Mbah MUNIF ZUHRI (JAMUNA) 23 Nopember 2017

GIRIKUSUMO, MRANGGEN. DEMAK
Mbah Munif Zuhri
Kamis, 23 Nopember 2017

*****
Berikut ini merupakan ringkasan acara rutinan setiap kamis malam bertempat di Girikusumo, Mranggen, Demak
Jama'ah Muji Nabi (JAMUNA) Pimpinan K.H Munif Zuhri.
____________

1. Poro rawuh, sedoyo jamaah ingkang Minulyo.

2. Tujuane urip niku, supados kito sedoyo ngawulo dateng Gusti Allah Ta'ala.

Ex. Sing jenenge ngawulo kwi ora ono sing kepenak, contohe yo koyo kerjo niku dados karyawan, misal karyawan kayu. Proses awal ngantos akhir mboten wonten leren.e (mulai ngerjake songko kayu glondongan, diresik.i, digraji, diukur-ukur, nembe dibentuk pengen didadike opo, nak wis dadi, mengko mbaleni proses awal).

3. Nak misal ati saget melek, saget weruh kebahagian sing haqiqi mongko ati kwi bakal tetep ngawulo dumateng Allah Swt.

4. Pancen manungso niku asline kakehan duso.
Contohe:

a.) Wedus, kwi yo doyan mangan, tapi blas ora ono wedus sing numpuk-numpuk panganan kanggo dino sesuk.e (kwi sangking tawakal.e wedus dateng Allah Swt), nak kito, senengane numpuk-numpuk bondo, koyok-koyo nak ora numpuk-numpuk sesuk ora bakal iso mangan (seakan-akan ati iku ora percoyo karo Gusti Allah sing wenehi Rizqi).

b.) Kadal, niku njih blusukan saben awan, tapi ndelok.o ora ono kadal sing busik, kadal tetep kinclong, padahal yo ra tau adus. Nak kito, mpun adus bola-bali yo tetep wae busik, niku wau sangking tawakal.e kadal, nak kita koyo-koyo ning ati serba was-was, khawatir, akeh pikiran sing ora-ora dumateng pangeran Allah Swt.

c.) Kucing, niku nak ngiseng yo ora tau cewok, ora tau adus, yo kadang mangan batang tikus barang, tapi kenopo kok kucing kwi ora mambu, benten kalih kito sedoyo, yo mpun sikatan, ora tau mangan batang, ngising yo tetep cewek, tapi kok yo jeh mambu apek ki lho. Iku mergo kucing ora tau ngrasani tonggone, makane warna kucing sing ireng yo tetep soyo ireng, sing putih yo tetep tambah putih, lan kito niku mergo kakehan duso, untu sing jan.e putih ki lho, yo dadi kuning. Mulo ayo, ngresik.i Ati, noto ati, tambah tawakal.e dumateng Allah Ta'ala.

5. Mugo-mugo berkahe kanjeng Nabi Sumrambah dumateng kito sedoyo. (Aamiin).

6. Nabi Muhammad, lahir wonten ing bulan Maulud (tanggal 12) enten riwayat pas malam tanggal 12, ada riwayat pas siang hari, ada riwayat lain Nabi lahir pas Ba'da shubuh. Nabi Muhammad niku, wong paling apik sak dunyo, mboten wonten sing madani kados apek.e kanjeng Nabi. Kanjeng Nabi mboten nate gersah dateng Allah Swt. Milo sok nak wonten kesempatan Zaroh ting kanjeng Nabi, akeh-akeh.i anggone muhasabah diri, nyadari, matur kalih kanjeng Nabi (Ngakoni nak kito sedoyo niku umat paling awoon, paling mbeling, dereng saget nyenengke panjenengan, tapi njih pingen saget iso dadi umate panjenengan sing cinta kalih panjenengan, sing pengen angsal berkahe panjenengan).

7. Kenapa perang Uhud umat Islam mengalami kekalahan?

8. Gunakan cara yang baik untuk perbuatan dan tujuan yang baik pula.
Ex: arep shodaqoh tapi nggowo duet hasil maling? (shodaqoh.e apik, tapi maling kwi agawe olo).
Ojo koyo nguno kwi, perbuatan baik tapi menggunakan dengan cara yang tidak baik.

9. Kita semua harus punya 'Rasa Memiliki' Negara Indonesi, agar ketika ada oknum yang mencoba merusak Indonesiq, kita sebisa mungkin harus membela Negara Indonesia.

IBARAT.E:
Kyok kito sedoyo gadah bojo, lha terus bojone kito digudo kalih wong liyo, mongko kito sedoyo kudu mbelo, nglindungi bojone kito.

PODO UGO:
Kito gadah negoro, lha terus negorone kito di rusak kalih oknum-oknum perusak negara, mongko kito yo kudu membela negara kita.

10. HAM (Hak Asasi Manusia)

11. HAN (Hak Asasi Negara)

12. HAB (Hak Asasi Bangsa)

Ex. Jangan hanya mikir HAM saja, HAM kalau menurut arti bahasa arab artinya niku “Susah”.

13. Sesuk, sing nuntun kito ting panggonan peteng, sing mboten nate diambah? Sopo? Mboten wonten kejobo Kanjeng Nabi.

14. Sesuk, sing grogohi kito sedoyo pas ning Neroko sinten? Mnoten wonten kejobo Nabi Muhammad Saw.

15. Kabeh-kabeh Wali-wali mbiyen niku, njih podo nuntun supados podo iso gondelan kalih Kanjeng Nabi.

16. Akeh kerusakan ning laut, ning darat, mergo kerusakan songko manungso. (kasabat aidinnaas: ……)

17. Nak ono wong, kok ijek ngrumongso urip.e ora kepenak. Kwi mesti salahe wonge dewe. Lha wog Gusti Allah sampun ngonkon kon dungo, kon matur, kon njaluk, mongko kudune yo gerek njaluk, rak sah kesusu ngersah mergo wis ndungo tapi durung di ijabah, sabar ngentosi proses.e.

Ex. Ibarat.e wong nggawe KTP, butuh Surat pengantar Rt, surat pengantar Rw, kelurahan,  gowo ning kecamatan sing bagian ngurusi KTP, di proses riyen. Nunggu cetak, kwi yo kadang butuh waktu sediluk yo kadang butuh waktu suwi, sing sabar, ojo kesusu.

*****

Wallahu A'lam Bisshowaab.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.