AHAD, 25 MARET 2018. Pon-Pes Al-ITQON. BUGEN-SMG. K.H KHARIS SHODAQOH. AL-IBRIS (Q.S ALI IMRON: 69-77)


(Q.S ALI IMRON: 69)

Siji waktu wong Yahudi ngajak-ngajak marang Sahabat Mu’adz, Khudaifah, lan liya-liyane, diajak mlebu agomo Yahudi, nuli ayat iki temurun:


Segolongan sangking Ahli Kitab iku podo nduwe karep nyasar’ake siro kabeh, (wong-wong mukmin ora podo gelem) nanging sejatine malah nyasar’ake awak’e dewe, mergo dosa’ne mbalik marang awak’e dewe, dewe’e ora podo rumongso.


(Q.S ALI IMRON: 70)

Hai Ahli Kitab, keno opo siro kok podo kufur marang ayat-ayate Allah, ing mongko siro kabeh wus ngerti yen ayat-ayat mau haq?


(Q.S ALI IMRON: 71)

Hai Ahli Kitab.

Yo gene siro kabeh teko nyampur perkoro kang haq kelawan perkoro bathal (bathil), lan wani-wani nyingitake perkoro kang haq (sifat-sifate Nabi Muhammad Saw) ing mongko siro kabeh podo ngerti yen Na’tunnabiyyi iku haq.


(Q.S ALI IMRON: 72)

Sak golongan sangking Ahli Kitab ngandani marang konco-konco’ne:


Ayo podo Iman marang Qur’an ing waktu isuk (pagi), nuli ayo podo kufur ing waktu sore, mbok menowo wong-wong mukmin podo mbalik, jalaran yen kito iki isuk (pagi) mlebu Islam, sore metu sangking Islam iku mesti dianggep metu kito iku jalaran kito ngerti Bathal’e (Bathil) Islam.


(Q.S ALI IMRON: 73)

Golongan Ahli Kitab mau podo ngandani konco-koncone:


Siro kabeh ojo podo percoyo yen ono wong ngaku diparingi kitab lan hikmah, kejobo yen wongkang ngaku mau golongan Agomo iro kabeh. Utowo ojo percoyo yen wong-wong mukmin biso ngalah’ake Hujjah iro kabeh ono ing ngersane Pengeran.


(Kanjeng Nabi didawuhi supoyo dawuh:

Sak benere pituduh kang yekti iku pituduh’e Allah Ta’ala. Lan supoyo dawuh yen kanugerahan iku ono ing Astane Allah Ta’ala. Allah Ta’ala maringaken kanugerahan mau marang sopo wae kang dikersa’ake).


(Q.S ALI IMRON: 74)

Allah Ta’ala iku kagungan haq nertemtu’ake Rohmat marang sopo wae kang dikersa’ake. Dadi Ahli Kita bora nduwe haq mekso supoyo Rohmat mau tetep ono golongane.


(Q.S ALI IMRON: 75)

Setengah sangking Ahli Kitab iku ono kang lamun siro percoyo duwet (uang) akeh dewe’e tetep jujur (koyo Abdullah bin Salam). Lan ono kang lamun siro percoyo sak dinar wae dewe’e ora jujur jalaran sangking khianat’e (koyo Ka’ab bin Asyrof) kejobo yen siro tetep nunggoni, semongso siro nisih dewe’e yo nuli ingkar. Kang koyo mengkono iku jalaran dewe’e nganggep yen nganingoyo marang wong kang nulayani agomone iku di halal’ake Pengeran, dewe’e podo gawe goroh (bohong), kandane, yen mengkono iku dawuhe Allah Ta’ala. Ing mongso sejatine dewe’e wus podo weruh goroh’e dewe.


(Q.S ALI IMRON: 76)

Sak benere iyo dewe’e tetep dosa.

Sopo wae kang nuhoni janji lan wedi ing Allah Ta’ala, Allah Ta’ala demen marang wong-wong kang podo taqwa.


(Q.S ALI IMRON: 77)

Sejatine wong-wong kang podo ngijol’ake janjine Allah lan wong-wong kang podo ngijol’ake sumpahe di iol’ake kelawan duwet (uang) kang sitik iki wong-wong kang ora duwe bagian ganjaran akhirat lan bakal di benduni Allah Ta’ala, lan bakal ora diwelasi ono ing dinone kiamat, dewe’e malah bakal oleh sekso kang loro.


__________

(((Penjelasan dari Mbah Kharis Shodaqoh)))


1. Milo sing ati-ati, Ahli Kitab (Nasrani-Yahudi) “ila Yaumil Qiamah” bakal terus nasar’ake wong-wong Islam.


Ex: Di iming-imingi SPP Gratis, ojo nganti pingen.

Di iming-imingi Indomie sak Dos, ojo nganti gelem mlebu Agomone.

Sekali Islam, tetep Islam.


2. Misal wonten tiyang kok ajak-ajak ning barang olo.


Mongko, tiyang niku podo karo nglakoni barang olo wau, meski wong wau niku mboten nglakoni barang olo.


Ex: ono wong ngajak maksiat. Sing ngajak ora nglakoni. Sing diajak malah nglakoni maksiat. Mongko sing ngajak-ajak nglakoni maksiat mau, podo wae nglakoni maksiat. (minongko dadi sebab’e wong sing diajak nglakoni agawe maksiat wau).


3. Wong nak ajak olo, niku podo wae nglakoni olo.

Milo kudu dibiasake nak ajak-ajak niku, ajak-ajak sing sae-sae.


4. Tiang-tiang Ahli kitab ingkang Munafiq (Taurat-Injil) niku podo ngufuri, tumeko tekan Kitab AL-Qur’an tetep podo dikufuri.


5. Ahli Kitab ingkang Munafiq podo ngowah-ngowahi barang kang bathil lan barang kang Haq. Supoyo wong-wong sing anyar teko ben podo ora ngerti.


Barang kang Haq: Sifat-sifat’e Kanjeng Nabi kang wis cetho ning Taurat lan Injil, di umpet’ake, kanggo kepentingan-kepentingan mereka (kepentingan yang bersifat Duniawi).


6. Ahli Kitab ini, waktu dulu pernah berkumpul. Berjumlah 12 orang. Membahas, menyusun serta memikirkan bagaimana cara agar orang-orang Islam kembali memeluk Agama Yahudi/Nasrani. maka Akhirnya mereka sepakat, kalau mereka akan masuk Islam di saat Siang hari, dan sorenya keluar dari Agama Islam.

Dengan tujuan, agar orang-orang Islam yang lain semakin ragu, biar orang –orang Islam mempunyai pemikiran kalu ada yang salah dengan Islam, dibuktikan dengan orang-orang yang tadi masuk Islam, akan tetapi banyak juga yang keluar dari Islam.


7. Pean-pesan orang Yahudi Kepada Umatnya.

“Ojo podo percoyo nak ono wong ngomong, bakal ono Nabi. Kwi kabar bohong, kalian semua percayalah kabar adri golongan kalian”


Lalu turunlah Q.S Ali Imron, Ayat 73, ingkang intine:


(Kanjeng Nabi didawuhi supoyo dawuh:

“Sak benere pituduh kang yekti iku pituduh’e Allah Ta’ala. Lan supoyo dawuh yen kanugerahan iku ono ing Astane Allah Ta’ala. Allah Ta’ala maringaken kanugerahan mau marang sopo wae kang dikersa’ake)”


8. Allah menghendaki Rahmatnya akan diberikan kepada sinten mawon ingkang dikehendaki.


Ex: Orang yang sudah mendapatkan Rahmat dari Allah, maka tidak aka nada sesuatu yang mencegah Rahmat tersebut. Begitu juga sebaliknya, orang tersebut tidak akan bisa menolak Rahmat dari Allah tersebut.


9. Tidak semua Ahli Kitab itu orang yang Munafiq, ada juga yang baik. Dan biasanya Ahli Kitab ingkang sae wau sing bakal mlebet Islam.

Ex: Abdullah Bin Salam (orang Yahudi yang amanah dan akhirnya masuk Islam).


10. Ahli Kitab Punya Keyakinan.


“Jika mereka melakukan perbuatan buruk dan jahat, berbohong dan tidak amanah kepada orang selain dari golongan mereka. Mereka menganggap perbuatan mereka tidaklah apa-apa”


11. Berbeda dengan ajaran Islam.

Di Islam tidak ada ajaran maupun keyakinan seperti orang yahudi tadi.


Di Islam, meskipun ada orang yang dititipi Amanah dari golongan selain Agama Islam, maka orang tersebut harus tetap menjaga Amanah tersebut.


12. Tidak dibenarkan jika kita berkhianat kepada golongan selain golongan kita.


13. Ketika kita sudah menjadi Hamba Allah. Maka kita sudah harus siap dengan janji-janji Allah, kita sudah harus siap dengan larangan-larangan Allah dan juga harus siap dengan perintah-perintah Allah.


Ex: Wayahe Nikah yo Kudu Nikah.

Wayahe jual-beli, yo kudu nggowo aturan’e Allah tentang Jual-Beli, dll.


14. Jangan sampai Sumpah-sumpah dan Janji-janji Allah di ijolke dengan harga yang Murah.


Ex: Misal ono wong sing biasane enteng banget ngomong “Demi Allah aku ora ngapusi, Sumpah Atas Nama Allah, Wallahi, dll” dengan tujuan untuk mencari meyakinkan maupun biar dipercaya oleh orang lain, padahal dia sedang berbohong dengan sumpah Allah tersebut. Maka orang seperti itu nanti Allah tidak akan peduli dengannya.


15. Sekecil apapun Amanat dari seseorang. Harus wajib kita sampaikan.


16. Ingat di Dunia ini kita hanya sebentar. Sebentar lagi kita akan sowan menghadap Allah Ta’ala.


17. Mudah-mudahan kita dikuatkan Allah Ta’ala, dalam kondisi terhnimpit seperti apapun.


18. WAllahu A’lam Bisshowaab.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kamis, 29 Maret 2018. JAMUNA. MBAH MUNIF ZUHRI. Girikusumo. Mranggen. Demak.

KISAH NYATA: BANG TATTO. Dikisahkan oleh Mbah Munif Zuhri Girikusumo

Kamis. 1 Februari 2018. JAMUNA. Girikusumo. Mranggen. Demak. Mbah Munif Zuhri.