saget ngoten? Niku njih minongko Gusti Allah ngalah dateng makhluk'e, tapi minongko Gusti Allah melasi dateng Makhluk'e.

19. Dzikir wingi ingkang suwe.

Misal kito dereng saget dzikir piyambak'an ingkang suwe.

Nggolek'o coro, Nggolek'o ondo, Nggolek'o wasilah.

Sinten niku wasilah'e, wasilah'e njih niku kanjeng Nabi.

20. Mboten sah percoyo kalih tiyang-tiyang ingkang bid'ah-bid'ah'ke amalan-amalan.

Contoh tuduhan mereka kepada ibadah kita:

Dziba'an Bid'ah.

Sholawatan Bid'ah.

Sibtudduror'an Bid'ah.

Yasinan Bid'ah.

Zaroh Bid'ah.

Sedoyo niku mboten Bid'ah.

Mboten sah di gubris Nak enten tiyang sing ngomong kados ngoten niku.

Wong-wong niku njih mboten makani kito sedoyo.

21. 

اِلَهِيْ لَسْتُ لِلْفِرْدَوْسِ أَهْلاً <> وَلاَ أَقْوَى عَلَى نَّارِ الْجَحِيْمِ

فَهَبْ لِيْ تَوْبَةً وَاغْفِرْ ذُنُوْبِيْ <> فَإِنَّكَ غَافِرُ الذَّنْبِ الْعَظِيْمِ

22. Tips saat bersholawat kepada Kanjeng Nabi. Kito kudu ngertos maknane sholawat. Mikir sing sae-sae kalih kanjeng Nabi.

Tips'e njih niku:

Sing penting kito ningali/ngertos sholawat'e ingkang kito waos, niat.e kito sing bener, ditambah sing sabar, ojo kesusu. opo manih nganti mekso-mekso Gusti Allah Ta'ala supados lek ndang ngijabah doa-doa kito.

23. Jaman sak niki, niku jaman'e sing Sedoyo tiyang pengen'e serba cepet lan kudu keturutan.

Ex: Esuk nandur pari sore pengen'e panen.

24. Milo monggo kito katah-katah'i anggone sabar.

Sabar dateng punopo mawon ingkang nembe katekanan kalih kito.

25. Tulisan ning Bokong Trek:

"OJO SEPANENG LE, NYANTAI WAE"

26. Mugo-mugo diparingi selamet kalih Allah Ta'ala. (Aamiin).

27. OJO SIRO BANGET-BANGET

Nggonmu Susah Ning Alam Dunyo

MALAIKAT JURU PATI

Nglirak-nglirik marang siro

OLEH'E NGLIRIK MALAIKAT

Arep Njabut Nyowo Niro

OLEH'E NJABUT ANGENTENI

Dawuhe Kang Moho Mulyo

SAKWUSE DIDAWUHI

Banjur Tandang Karo Kondo

AKU IKI MUNG SAK DERMO

Kowe Ora Biso Semoyo.

28. Mugi-mugi mawon, Sedoyo pinaringan wilujeng dumugi Akhirat.

Sing nembe gerah saget sehat.

Sing nembe susah, diparingi gampil anggone nggolek Rizki.

Sing nembe omah-omah durung patek genah, diparingi ayem tentrem..

(AAMIIN)

29. Ya Allah kulo nyuwun,

Gesang berkah istiqomah.

Panjang umur sergep ngibadah,

Pinaringan khusnul Khotimah.

Ya Allah Jama'ah nyuwun,

Dandos'i kito niki.

Lahir Batin Sarono,

Manah Sae kang Suci.

___

اَمِينْ يَااللهْ يَارَحْمَنُ يَارَحِيمْ || اَنْتَ الْجَوَادُ الْحَلِيمْ وَاَنْتَ نِعْمَ الْمُعٍيْ

30. Monggo urip sing sediluk lan ora suwe niki.

Kito gunak'e kagem nggolek lemek ting kubur, kagem nggolek sangu kagem sowan ting ngersane Allah Ta'ala.

_____

31. WAllahu A'lam Bisshowaab..




Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.