Mbah Munif Zuhri, Girikusumo. Mranggen. Demak. Kamis, 30 Nopember 2017

1. Ya Allah kulo nyuwun, gesang berkah istiqomah. panjang umur, sergep ngibadah. pinaringan khusnul khotimah.

2. Mugi-mugi mawon kulo-panjenengan soyo tambah senenge marang kanjeng Nabi.

3. Bungahe ati nalikane ora ono sing disenengi kejabi kanjeng Nabi.

4. Sanjange ulama sepuh riyen, Nak wayah udan yo ojo njaluk panas, nak wayah panas yo ojo njaluk udan. nak pas udan ora pengen kudanan yo nggowo jas ujan. nak wayah panas pengen udan yo nduduk sumur. Digawe gampang wae.

5. Dadi nak urusan-urusan kalih kanjeng ora intuk disambi, kudu disela-selakke.
Nak agawe kok mbik disambi, berarti wonten ting ati niku sing luwih utomo tinimbang kanjeng Nabi.

6. Ya Allah kulo nyuwun, gesang berkah Istiqomah. lancar umur sergep ngibadah. pinaringan khusnul khotimah.

7. Nak menawane nembe nganggur-nganggur ning omah, ngentosi bojone balik kerjo, ngenteni anak bali sekolah, daripada lisanne nganggur, yo wis pujian kuwi wae "Ya Allah kulo nyuwun, gesang berkah Istiqomah. lancar umur sergep ngibadah. pinaringan khusnul khotimah"

8. Sing apik soyo ora payu, sing payu yo sing ora apik-apik kwi mau.

9. Lir ilir lir ilir
Tandure wong sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo

10. Ivan Band GOVINDA
NYANYI:

Thola'al badru 'alainaa..
_____
Kau jaga selalu hatimu
Saat jauh dariku
Ku selalu menyayangimu
Sampai akhir ku menutup mata..
_____

11. Ning jaman saiki arep noto ati, dereng dangu mawon mpun kecocok-cocok liya-liyane.
Misal arep ngukir lafadz Allah mawon ning Ati, dereng dangu mawon mpun wonten mawon gudo-gudone.

12. Mpun sing penting ati iki ijeh ono roso seneng marang kanjeng Nabi.

13. Ati niku mboten ikhlas mawon pas sholawat dateng kanjeng Nabi tetep angsal berkahe kanjeng Nabi, lha nak ati kuwi ikhlas anggone sholawat dareng Nabi, mpun cum Gusti Allah mawon sing saget ngitung berkahe, sangking akehe berkahe.

14. Nopo mawon sing di enggo kito sedoyo mbuh nopo mawon niku dados berkah (duwit ning kantong, klambi sing dienggo, banyu ning ngarepan) sedoyo mawon niku dadi berkah pas kito sedoyo sholawatan dateng Nabi Muhammad Saw.

15. Mugi-mugi mawon sedoyo sing rawuh, atis sing dirasake pas nembe udan kados ngeten niki, niku dados sing berkah. Aamiin

16. Sinten mawon nak ditakoni, Sampean seneng mboten kalih kanjeng Nabi. mesti jawabane do seneng.
"Seneng kalih bojo, ditumbasno kalung.
Bojo njaluk omah, dikontrakno.
anak njaluk nopo mawon, dituruuti"

Terus kito sedoyo buktine seneng kalih kanjeng Nabi niku nopo??

Mpun tumindak nopo mawon sing wonten hubungane kalih kanjeng nabi, ojo nganti bakhil. sing loyal mboten sah eman-eman. mergo cuma kanjeng nabi mawon aing saget nyafa'ati kito sedoyo, konco, wong tuo, guru mboten saget sedoyo.

17. Wong bagus.e koyo opo yo iso tuo
wong ayune koyo opo yo iso tuo
wong gagah.e koyo opo yo iso tuo
wong sugeh, disegani saiki njih mpun dikubur, diidak-idak njih mboten dangu.

Misal wonten tiyang kok tahajut sing istiqomah
mangkat kaji nganti berkali-kali
poso mutih ora tau batal.
niku mboten kanggo nak ning ati mboten wonten roso seneng marang kanjeng Nabi, mergo dalan tumuju marang Allah niku kuncine sing mbeto njih kanjeng Nabi.

18.

لَقَدْ جَاءَ كُمْ رَ سُو لٌ مِنْ أَ نْفُسِكُمْ عَزِ يزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِ يصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْ مِنِينَ رَ ءُو فٌ رَ حِايمِ * فَإِنْ تَوَ لَّوْ ا فَقُلْ حَسْبِيَ اللهُ لاَ إِلهَ إِلاَّ هُوَ عَلَيْهِ تَوَ كَّلْتُ وَ هُوَ رَ بُّ الْعَرْ شِ الْعَطِيمِ *

إِنَّ اللهَ وَ مَلاَ ئِكَتَهُ يُصَلُّو نَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِ ينَ آمَنُوا صَلُّو ا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوا تَسْلِيمًا *

Artinya: "Sesungguhnya telah datang kepada kamu seorang Rasul dari golongan kamu sendiri (yaitu Nabi Muhammad s.a.w.), yang menjadi sangat berat kepadanya sebarang kesusahan yang ditanggung oleh kamu, yang sangat dermawan (inginkan) kebaikan bagi kamu, (dan) ia pula menumpahkan perasaan belas kasih sayangnya kepada orang-orang yang beriman.

Sesungguhnya Allah dan para malaikat-Nya berselawat (memuji dan berdoa) ke atas Nabi (Muhammad s.a.w). Wahai orang-orang yang beriman berselawatlah kamu ke atasnya serta ucapkanlah salam dengan penghormatan kepadanya"

19. Kanjeng Nabi melasi.ne dateng umate niku ngluwihi melasine ibuk marang anak.
ex: Ibu niku lha njih sak melas-melasine tiyang, ibu gadah anak kalih, sing setunggal ciri sing setunggal normal, niku njih dirumat kalih ibu sedoyo. sok kadang sing ciri niku luwih disayang ibu. lha kanjeng nabi niku ngungkuli welas.e dateng umate tinimbang ibu marang anak wau.

20. Kanjeng Nabi sampun dados tulodho sing sanget saene.

21. Meri.o kalih kanjeng Nabi. meskipun kanjeng nabi mboten gadah punopo-punopo, kanjeng nabi saget tetep ibadah marang Allah Swt.

22. Kiyai jaman saiki mboten koyo jaman kanjeng Nabi.
shohabat Abu Bakar. Rela menyedekahkan seluruh harta benda hingga tidak punya apa-apa lagi.
Shohabat Umar. Cuma gadah pakain serunggal toktil, niku njih nerimone dateng Allah mboten nganggu ngibadahe marang Allah lan senenge marang kanjeng Nabi.
contoh sing kados ngoten niku ning jaman saiki mpun mboten wonten.

23. Ojo siro banget banget
Nggonmu bungah ono dunyo

Malaikat jurupati
Nglirak lirik marang siro
Nggone nglirik malaikat
Arep njabut nyowo niro

Nggone jabut angenteni
Dawuhe kang Moho Mulyo

Sak uwise di dhawuhi
Banjur  tandang karo kondho

Aku iki mung sak dermo,
Kowe ora keno semoyo

24. Jaman sak niki. niki sing katah njih nggolek.i senenge awak.e dewe.
Mulo kudu toto-toto anggone nulung tonggo, supados kanggo sangu ngadep marang Allah Ta'ala

25. Link Yiutube https://youtu.be/LiW1ThsWALs

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.