JAMUNA (Jamaah Muji Nabi) GIRIKUSUMO, 02 Nopember 2017

GIRIKUSUMO. Mranggen. Demak

MBAH KH. Munif Zuhri

Kamis, 02 November 2017

___________

1. Wong nak ngaku seneng marang Gusti Allah, kwi yo bakal ditagih karo Gusti Allah, opo buktine nak seneng marang Gusti Allah? Opo saksine nak seneng marang Gusti Allah.
Nak dicoba sugeh do seneng, tapi nak dicoba susah, kere do ora kuat.

2. Poro rawuh jamaah ingkang minulyo.

3. Nak mung tiru-tiru niku mboten ilmu, soale nak tiru-tiru niku mboten mesti bener.e

4. Al-Qur’an niku songko belajar Alif, Ba’, Ta’. Lanjut sinau nggandeng huruf bent iso dadi kalimat, lanjut sinau Tajwid, Makhrojul huruf, nganti sinau nglaguk.ke Al Qur’an, niku penting sanget.

5.  Manungso, lahir cenger niku mboten nggowo nopo-nopo, yo ora mikir sing werno-werno. Sok mati yo bakal ono sing ngeterno. Mulo ojo nganti lali sholawat marang kanjeng Nabi Muhammad.

6. Mugo-mugo mawon, sing bakal nuntun urip.e kito sedoyo urip ning Alam dunyo niki kanjeng Nabi. Kanjeng Nabi niku sayaaang sanget dateng Umate. Ngantos pas kanjeng Nabi ajeng wafat. Sing dikhawatirke Njih umat.e nganti sanjang kalih Mailkat, mangkih Umatku bakal kepiye nak tak tinggal? Ngantos Kanjeng Nabi nyebut umat.e nganti ping telu. Ummatku, Ummatku, Ummatku.

7.  Meh iman karepmu, meh kufur karepmu. Tapi sok ditanggung dewe resikone.

8. Ncen manungso niku mpun di jatah mbeling (akeh salahe, akeh laline), tapi Insya Allah, wong-wong sing mbeling niki (Insya Allah) nak angsal Hidayah bakal diparingi kesempatan Taubat dateng Allah Swt.

9 . Sholih Niku artine patut, pantes.

10. Laa Ilaaha illAllah (Tiada Tuhan selain Allah). Ayok nyebut Allah. Ojo Tuhan..
Nak Allah, di gawe Dzikir kwi enak diucapke (Allah.. Allah, Allah, Allah, Allah).
Nak Tuhan gawe dzikiran kwi nggilani (Tuhan. Tuhan. Tuhan. Tuhantu. Hantu. Hantu) malah dadi Hantu.

11. Mboten kapiran Akherat.e mboten kapiran Dunyane, nak pancen ati iki nderek Gusti Allah.

Diibaratke Akhirat kwi sebelah kulon.
Dunyo kwi sebelah Wetan.

Terus diibaratkan Lagi,

Terang cahaya yang menyinari Jagat Dunia ini ibarat matahari yang ada disebelah Timur (adalah Duniawi).

Dan Senja surup cahaya matahari disebelah Barat (adalah Akhirat).

Maka dari itu,

Nak wong kok ngoyak padange Matahari disebelah Wetan (mengejar Duniawi), dia akan kehilangan senja dibarat (Kehilangan Akherat).

Tetapi kalau dia tetap berada dan menuju kebarat (mengejar Akhirat) maka Matahari disebelah timurlah (Duniawi) yang akan mengikutinya.

___________
Link Youtube:

https://youtu.be/_URH0Fq0H4U

https://www.youtube.com/user/khoirulimdad

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.