GIRIKUSUMO, MRANGGEN. DEMAK Mbah Munif Zuhri Kamis, 14 Desember 2017

GIRIKUSUMO, MRANGGEN. DEMAK
Mbah Munif Zuhri
Kamis, 14 Desember 2017
*****
Berikut ini merupakan ringkasan acara rutinan setiap kamis malam bertempat di Girikusumo, Mranggen, Demak.
Jama'ah Muji Nabi (JAMUNA) Pimpinan K.H Munif Zuhri

______________

1. Poro rawuh, jamaah sedoyo ingkang minulyo.

2. Gusti Allah dawuh wonten teng Al quran

إن الله لا يغير ما بقوم حتى يغيروا ما بأنفسهم

“Sesungguhnya Allah tidak mengubah apa yang ada pada sebuah kaum hingga mereka mengubah apapun yang ada pada diri mereka.”

3. Jaman sak niku mpun katah ilmu ingkang gampil di golek'i

Contoh:
Ilmu tentang keamanan njih katah, gampang di golek'i.

Ilmu tentang akhlak njih katah, gampang diakses.

Ilmu tentang ekonomi njih katah,  tur gampang ketemune.

Ilmu tentang punopo mawon mpun katah lan gampang diakses.

Pengajian njih mpun wonten teng pundi mawon.

Kyai lan ulama' njih mpun mboten itungan. Sangking katahe.

Majlis sholawatan njih mpun katah (Habib syekh, Habib Lutfi, dll).

Al quran njih mpun katah sing do ngapalke (tapi njih katah tiyang ingkang dereng nggadahi akhlak Al quran).

TETAPI,
Anehe teng jaman sak niki, njih katah tiyang ingkanh taseh paten-patenan, katah kejadian kriminal teng pundi mawon.

Niku sebab.e nopo??

Sebab.e njih niku kurang.e ngamal lan ngamalke ilmu-ilmu niku, lan katahe tiyang ingkang mboten gadah akhlak ingkang mulyo (Akhlaqul karimah).
Mongko, kanjeng Nabi dipun utus, kagem nyempurnake Akhlake sedoyo manungso.

4. Mpun, mboten sah neko-neko. Rodo dikurangi angen-angene (pikiran-pikiran sing ora-ora).

5. Ya Allah kulo nyuwon diparingi urip ingkang berkah?

Urip ingkang berkah niku sing kados pundi?
Nopo kados tiyang ingkang mboten gadah masalah?

Nopo tiyang ingkang katah rizqi berlimpah??

Mboten, Mboten niku..

Urip ingkang berkah niku, urip ingkang atine tetep ngibadah marang Allah, meskipun urip.e nembe dipun uji kalih cobaan ingkang berat.
Senajan urip niku mboten koyo ingkang sing  dikersake, tapi tetep syukur dateng urip ingkang dipun kersake Gusti Allah.

6. Amal ingkang ditampi Allah, inggih puniko amal ingkang  ikhlas songko Ati.

7. Milo poro rawuh jamaah ingkang minulyo, Mboten sah dipun susahi kejabi urip ingkang keset kagem sangu teng akherat.

8. Ya Allahu Ya Allah Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah.
Ya Allahu Ya Allah Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah.

Ya Allahu Ya Allah Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah.
Ya Allahu Ya Allah Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah, Ya Allahu Ya Allah.

Niku Doa ingkang gampil, sedoyo tiyang saget doa kados niku. Diajeki (di baca secara terus-menerus)  wiridan.e lafadz niku. Insya Allah diparingi urip ingkang berkah.

9. Jaman sak niki, niku..
Dikatahi mendele mawon, mboten sah akeh omongane. Sing penting atine akeh sambat dateng Allah Ta'ala.

10. Nak bade pengen kepenak kudu wani ninggal kepenak.e dunyo.
Dunyo niku mboten syurgo. Syurgo niku mpun benten Alam.
Ojo nganti Urusan dunyo nganti ngalang-ngalangi urusan Akherat.

Contoh:
Pas nembe loro, ojo digawe alesan mboten mangkat ngaji.

Pas mboten gadah nopo-nopo, ojo digawe alesan mboten  shodaqoh.

Pas nembe kerepotan (sibuk), ojo nganti digawe alesan ora ngibadah dateng Allah.

11. Segoro Niku jero.
Ojo mikir,
Pie carane ben segoro niku dados cetek? Mboten mikir kados niku.
Tapi mikir.e kudu, carane niku nyelemi segoro dengan cara yang aman.

Langit niku duwur.
Ojo mikir,
Pie carane ben langit dados cedak? Mboten mikir kados niku.
Tapi mikir.e carane Njih niku, numpak motor mabur ben iso menduwur.

12. Sing penting ditoto Atine, insyaAllah uripe berkah.

13. Monggo kito sedoyo, ndungo sareng kagem Muslimin -Muslimat teng manci negari ingkang nembe diparingi musibah, dilanda perang. Supados saget damai kados teng negeri indonesia niki. Saget ngrasake agawe ingkng tenang, ngibadah ingkang tenang, lan kumpul-kumpul sareng dulur-dulur ingkang tenang. Aamiin..

***
Wallahu A'lam Bisshowaab..

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.