Mbah Munif Zuhri. Girikusumo. Mranggen. Demak. Kamis, 4 Januari 2017.

Poro jamaah sedoyo ingkang minulyo.

1. Sumonggo kito akeh-akeh'e syukur dumateng Allah Ta'ala. Wong nak syukur kwi ndadek'e perkoro sing ora kepenak dadi iso kepenak.

Ex: Awak sehat, Rizki serba ono tapi tapi ora biso nikmati yo dadi ra enak.

Serba ora ono tapi awak kok biso nerimo, kwi yo ndadek'e kepenak'e sedoyone. Di syukuri mawon, njih pancen ngeten niki urip sing nembe dikersak'e kalih sing nggawe urip.

2. Ya Allah kulo nyuwun, gesang berkah istiqomah.
Panjang umur sergep ngibadah. Pinaringan khusnul khotimah.

3. Nopo mawon sing nembe diparingi kalih gusti Allah saat kito tasih gesang niki, tujuane njih niku cuma kito sedoyo ben emot (ingat) kalih Allah.

Ex: Di paringi cubo, diparingi susah, supados kito emot, dijajal, kito niki bakal sambat nopo mboten kalih gusti Allah.

Ex: Di paringi nikmat, Rizki berlimpah, supados kito emot Allah (syukur kalih Allah), dijajal kito niki bakal kufur nopo mboten Kalih Gusti Allah.

4. Umpane kito butuh rokok, sampun tekan warung sing dodol rokok, sampun tekan panggonan'e warung rokok, lha terus balik-balik kok ora nggowo rokok. Kwi ora salah'e warung rokok'e, kwi salahmu mergo ora nggowo duwit kanggo tuku rokok.

Ex: Misal manih, kito wis nggowo duwit, tapi kok jeh ora intuk hasil rokok, kwi yo ora salah'e warung rokok, kwi yo salahmu, mergo nggowomu kwi nggowo duit, tapi duwit-duwit'tan.

Podo ugo, misal kito ndungo kalih gusti Allah, ting majlis sholawat kados niki (Jamuna), misal durung hasil, kwi yo ora salah'e panggonan majlis niki lan mboten salah'e Gusti Allah, kwi yo saahmu, mergo ndungomu kurang tenanan, mulo ayo nak ndungo kalih Allah sing tenanan, di siapke Atine kito rien, supados tetep kemotan kalih Allah, njalanke perintahe Allah lan ninggal sedoyo ingkang dados larangane Allah Ta'ala.

5. Ya Allah kito nyuwun supados, dados tiyang-tiyang ingkang akhir'e dados tiyang ingkang sae. Aamiin.

Soale akhir'e tiyang niku mboten wonten sing ngertos.
Akeh tiyang ingkang awale sae, tapi akhire dados tiyang ingkang mboten sae.

6. Lir-ilir, lir-ilir…
Tandure wis sumilir…
Tak ijo royo-royo tak senggo temanten anyar…
Cah angon-cah angon penekno blimbing kuwi…
Lunyu-lunyu yo penekno kanggo mbasuh dodotiro…

Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing pinggir…
Dondomono jlumatono kanggo sebo mengko sore…
Mumpung padhang rembulane,
mumpung jembar kalangane…
Yo surak'o … surak iyo…

7. Poro jama'ah ingkang minulyo,
Ting dunyo niku, sedoyo mawon niku nggilani.
Cuma satunggal tok sing mboten nggilani, njih niku kanjeng Nabi.  Milo poro jama'ah sedoyo, monggo katah-katah'i anggene sholawat dateng kanjeng Nabi.

8. Q.S Ibrohim, Ayat 7.

وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ

wa-idz ta-adzdzana rabbukum la-in syakartum la-aziidannakum wala-in kafartum inna 'adzaabii lasyadiid (7).

Artinya: 

Dan (ingatlah juga), tatkala Tuhanmu memaklumkan;
"Sesungguhnya jika kamu bersyukur, pasti Kami akan menambah (nikmat) kepadamu, dan jika kamu mengingkari (nikmat-Ku), maka sesungguhnya azab-Ku sangat pedih".
_______________
Sedoyo punopo mawon kito syukuri sing dadi kersane Gusti, mboten sah milik kalih tiyang-tiyang sing liyo.

Kok aku ora koyo kae? Kok aku bedo karo kalih kae? Nak kito kok ngoten terus, mulo kito bakal mboten nate syukur kalih gusti Allah.

9. Jaman taon 70, sak kecamatan mranggen sing nduwe motor niku cuma 2. Sak niki sak wong do nduwe motor 2. Tapi, syukur'e wong-wong sak niki, niku sing do berkurang.

10. Sak niki, sampun katah masjid, sampun katah langgar, Adzan'e yo nggowo speaker, supados nopo? Njih supados kuping-kuping niki do ben krungu, ben supados moro, madep dateng pangeran, tapi nyotone njih sing ngrawuhi cuma sing adzan niku.

Padahal, sok mben niku masjid-masjid niku dados tumpak'an pas ting oro-oro makhsar, sing iso numpak sinten? Njih niku tiyang-tiyang ingkang biasane ting masjid niku. Ting masjid tapi njih mboten cuma numpang nguyoh tok.

11. Sing iso ndadek'e kito sesuk niku saget mlebu syurgo niku cuma kelakuan (laku, tumindak, mlaku, obah), mboten pikiran.

12. Wonten istilah, Nak wong wedok niku:
(Suwargo Nunut Neroko Katut).

Istilah niku njih kadang wonten bener'e.
____________
Contoh cerita:
____________

Ketika Rasulullah SAW masih hidup, tersebutlah seorang istri yang shalihah. Wanita setia ini begitu taat serta setia terhadap suaminya. Suatu hari, suaminya pergi berjihad untuk agama, sang suami hendak pergi memenuhi panggilan suci untuk berjihad dirinya beramanat pada istrinya.

"Istriku tersayang yang kucintai, aku akan pergi untuk berjihad meninggikan kalimat-kalimat Allah, sebelum aku kembali pulang dari berjihad, kamu jangan pergi kemanapun dan jangan keluar dari rumah ini".

Setelah berpesan demikian pada istrinya, berangkatlah si suami menuju medan jihad.
Beberapa hari kemudian, datanglah seseorang kepada wanita tersebut yang mengabarkan bahwa ibunya sedang sakit parah. Orang yang diutus tersebut mengatakan pada wanita sholihah itu untuk segera menjenguk ibunya.

"Ibumu saat ini sedang sakit keras, jenguklah dia sekarang"

Dengan gelisah wanita tersebut menjawab; "Saya mohon maaf yang sebesar-besarnya, bukannya tidak mau menjenguk, tapi saya dilarang keluar rumah sebelum suami saya pulang, tolong sampaikan permohonan maaf dan salam saya pada Ibu". Dan si utusanpun pulang tanpa membawa wanita tersebut.

Malam berlalu dan suami yang berjihad belum juga pulang. Keesokan harinya datang kembali seorang utusan yang mengabarkan bahwa ibu wanita tersebut meninggal dunia. Betapa sedih perasaan wanita sholehah ini, air matanya berlinang mendengar kabar ibu yang dicintainya telah pergi untuk selama-lamanya, bahkan disaat terakhirnya dia tidak berada disampingnya.

Utusan tersebut berkata "sekarang Ibumu telah tiada, datanglah untuk memberikan penghormatan terakhir sebelum beliau akan dikebumikan hari ini". Namun istri yang shalihal ini sambil mengangis tersedu menjawab "Bukannya saya tidak mencintai ibu saya, tapi saya memegang amanah suami saya untuk tidak keluar rumah hingga dia pulang dan memberi saya izin".
Dengan berat utusan tersebut pulang. Mungkin karena kesal dan heran dengan sikap wanita tersebut yang tidak mau datang walaupun ibunya sakit keras hingga meninggal dunia, si utusan pun akhirnya mengadukan permasalahan ini kepada Rasulullah SAW.

Dengan nada sedikit kesal ia berkata kepada Nabi SAW "Wahai Rasulullah, wanita itu sangat keterlaluan, dari mulai ibunya sakit hingga meninggal dunia dia tidak mau datang untuk menemui ibunya".

Rasulullah SAW bertanya "Kenapa dia tidak mau datang menemui ibunya?"

"Wanita itu mengatakan bahwa dia t idak mendapat izin untuk keluar rumah sebelum suaminya pulang berjihad" Jawab utusan yang mengadu ke Rasulullah SAW tersebut.

Lalu Rasulullah SAW tersenyum, kemudian Beliau berkata "Dosa-dosa ibu wanita tersebut diampuni oleh Allah SWT karena dia mempunyai seorang puteri yang sangat taat terhadap suaminya".

Itulah kisah seorang istri yang sholehah yang patuh dan taat kepada suaminya yang pada akhirnya mampu mengantarkan ibunya ke surga karena dosa-dosa ibunya telah di ampuni oleh Allah SWT lantaran memiliki anak yang sholehah, taat kepada suami.

***
Dalam kalangan pesantren, kisah diatas sangat populer, karena kisah ini tertulis pada salah satu Kitab karya Syaikh Nawawi Al-Bantani yakni Kitab Uqudulujian, salah satu kitab terpopuler yang membahas tentang tata cara hidup berumah tangga secara islami.

13. Milo poro rawuh jama'ah sedoyo.

Ning jaman sak niki, niku nggolek'i wong sabar, koyo nggolek'i inten kecemplung segoro.
Ojo manih nggolek'i, kito mawon njih dereng saget dados tiang ingkang sabar.

14. Wong nak agawe apek (ibadah), niku ngepenak'e awak'e dewe, sedoyo manfaat.e niku mbalik ting kito piyambak.

Wong nak maksiat, niku ngrekasak'e awak'e dewe, sedoyo sengsarane niku mbalik ting kito piyambak.

Ex: misal sedoyo manungso ibadah kalih gusti Allah, manfaat'e niku mboten dipek gusti Allah, tapi bakal mbalik ting kito sedoyo.

Ex: Ibarat ono anak dolanan lumpur ning ngarep omah, niku mesti bakal diamok kalih wong tuo. Meskipun anak pas dolanan lumpur sing bakal gopak niku mboten wong tuo'ne, mergo sangking welas'e wong tuo marang anak mongko wong tuo niku nglarang anak supados mboten gupak.

Gusti Allah, njih ngoten, nglarang perkoro ingkang awon, mergo wonten madorot, lan madorot niku bakal bahayani kito sedoyo. Niku sangking welas'e Gusti Allah kalih kito sedoyo.

15. " Gusti Allah niku remen kalihan hambane. Podo ugo wong tuwo marang anake Nalikane dolanan banyu got seng akeh sampah, lumpur, lan kotoran liyane.  Mesti wong tuwo bakal nglarang meskipun wong tuwone ogak melu kotor. Iki mergo punopo?? Iki amergo wong tuwo lorone iku sayang temenan marang anake. 

     Semono ugo Gusti Allah.  Allah niku mboten ngersaake hambane ciloko mlebu neroko utowo sengsoro ing sakjroning dunyo.  Mangkane Gusti Allah paring larangan iku mergo sayang. dudu berarti mbatesi tumindake manungso ing dunyo. Ananging amergo nalikane manungso biso nglakoni apik iku yo gawe keapikane awake dewe.  Nalikane iso ninggal perkoro olo,  iku yo gawe awake dewe. 

     Nalikane pengen due duit,  yoo dagang seng jujur,  nalikane pengen wong wadon,  yo dinikahi,  nalikane pengen dwe anak yo nikah dsek. Intine Gusti Allah niku remene temenanan marang hambane. Tinggal hambane iku remen kalihan Allah lan awakke mboten?? " 

16. Jaman sak niki, niku do nggolek seneng karo kepenak'e dewe, mboten mikir apek opo orak'e kanggo awak'e dewe.

17. Membaca dan mengistiqomahkan sholawat dalam kehidupan sehari-hari:

-Sing gadah anak, nglela-lelak'e anak'e pas turu di wacak'e sholawat.
-Pas meh budal lungo kenyang pundi mawon, motor starter, sepanjang perjalanan moco sholawat.
-Wayah nganggur, ditinggal moco sholawat.
-Pas nembe loro, ditinggal moco sholawat.
-Pas nembe masak, nyapu, umbah-umbah, asah-asah nyambi moco sholawat.
-Pas nembe ngenteni wayah'e sholat, ditinggal sholawat.
-Pas nembe numpak bis, ditinggal moco sholawat.
-Pas nembe nonton TV, pas iklan ditinggal moco sholawat.

Punopo mawon, wonten kesempatan, wonten waktu luang, saget ditinggal lan disambi moco sholawat.

18.  Do'a dari mbah Munif.

"Mugo-mugo kito diparingi selamet, selamet sekabehan'e, yo selamet palungguhan'e (jabatan.e), selamet keluargane, selamet penggawean'e, lan sak panunggalan.e.

Mugi-mugi kito dipaeingi khusnul khotimah, urip seger-buger sehat wal afiat, mugi-mugi jama'ah diparingi padang pikir'e, paringano sae keluargane. Mugi-mugi jamaa'ah niki gadah manah ingkang temen dateng kanjeng Nabi.

Mugi-mugi mbesok ning akhirat kepanghih kalih kanjeng Nabi, saget mlebet surgo kalih kanjeng Nabi.

Mugi-mugi jama'ah niki, gadah manah ingkang sabar, gadah manah ingkang syukur, saget angsal pitedah supados sae lampahe, pinaringan urip berkah nderek kanjeng Nabi.

Mugi-mugi wilujeng ting dunyo dumugi wonten ing akherat. Kersanepun mbenjang saget sumerep dateng kanjeng Nabi." Aamiin.

19. Sholawat badr..

Lafadz shalawat ini sebagai berikut:

صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ  *  عَـلَى طـهَ رَسُـوْلِ اللهِ
صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ  *  عَـلَى يـس حَبِيْـبِ اللهِ

تَوَ سَـلْنَا بِـبِـسْـمِ اللّهِ  *  وَبِالْـهَادِى رَسُـوْلِ اللهِ
وَ كُــلِّ مُجَـا هِـدِ لِلّهِ  *  بِاَهْـلِ الْبَـدْ رِ يـَا اَللهُ

shalatullah salamullah ‘ala thoha rosulillah
shalatullah salamullah ‘ala yaasiin habibillah

tawasalnaa bibismillah wa bil hadi rosulillah
wa kulli majahid fillah  bi ahlil badri ya Allah

Artinya :

Shalawat Allah dan salam-Nya semoga tercurah kepada Thaha Rasulullah.
Shalawat Allah dan salam-Nya semoga tercurah kepada Yasin Habibillah.

Kami bertawassul dengan nama Allah dan dengan pemberi petunjuk, Rasulullah.
Dan dengan seluruh orang yang berjihad di jalan Allah, serta dengan ahli Badr, ya Allah.

***
Dalam shalawat badr tersebut terkandung beberapa hal:
a. Penyebutan Nabi dengan habibillah.
b. Bertawassul dengan Nabi.
c. Bertawassul dengan para mujahidin dan ahli Badr.

20. Kulo nyuwun, mugo-mugo, jumat ngajeng tasih saget ngaji malih, pinaringan panjang Umur. Aamiin.
_____________________________
Wallahu A'lam Bis Showaab.
______________________________

Nb: Mohon Saran dan Masukan. Suwuun..
Rangkuman lainnya baca di sini, Mbah Munif Note's.


Follow akun Ig: @ekspedisizaid


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.